You are on page 1of 1

TUGAS

PIDATO BASA JAWI

Assalamu ‘alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

- Engkang kinormatan bapak Kepala Sekolah MAN Blora


- Engkang kinormatan bapak / ibu guru sekolah MAN Blora
- Engkang kinormatan bapak / ibu karyawan Staf TU MAN blora
- Engkang kulo tresnani lan kulo banggakan ketua OSIS, pengurus osis lan
sedoyo siswa – siswi MAN Blora

Alhamdulillahirobbil’alamin wassolatu wassalamu ala sayidina Muhammadin wa’ala alihi


wasohbihi ajma’in amabakdu.

Dumateng poro rawuh engkang kinormatan, monggo sami muji syukur dumateng
Gusti Alloh SWT. Sebab kito tasih dipun rohmati lan dipun hidayahi dening Alloh
SWTgesang engkang kebak kanugrahan, mugi kito sedoyo dipun anugrahi gesang
engkang istiqomah, barokah lan khusnul khotimah.
Lan monggo maos sholawat soho salam kito aturake konjuk dateng junjungan
Nabi Agung Muhammad SAW, engkang tansah kito ajeng-ajeng syafa’atipun sak
mangke ngantos dumugi ndelahan, amiin – amiin yarobbal’amiin.
Poro rawuh tamu undangan engkang kinormatan, wonten pepanggihan meniko
sak lebetipun wulan maulud, sekolah kito MAN Blora, ngawontenakaen peringatan
maulud Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi mangke sakbakdanipun ngawontenaken
peringatan maulud Nabi Muhammad SAW. Siswa-siswi MAN Blora, saget ningkataken
sopan-santunipun, kesopananipun, tandang-tandukipun, belajaripun, kesolehan-
kesolekahanipun, sahinggo saget ndeder siswa-siswi MAN Blora dados tiang enkang
luhur bebudenipun lan tembe mburinipun saget murakabi samu barang kardi, soho
migunani tumrap keluargo bebrayan, agomo, nuso lan bongso, cekak aosipun siswa-
siswi MAN Blora dados manungso engkang pinunjul, berakhlakul karimah, berilmu,
berketrampilan, mandiri, beriman lan bertaqwa dumateng Alloh SWT. Amiin
yarobbal’alamiin.

Poro rawuh engkang kinormatan, makaten sesorah sambutan saking kulo, mbok
bilih wonten klinta-klintunipun atur kulo, kulo nyuwun agungipun samodro pangaksomo.
Cekap semanten maturnuwun.

Wssalamu ‘alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Blora, 08 Januari 2015


Hormat Kulo

FADEL MUHAMMAD SUPRIYO AL KAUTSAR


Siswa Klas II IPS MAN Blora

You might also like