You are on page 1of 6

USBN SMP SWASTA KABUPATEN SIDOARJO TAHUN PELAJARAN 2018-2019

Mata Pelajaran: Bahasa Jawa (Berbasis Komputer/Online)

Kelas : IX

Waktu : 90 menit

I. Teks ing ngisor iki wacanen sing premati, sabanjure wangsulana pitakon-pitakon kanthi
milih wangsulan sing paling bener!

Sendang Biru

Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu
Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30
kilo meter.

Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang
sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen
nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyawang
menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing
Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang
banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir
Sendang Biru.

Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing
kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau
sewan.

Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi
utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang – Turen – Sendang Biru.

(Sumber: http://www.easjava.com kanthi owah-owahan).

1. Pesisir Sendang Biru kuwi salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang. Tembung
wewengkon tegese…
a. bagean.
b. panggonan.
c. wilayah.
d. dunung.

2. Isine paragraf siji yaiku…


a. Pesisir Sendang Biru.
b. Panggonane Pesisir Sendang Biru.
c. Pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang.
d. Jarak Pesisir Sendang Biru saka Malang.

3. Diarani Pesisir Sendang Biru jalaran…


a. wernane banyu segara katon biru.
b. pemandhangane katon biru.
c. ana sumber sing banyune biru.
d. wedhine katon biru.
4. Fasilitas sing sumadiya ing Sendang Biru yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba…
a. prau sewan.
b. panginepan.
c. travel.
d. omah jaga.

5. Ukara sing kalebu bagean idhentifikasi yaiku…


a. Ing Sendang Biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga,
lan prau sewan.
b. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa
kendaraan umum.
c. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan
Sumbermanjing.
d. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata.

6. Salah sijine tembang macapat yaiku…


a. megatruh.
b. wirangrong.
c. balabak.
d. jurudemung.

7. Watake tembang macapat Dhandhanggula yaiku…


a. guyon, parikan.
b. sedhih, getun.
c. gandhes, luwes, wasis.
d. nesu.

8. “Pamintaku nimas sida asih”, pethikan tembang Asmaradana kasebut, guru wilangan lan guru
lagune…
a. 10 h.
b. 10 i.
c. 9 a.
d. 9 i.

9. “Nuhoni trah utama”, tembang sagatra iki guru wilangan lan guru lagune…
a. 8 a.
b. 7 a.
c. 8 u.
d. 9 a.

10. Sajrone pidhato, nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi
gegayuhane bisa kaleksanan iku klebu ing perangan…
a. salam pambuka.
b. purwaka.
c. pangarep-arep.
d. panutup.

11. Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula
matur nyuwun sih agunging samodra pangaksami. Perangan pidhato kaya kasebut klebu…
a. Surasa basa.
b. Wasana basa.
c. Purwaka basa.
d. Pangarep-arep.
12. Pawongan kang kajibah ngatur lumakuning adicara pawiwahan manten diarani…
a. Pranata adicara.
b. Pamedhar sabda.
c. Paniti swara.
d. Paminta sraya.

13. Basa rinengga, uga diarani…


a. basa endah.
b. basa kang direka.
c. paramasastra.
d. titi basa.

14. Obah mosike praen nalika maragakake teks drama diarani…


a. interpretasi.
b. ekspresi.
c. olah tubuh.
d. olah vokal.

15. Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir
diarani…
a. tema.
b. tokoh.
c. plot.
d. amanat.

16. Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sifat lan perilaku tokoh sing kudu
diparagakake, latar/setting nalika kadadean lumaku ing teks drama wujude…
a. gancaran.
b. dialog.
c. puisi.
d. geguritan.

17. Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani…
a. antagonis.
b. figuran.
c. panyengkuyung.
d. protagonis.

18. Naskah sing dadi pedhoman ana ing pementasan drama diarani…
a. naskah drama.
b. skenario drama.
c. unsur drama.
d. teks drama.

19. Struktur teks drama sing arupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani…
a. tema.
b. tokoh.
c. alur.
d. amanat.
20. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut, yaiku…
a. pambuka, panutup, isi.
b. pambuka lan isi.
c. pambuka, isi, panutup.
d. isi, pambuka, panutup.

21. Rakitane tetembungan kang runtut swarane diarani…


a. purwakanthi guru swara.
b. purwakanthi guru sastra.
c. purwakanthi guru lagu.
d. purwakanthi lumaksita.

