You are on page 1of 2

TEMBANG PANGKUR

WIMBUH KAWRUH

Nalika nembangake tembang macapat ana paugeran kang kudu digatekake. Paugeran kang
tinemu ing tembang macapat ing antarane yaiku :

1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang

2. Cengkok yaiku lak-luk ing swara kanggo nglagokake tembang

3. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.

Ing musik tradisional Jawa laras kaperang dadi loro yaiku laras slendro lan pelog

4.Titi laras yaiku angka minangka gantine laras [swara cendhek tekan swara dhuwur].

Titi laras slendro iku 1 2 3 5 6 [ ji ro lu ma nem ]

Titi laras pelog iku 1 2 3 4 5 6 7 [ ji ro lu pat ma nem pi ]

TEKNIK PENULISAN TEMBANG PANGKUR

GATRA GURU WILANGAN GURU LAGU

1. - - - - - - - - (8) a

2. - - - - - - - - - - - (11) i

3. - - - - - - - - (8) u

4. - - - - - - - (7) a

5. - - - - - - - - - - - - (12) u

6. - - - - - - - - (8) a

7. - - - - - - - - (8) i
SAWISE DIGAWE NGENGRENGAN NGISI CECEG-CECEG

Tuladha :

3 5 5 5, 5 5 3 3

1. Sem ka si ji Ka rang a nyar [8a]

3 5 5 6, 1 1 1 1 2, 3 21

2. Ka beh mu rid ter tib u ga di si plin [11 i]

5 6 1 1 1 1 2 2

3. Ang go ne pa dha si na u [8 u]

1 6 5, 5 5 5 45

4. Sa ben e suk lan a wan [7 a]

5 5 5 6, 6 1 1 1 1 2 3 3

5. Kang go mu jud ke ge ga yuh an kang lu hur [12 u]

6 1 1 1 1 1 1 1

6. Wis trep a na ing Se ko lah [ 8 a]

1 2 3 1 2 3 3 21

7. S M K Ne ge ri si ji [8 i]

Tugas :

Coba gaweha cakepan /lirik tembang Pangkur nganggo basamu dhewe,

Titi laras [not] bisa kaya tuladha ing ndhuwur kanthi “ Tema Pendidikan “ !

You might also like