You are on page 1of 7

TEKS EKSPOSISI GAMELAN

[tk\E[sPosisigmeln\

Ing panulisan sawijining wacana iku ana kang diarani wacana eksposisi. Apa
pangertene wacana eksposisi iku?
Wacana/teks eksposisi yaiku wacana kang ngupaya mbabarake lan medharake
sawijining topik saengga bisa njembarake kawruhe pamacane.
Wacana eksposisi mbeberake anane analisa proses nganggo cara narasi utawa cerita
mila diarani narasi ekspositoris, awit ancas kang tinuju yaiku cethane katrangan
ngenani sawijining prastawa kang dibeberake tanpa didhasari supaya pamaos bisa
nampa utawa narima apa kang ditulis (argumentasi). Pamaca ora dipaksa nrima
perkara apa kang ditulis dening panulis. Ananing saora-orane pamaca mau mangerteni
lan nduweni tambahan pamahaman saka panemune dhewe ing wacan.
Nulis Wacana Eksposisi
Sarat-sarat kang kudu digatekake sadurunge nulis wacana eksposisi
1. Nduweni pamahaman kang cukup ngengingi objek kang arep ditulis.
2. Bisa mantha-mantha/nganalisa lan njlentrehake sacara cetha objek kang ditulis
3. Bisa nuwangake ing basa kang bisa dimangerteni.
Topik utawa parembagan ing wacana eksposisi bisa ngengingi proses dumadine bab,
cara nglakokake sawijining teknik, lan njlentrehake kanthi cetha sawijining bab tartamtu.
Sadurunge miwiti nulis, becike nemtokake topik ndhisik, banjur lelandhesan topik mau
digawe cengkorongane (kerangka tulisan).
Umpamane topik ngengingi gamelan. Apa-apa underan kang gegayutan karo bab
gamelan bisa diterangake kayata:
1. Pangerten gamelan
2. Sujarah gamelan
3. Jinis gamelan
4. Parembakan gamelan ing jamane
5. Aji/aos budaya gamelan jumbuh ing jaman saiki

Ana pirang-pirang metodhe kang bisa dienggo kanggo nggancarake


tulisan/paragraf eksposisi, yaiku:
1. Metode Identifikasi yaiku kanthi cara nganggep tulisan iku minangka wangsulan
saka pitakon “apa iku?” lan “sapa iku?”.
2. Metode Perbandingan yaiku kanthi cara nandhingake bab kang padha lan bab
kang beda antarane rong objek.
3. Metode Ilustrasi yaiku kanthi cara menehi gambaran kang luwih mligi utawa
konkret saka prinsip utawa gagasan kang sipate isih umum.
4. Metode Klasifikasi yaiku proses alamiyah nglompok-nglompokake pangalaman-
pangalaman manungsa lan disusun sacara rapi.
5. Metode Definisi yaiku cara nampilake tulisan kanthi cara menehi wewatesan
pangerten, biasane nganggo tembung “yaiku....”
6. Metode Analisa yaiku kanthi cara mantha-mantha objek manut komponen-
komponen utawa bageyan-bageyane.
a. Analisa Bagian
b. Analisa Fungsional
c. Analisa Proses
d. Analisa Kausal

Tuladha wacana eksposisi:


