Professional Documents
Culture Documents
Tembang, Batik Lan Budaya Jawa
Tembang, Batik Lan Budaya Jawa
Asslamu’alaikum wr wb.
Nuwun
Dumateng para rawuh kakung putri wredo muda minulya.Wonten ing titi wanci
menika, sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha
Kuasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged
makempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan, salebetipun
pahargyan ing dinten punika.
Wonten ing jaman sapunika nilai budaya sampun ewah saking pakemipun,
amerga arus globalisasi. Para generasi muda kathah ingkang anganggep bilih budaya
jawa menika ketinggalan, kuna , lan ora njamani. Langkung-langkung bilih nilai ingkang
wonten pranata masyarakat jawa kathah ingkang boten dipun mangertos. Masalah
menika saged dipun cegah, bilih tuwuhipun dipun wiwiti saking lingkungan keluarga,
masyarakat lan bangsa. Kabudayan ingkang kula lan panjenengan mangertosi
sapunika, saged owah amerga jaman lan kondisi lingkungan sakiwa tengene. Salah
sijining cara kanthi nyegah babagan kasebut yaiku nglebetaken budaya kanthi formal,
kadosdene muatan lokal ingkang dipunwucalaken wonten TK, SD, SMP, SMA/SMK/MA
lan ngantos perguruan tinggi. Umpaminipun wonten SMP kita anampi mata pelajaran
Basa Jawa. Kathah ingkang saged dipun gladen kadosdene tembang, nulis jawa,
unggah-ungguh lan sanesipun.
Babagan wahu uga saged dipun gladen piyambak. Usaha kasebut saged dipun
tular kanthi wejangan, piwulang lan pendidikan utawa seni. Salah sijining wujud seni
ingkang saged dipun angge wonten keluarga antawisipun seni tembang. Pramila seni
tembang menika caket anggenipun lare-lare lan uga kathah wejangan, piwulang
ingkang saged dipun pendet saking tembang menika. Seni tembang ingkang caket
kangge lare-lare antawisipun cublek-cublek suweng, sluku-sluku bathok, jamuran, gula-
ganthi, jaranan lan sanesipun, nanging tembang menika kadose sampun dipun sisihake
amerga langkung seneng bilih mirengaken tembang-tembang moderen ingkang kirang
nilai pendidikanipun.
Mekaten anggen kula matur kathah galap gangsuling atur kitaling basa
kiranging subasita miyang tata krama kula nyuwun lumunturingsih samudra
pangaksami. Jagra hanggoro winangun sujana marjayeng westhi puwaro kasub kawaso
wasita jro wedha wuni. Sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti. Minangka
panutuping atur. Hayu rahayu raharjo niskala satuhu…nuwun