Professional Documents
Culture Documents
KD. Gamelan
KD. Gamelan
Gamelan iku salah sijiné seini musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia
utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhéwé iku
asalé saka basa Jawayaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku
saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa
tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing
saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah
lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural,
mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran
gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané
Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasi saka cahya
rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis
kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan
biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-
uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt
gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
Fungsi
a. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal
digolongaké dadi telung klompok, yaiku :
Klompok ricikan balungan, yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané
kuwi cedhak banget karo rangka gendhing (balungan gendhing).
Ricikan utawa instrument gamelan ing kelompok iki, yaiku;
1) Saron
Saron iku salah siji perangkat
gamelan Jawa sing ditabuh. Saron
iku diso'ake langsung ing wilah
kayu ing loro sisi ngisore.Saron
bentuké kaya
lèmpèngan emas kang disusun ing kayu.Saben lèmpèngan nduwèni
titilaras kang béda. Ana 3 jinis saron yaiku:
Demung
Saron Barung
Saron Panerus
3) Rebab
4) Kendhang
5) Gendèr
6) Bonang
Bonang Panerus
7) Siter
8) Suling
Suling iku salah siji piranti musiksing
disebul. Fungsiné kanggo tambah swara-
swara ing melodi. Ing musikgamelan
Jawa, suling iku nduwé 2 laras
yaiku:Slendro lan Pélog. Piranti musik
suling iki uga lumrah dianggo
inggamelan Sundha.
Digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter. Swara
suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan
angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga
angin sing digeteraké.
9) Gambang
Gambangiku salah
siji perangkat gamelan
Jawa, lan gamelan Bali uga
ing instrumèn musik liya kaya
déné kulintang, sing
digawé saka wilah-wilah kayu sing umumé cacah 17 nganti 21
wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing sadhuwuring
kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan
sijiné, wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku
sing dilebokaké ing bolongan sing cacahé loro saben wilah.
Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede
lan wilahedigawe saka kayu sing atos banget. jaman mbiyen ana
gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning
saiki wis ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm
nganti 58 Cm, sing ukurane luwih gede iku nduwe nada swara
luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20 wilah.
Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan
liyane yaiku kira-kira 35 Cm.
1. Kethuk
2. Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh.
Kempyang iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan,
dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
3. Kenong
4. Kempul
5. Gong
6. Kecer