22. Rakitane tetembungan kang runtut sastrane diarani…


a. purwakanthi guru swara.
b. purwakanthi guru sastra.
c. purwakanthi guru lagu.
d. purwakanthi lumaksita.

23. Rakitane tetembungan kang runtut basa/tembunge diarani…


a. puwakanthi guru swara.
b. purwakanthi guru sastra.
c. purwakanthi lagu.
d. purwakanthi lumaksita.

24. Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
diarani…
a. tembang macapat.
b. tembang dolanan.
c. geguritan.
d. gancaran.

25. Puisi basa Jawa gagrag anyar kang ora kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu, nanging ngugemi rasa kaendahan diarani…
a. tembang macapat.
b. tembang dolanan.
c. geguritan.
d. gancaran.

26. Geguritan kanthi struktur teks…


a. ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
b. kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
c. kaiket guru gatra lan guru lagu.
d. kaiket guru gatra lan guru wilangan.

27. Jinis ragam basa manut panganggone sing trep miturut unggah-ungguh yaiku…

a. Basa formal-basa informal.


b. Basa tulis-basa lisan.
c. Basa ngoko-basa krama.
d. Basa gancaran-basa sastra.
28. Ragam dialek Surabayan, Bojonegaran, Malangan, lan sapanunggalane, ragam basa sing
ditilik saka…

a. panganggone.
b. wilayahe.
c. sapa sing nganggo.
d. situasine.

29. Ragam basa formal lan informal, ragam basa sing dititik saka…
a. panganggone.
b. wilayahe.
c. sapa sing nganggo.
d. situasine.

30. Nalika ketemu wong sepisanan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi
salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadhon. Ukara iki yen dititik saka ragam
basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa…
a. basa ngoko lugu.
b. basa ngoko alus.
c. basa krama lugu.
d. basa krama alus.

31. Wonten pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadhahi pranatan ingkang mligi, ingkang
kawastanan tata krama. Ukara iki yen katitik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu
ragam basa…
a. basa ngoko lugu.
b. basa ngoko alus.
c. basa krama lugu.
d. basa krama alus.

32. Ukara ing ngisor iki sing paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku…
a. Kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih Ibu.
b. Kula empun nedha arta, nanging dereng disukani kalih Ibu.
c. Kula sampun nedhi yatra, ning dereng disukani kalih Ibu.
d. Kula empun nedhi yatra, nanging dereng diparingi Ibu.

33. Tujuwan disusun pedhoman wawanrembug kaya ing ngisor iki, kajaba…
a. Supaya anggone nindakake wawanrembug runtut lan ganep.
b. Supaya ora ana pitakonan kang kliwatan.
c. Supaya wawanrembug ora lumaku suwe.
d. Supaya wawanrembug lumaku lancar lan mawa arah.

34. Wong sing dijak wawanrembug priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike…
a. basa ngoko lugu.
b. basa krama lugu.
c. basa ngoko alus.
d. basa krama alus.

35. Sing klebu tuladhane ukara tanduk yaiku…


a. Krupuk puli iki diproduksi wiwit aku isih cilik.
b. Pak Tarno nampa pesenan kripik gedhang sawayah-wayah.
c. Pesenan dakkirim seminggu sepisan.
d. Rempeyek kacang prodhuk sing paling disenengi pelanggan.

36. Sing klebu tuladhane ukara tanggap yaiku…


a. Aku mrodhuksi dhewe krupuk puli iki ing omah.
b. Pak Tarno ngirim kripik gedhang sawayah-wayah.
c. Aku ngirimi pesenan seminggu sepisan.
d. Rempeyek kacang prodhuk sing paling disenengi pelanggan.

37. “Sidoarjo, 25 Maret 2019” pethikan layang kasebut klebu perangan…


a. adangiyah.
b. paprenah.
c. papan lan titi mangsa
d. bebuka.

38. Ing ngisor iki gunane basa krama ing pasrawungan kajaba…
a. Kanggo cecaturan antarane wong enom marang wong tuwa.
b. Kanggo cecaturan kanca karo kanca raket.
c. Kanggo cecaturan antarane abdi marang bendarane.
d. Kanggo cecaturan ibu marang bapak.

39. Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani layang…


a. layang lelayu.
b. layang pribadi.
c. layang dhawuh.
d. layang paturan.

40. Prenahe sesambungan antarane sing ngirim layang lan sing dikirimi layang, mapan ing
perangan…
a. bebuka.
b. surasa basa.
c. adangiyah.
d. peprenah.

You might also like