GAMELAN
gmeln\

Gamelan Jawa iku salah siji warisan budaya leluhur kang adiluhung. Sacara
mirunggan, gamelan yaiku saprangkat piranthi musik (ungel-ungelan) tradhisional
kanthi cacahe piranthi kang akeh. Ing saprangkat gamelan jangkep cacahe piranti
watara 75 alat sing didolanake 30 niyaga (penabuh), kang diiringi 10-15 sinden utawa
gerong. Gamelan kang didolanake bebarengan ungel kang kaasilake diarani gending.
Miturut mitologi Jawa, medharake dene reriptane gamelan iku saka gamelan
nada 3, nada 5 (slendro), lan nada 7 (pelog). Kacaritakake Sang Batara Guru (Dewa ing
dharat) nyipta genta cacah siji kanggo ngumpulake dewa-dewa ing sidang para dewa.
Kanggo ngiring rawuhe para dewa banjur nyiptakake rong genta maneh. Gamelan saka
telung genta iku diwastani monggang utawa lokananta. Susunane isih luwih ringkes
merga tanpa saron-saron kang minangka balunganing gending. Saiki, gamelan
lokananta dinggo kanggo iringan jumenengan nata, tamu agung, lan lampahe raja ing
pasowanan agung.
Gamelan nada 5 iki nadane slendro. Kacipta
dening Bathara Endra saka dawuhe Bathara Giri
Nata minangka hadiyah kanggo Sri Maharaja Kano
saka negeri Purwacarita. Mila diwastani slendro
saka tembung Surendra. Gegayutan karo tembung
slendro, ana uga kang nyebutake slendro iku saka
jeneng dinasti Raja Sailendra kang kondhang kaloka
kanthi wewangune Candi Borobudur (abad VIII – IX
M). Mila gegambaran tatahan relief tembok candi
nggambarake anane alat-alat musik Hindu-Budha
memper gamelan. Dene gamelan nada 7 iku kacipta
dening raja Jayabaya ing Krajan Kediri lan Prabu
Banjaransari saka Pajajaran.
Miturut gunane saben piranti, fungsi piranti gamelan kapantha dadi papat yaiku:
 Pamangku irama tegese piranti gamelan kanggo ngungelake bakening
irama/tempo kayata: gong gedhe, gong suwukan, kempul, kethuk-
kempyang, lan kenong.
 Pamangku lagu tegese piranti gamelan kanggo ngungelake lagu pokok.
Pirantie yaiku Saron-saron, kayata saron barung, saron demung (kanggo
oktaf rendah), saron slenthem (kanggo oktaf luwih dhuwur), lan bonang
penembung minangka pamangku lagu pokok.
 Pamurba lagu tegese piranti gamelan kang gunane kanggo murba/pepaes
lagu pokok kayata: saron penerus, saron peking, gender barung, gender
penerus, bonang penerus, lan dijangkepi nganggo siter/celempung.
 Pamurba irama tegese piranti gamelan kang gunane kanggo
murba/pepaes irama kayata: Kendhang. Kala-kala ana kang mbiyantu
nganggo keprakan tlapak tangan kanggo ngramekake irama.
Miturut nada utawa iramane, gamelan dipantha dadi 2 yaiku gamelan slendro lan
gamelan pelog. Gamelan slendro nadane 5, notasine yaiku 1 2 3 5 6. Dene gamelan
pelog nadane 7, notasine yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Interval utawa swarantara nada ing
gamelan Jawa iku beda karo interval barat mula, nada kang diasilake gamelan ugi ana
ciri khas/rasane dhewe kang beda. Mula ana sesebutan liyan gamelan iku ‘gangsa’
kang tegese ‘gegandulaning rasa’, yaiku rasa kang jumbuh karo gesanging bebrayan
Jawa.
Miturut bahane, gamelan dipantha dadi 2 yaiku saka bahan logam lan non-
logam. Logam kaya gong, bonang, slenthem, kethuk, kenong, kempyang, lan siter.
Kang dudu saka logam yaiku saka kayu lan kulit kaya kendhang, suling, rebab,
gambang, siter, sarta ketipung. Kabeh kang digawe saka non-logam ditabuh kanthi cara
alus.
Kang kudu dimangerteni dene kabeh tetabuhe (alat tabuh), ing sisih njabane
dilapis karet utawa benang kajaba saron lan peking saka kayu/sungune kebo kang rosa
utawa atos banget. Mila anggone nabuh saron lan peking uga kudu rosa beda karo
liyane. Gegemane kabeh nganggo kayu.
Wujude piranti gamelan miturut gunane bisa kagambar ing tabel ngisor iki.

I. PAMANGKU IRAMA
NO JENENG WUJUD KATRANGAN
1. Gong Ageng Yaiku piranti kang kagawe saka
perunggu bunder diameter 1 m,
warna rada ireng. Nadane paling
cendek. Gunane kanggo wewates
akir guru lagu siji lan liyane ing
sajrone gending (gongan).

2. Kempul Yaiku piranti kang wujude memper


gong diametere watara ½ m.
Cacahe 6 -10 kempul (saben
laras). Nadane luwih dhuwur saka
gong. Gunane kanggo pathokan
lagu pokok ing gending.
3. Kethuk- Yaiku piranti kang wujude pencon
kempyang anangin ukurane luwih dhuwur.
Disokake ing anjang-anjang tali.
Ngasilake ungel “thuk”, tanpa
gaung amarga nabuhe kanthi
ditahan. Bedane kethuk karo
kempyang iku ana ing larase.
4. Kenong Yaiku piranti kang wujude memper
kethuk, anangin ukuran lan cacahe
beda. Cacahe pencu ana 12 (5
slendro lan 7 pelog). Gunane
kanggo mbentuk irama dhasar.
Ditabuh ing saben pungkasan bait.
II. PAMANGKU LAGU
5. Saron Asal tembung demung yaiku
Demung ‘gandem + unggul’ tegese
ndolanake kanthi bener lan sero
katandhing karo swara piranti
liyane. Saron kang paling gedhe
lan nadane paling cendhek.
6. Saron Barung Yaiku piranti awujud wilahan
perunggu kang disusun jejer ing
sanduwure kotak kayu. Gunane
kanggo ndolanake lagu pokok. Iki
jinis tengahan antara saron
demung lan peking.
7. Slenthem Saron slenthem iku bentuke saka
wilahan kuningan kang disokake
ing tali ayunan, ngisore ana
silinder kanggo gema. Ing
golongan saron, iki nduwe oktaf
paling ngisor.
8. Bonang Yaiku piranti bonang paling gedhe.
Penembung Slendro ana 10 pencon lan pelog
ana 14 pencon. Gunane kanggo
nuduhake arah gending, pindah,
utawa mbaleni. Nadane paling
cendhek.

III. PAMURBA LAGU


9. Saron Penerus Saron panerus yaiku piranti sing
diso'ake langsung ing wilah kayu
ing rong sisine.

10. Saron Peking Saron peking yaiku piranti sing


diso'ake langsung ing wilah kayu
ing rong sisine (padha sarong
penerus) ning iki ana ing laras
slendro.

11. Gender Yaiku piranti awujud 14 - 15


Barung wilahan perunggu kang dijejer urut
ing iketan tali. Sangisore wilahan
ana resonator saka pring. Gunane
kanggo pepaes/variasi lagu ing
gending.
12. Bonang Padha karo bonang panembung
Penerus ananging dhapure pencon luwih
cilik tinimbang bonang barung.
Jinise uga ana slendro lan pelog.
Cara nabuhe mung nerusake
bonang barung.
13. Gambang instrumèn musik liya kaya
déné kulintang, digawé saka wilah-
wilah kayu kang lumrahé cacah 17
nganti 21 wilah. Ditumpangaké ing
sadhuwuring kothak pasagi dawa
kang gunané kanggo résonansi
(nggedhèkaké swara).
14. Siter / Yaiku siji-sijine piranti pethik.
celempung Bentuke trapesium kanthi
pantengan senar saka rambut
bunthut jaran sanduwure kothak
kayu kang dibolongi. Gunane
kanggo ngolah lagu pokok kanthi
swara gumrincing.

IV. PAMURBA IRAMA


15. Kendhang Yaiku piranti musik bentuk tabung
saka kayu kang ditutup nganggo
kulit kewan minangka sumber
geter (membran). Ditabuh
nganggo kombinasi antara
tlapakan karo driji, dadi ora
nganggo tabuh. Ing musik
modhèren, piranti iki digolongaké
piranti perkusi. Kendhang
disèlèhaké ing wadhah panyangga
saka kayu kang wujudé mèmper
huruf Y. Ing gamelan fungsiné
kanggo mimpin lan ngarahaké
musik.

You might also like