You are on page 1of 3

REMIDI BHS.

JAWA

1.       Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu
guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten
katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing
karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun
Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi
pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                   e.  pambagya harja
c.        wasana basa
2.       Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah
cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran.
Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming
bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                   e.  pambagya harja
c.        wasana basa
3.       Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang
prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula
nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten sakageng-
agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a.       purwaka basa                                              d.  salam pambuka
b.       surasa basa                                   e.  pambagya harja
c.        wasana basa
4.       Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?

Panjeriting lintang wengi


Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …

a.       lintang kang njerit                               d. langit kang kebak mendhung


b.       swasana kang peteng                         e. ora katon srengenge
c.        lintang kang abyor

5.    Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku

a.       kringet                                            d. angin
b.       getih                                                               e. geni
c.        sirah
6.    Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….
a.       Rasa seneng                                                 d. rasa miris
b.       Rasa kangen                                                e. rasa tresna
c.        Rasa kaget
7.    Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….
a.       Rasa seneng                                                 d. rasa miris
b.       Rasa kangen                                                e. rasa tresna
c.        Rasa kaget
8.    Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …
a.       kluwarga                       d. pitutur kang becik
b.       lingkungan                    e. panguripan
c.        kabudayan
9.    Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi
utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a.       Tanggap wacana                                                         d. wara-wara
b.       Kampanye                                                                   e. sayembara
c.        Atur-atur
10.    Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen kang
dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a.       Sesirah (judul)                                                              d. Surasane wedharan
b.       Tema                                                                             e. Basa
c.        Subtema
11. Karepe bocah nyebar dhuwit ning upacara tedhak siten yaiku,
a. Bocah saged ngliwati tantangan ning uripipun
b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane
c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njerouripe bisa kacukupan awit saka pakaryane awit saka
pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik
d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek pangan
e. Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung
12. Ing ngisor iki tuladh upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kajaba
a. Ruwatan
b. mudhun lemah
c. Karnaval
d. Mantenan
e. Larung sesaji

13. Piranti kanggo upacara adat tedhak siten yaiku, kajaba


a. Pengaron sing diisi kembang setaman
b. Kurungan
c. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
d. Udhik-udhik utawa dhuwik logam dicampur kembang
e. Andha pring “Arjuna”
14. Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake
a. Wulan Januari
b. Wulan April
c. Wulan Besar
d. Wulan Sura
e. Wulan Desember
15. Upacara adat tingkeban yaiku mengeti calon jabang bayi nalika umur
a. 4 wulan
b. 5 wulan
c. 6 wulan
d. 7 wulan
e. 8 wulan

You might also like