You are on page 1of 5

SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) 1

Tanda Tangan Muatan Pelajaran : B. Jawa Paraf


Wali Murid Kelas : VI (enam) Guru
Hari/Tanggal : ....
Waktu : 90 menit
............. Nama : ......................

Nilai
B. Jawa
KD. 3.1 KD. 3.2

B. Jawa KD. 3.1


Wacanen teks ing ngisor kanthi patitis kanggo soal nomer 1 – 8 !
Nasibmu, Nasibku, Lan Nasibe Anak Putu
Kang Sabar pancen cocok karo jenenge. Polatane tansah sumringah, mesem gumuyu, tanpa
ana tandha-tandha brangasan babar pisan. Senajan uripe ya mungdadi wong ndesa omahe pinggir
alas jati, nanging dheweke nduweni gegayuhan sing luhur yaiku arep nyekolahke anak-anake sing
sak dhuwur-dhuwure. Mesthine manut kekuwatan sing ana dhiri-pribadhine Kang Sabar, pamrihe
aja nganti anak-anake mbesuk uripe mlarat kaya sing dialami.
Kang Sabar lan kabeh warga ing desane uripe pancen njagaake asil saka alas. Yen arep ana
bukakan alas, Pak Mantri mesthi nekani daleme Pak Lurah saperlu njaluk palilah lan bantuan
warga desa mligine marang Kang Sabar sing wis kulina mbantu perhutani ngramut jati ing alas.
1. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur?
A. Nasibmu, Nasibku, lan Nasibe Anak Putu.
B. Kang Sabar pancen cocok karo jenenge.
C. Gegayuhan luhur Kang Sabar.
D. Urip ing pinggir alas.

2. Kepriye pasuryane Kang Sabar?


A. Sumringah
B. Brangasan
C. Nelangsa
D. Ala

3. Apa gegayuhane Kang Sabar?


A. Mbantu perhutani ngramut jati
B. Mbukak alas karo warga dasa
C. Dadi wong ndesa pinggir alas
D. Nyekolahke dhuwur anake

4. Pak Mantri yen arep ana bukakan alas perlu njaluk palilah sapa?
A. Kang Sabar
B. Warga desa
C. Pemerinah
D. Pak Lurah

5. Sapa sing wis kulina mbantu perhutani ngramut jati ing alas?
A. Pak Lurah
B. Pak Mantri
C. Kang Sabar
D. Anake Kang sabar

www.koleksisoalsd.blogspot.com
6. Gagsan baku paragraf pertama yaiku...
A. Uring tentrem ing pinggir alas.
B. Sekolahe anake Kang Sabar dhuwur.
C. Kang Sabar pancen cocok karo jenenge.
D. Kang Sabar nduweni gegayuhan sing luhur.

7. Isine paragraf 2 yaiku...


A. Pak Mantri lan Pak Lurah sing mandegani ngramut alas.
B. Kang Sabar lan kabeh warga uripe njagaake asil alas.
C. Kang Sabar kulina mbantu ing daleme Pak Lurah.
D. Warga desa uripe dibantu Pak Mantri perhutani.

8. Tanggapan sing bener kanggo paragraf 2 yaiku....


A. Warga sing manggon ing pinggir alas jati uripe makmur.
B. Kang Sabar nduwe gegayuhan luhur nyekolahke dhuwur anak-anake.
C. Sumber pengasilane Kang Sabar lan warga desa liyane saka asile alas.
D. Pak Lurah ora bakal bisa ngramut alas tanpa bantuane Pak Mantri perhutani.

9. yen ditulis nganggo aksara latin yaiku....

A. aku tuku topi


B. aku tuku roti
C. aku dudu topi
D. aku kudu ngopi

10. Budi seneng maca yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

A.

B.

C.

D.

11. Pak Mantri mesthi nekani daleme Pak Lurah saperlu njaluk palilah.
Palilah tegese....

12. Tandha pocapan sing wujude ( ) diarani....

13. Tanda ( ) panganggone padha karo tanda....

www.koleksisoalsd.blogspot.com
14. diwaca....

Wacanen teks ing ngisor kanthi patitis kanggo soal no. 16 lan 17!
Bengawan solo iku salah sawijine kali gedhe lan paling dawa sak pulo Jawa sing sumbere ing
gunung Ukiratawu, Pegunungan Sewu Kabupaten Pacitan. Bengawan solo ora mung dikenal denig
wong Jawa nanging uga wong-wong manca negara. Sapa sing ngenalake? Ora liya, yaiku seniman
kondhang saka Solo sing asmane pak Gesang, lumantar lagu sing karipta yaiku “Bengawan Solo”
15. Tulisen tanggapan kanggo wacan ing ndhuwur!
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
16. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Aku, Tutik, sarta Budi tuku sepatu.
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________

B. Jawa KD. 3.2


17. Tembang kang kaiket karo wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarai....
A. tembang dolanan
B. tembang campursari
C. tembang macapat
D. tembang-tembangan

18. Cacahing gatra saben sapada diarani....


A. guru gatra
B. guru wilangan
C. guru lagu
D. guru swara

Wacanen kang patitis kanggo soal nomer 19 – 22!


Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur, ketula-tula ketali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.

19. