You are on page 1of 3

TEMBANG, BATIK LAN BUDAYA JAWA

Asslamu’alaikum wr wb.

Mahardikeng tyas ring kamardikan nugraha miwahsih wilasanipun gusti ingkang


maha agung mugi anggung sumangga wonten ing jiwanggo kita sawegung waradin
sagung dumadi raharjo niskala satuhu.

Nuwun

Ingkang kinurmatan kepala dinas pendidikan kota Semarang ingkang sampun


nyengkuyung Budaya Jawi kanthi adicara punika. Ingkang kinurmatan ketua MGMP
basa jawa kota semarang Sedya panitia lomba basa jawa ingkang kula hormati. Sedaya
dewan juri lomba pidato basa jawa ingkang kula hormati. Rencang-rencang sedya
SMP/Mts kota Semarang, sumangga kedah langkung greget ambangun pendidikan
kanthi kulitas ingkang mumpuni wonten kota ingkang katresnan punika.

Dumateng para rawuh kakung putri wredo muda minulya.Wonten ing titi wanci
menika, sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha
Kuasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged
makempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan, salebetipun
pahargyan ing dinten punika.

Para rawuh ingkang kula hormati

Kebudayaan ingkang dados warisan bangsa, kedah dipun sengkuyung kanthi


greget lan dipun junjung kanthi semangat muda. kautamanipun para siswa ingkang
mangkenipun kedah nggantosaken generasi sapunika. Agungipun bangsa kedah dipun
tingali saking adat istiadat lan kabudayanipun. Antaswisipun, Budaya Jawa ingkang
dados salah sijining kauripan bangsa Indonesia. Saking punika saged dipun tingali
tumindak olehe piker, unggah-ungguh lan pranatan masyarakat. Tatanan punika ngemu
nilai ingkang adiluhung.

Wonten ing jaman sapunika nilai budaya sampun ewah saking pakemipun,
amerga arus globalisasi. Para generasi muda kathah ingkang anganggep bilih budaya
jawa menika ketinggalan, kuna , lan ora njamani. Langkung-langkung bilih nilai ingkang
wonten pranata masyarakat jawa kathah ingkang boten dipun mangertos. Masalah
menika saged dipun cegah, bilih tuwuhipun dipun wiwiti saking lingkungan keluarga,
masyarakat lan bangsa. Kabudayan ingkang kula lan panjenengan mangertosi
sapunika, saged owah amerga jaman lan kondisi lingkungan sakiwa tengene. Salah
sijining cara kanthi nyegah babagan kasebut yaiku nglebetaken budaya kanthi formal,
kadosdene muatan lokal ingkang dipunwucalaken wonten TK, SD, SMP, SMA/SMK/MA
lan ngantos perguruan tinggi. Umpaminipun wonten SMP kita anampi mata pelajaran
Basa Jawa. Kathah ingkang saged dipun gladen kadosdene tembang, nulis jawa,
unggah-ungguh lan sanesipun.

Babagan wahu uga saged dipun gladen piyambak. Usaha kasebut saged dipun
tular kanthi wejangan, piwulang lan pendidikan utawa seni. Salah sijining wujud seni
ingkang saged dipun angge wonten keluarga antawisipun seni tembang. Pramila seni
tembang menika caket anggenipun lare-lare lan uga kathah wejangan, piwulang
ingkang saged dipun pendet saking tembang menika. Seni tembang ingkang caket
kangge lare-lare antawisipun cublek-cublek suweng, sluku-sluku bathok, jamuran, gula-
ganthi, jaranan lan sanesipun, nanging tembang menika kadose sampun dipun sisihake
amerga langkung seneng bilih mirengaken tembang-tembang moderen ingkang kirang
nilai pendidikanipun.

Tembang Sluku-Sluku Bathok

Sluku- sluku bathok


Bathoke ela- elo
Si rama menyang Sala
Leh- olehe payung motha
Mak jenthit lo lo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleka dhuwit

Tembang menika sampun jarang dipun pirengake lare-lare samenika kang


mangka, kathah nilai ingkang saged dipun pendet. Nilai wahu kadosdene kaguyuban,
sportifitas lan sanesipun.

Kangge nyengkuyung budaya jawa samenika kathah carane. Kita uga


mengertos bilih kerajinan batik jawa, sampun nyacah wonten masyarakat. Tuwa
mudha, jaler estri kathah ingkang ngagem ageman menika, nanging kita uga njaga
unggah-ungguhipun. pramila boten trep bilih ngangge batik nanging polahipun boten
sae. Saking mrika, sumangga kedah langkung seneng dhumateng batik lan tembang,
umumipun budaya jawa.

Mekaten anggen kula matur kathah galap gangsuling atur kitaling basa
kiranging subasita miyang tata krama kula nyuwun lumunturingsih samudra
pangaksami. Jagra hanggoro winangun sujana marjayeng westhi puwaro kasub kawaso
wasita jro wedha wuni. Sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti. Minangka
panutuping atur. Hayu rahayu raharjo niskala satuhu…nuwun

Wassalamu”alaikum warohmatuloohi wabarokatuh

You might also like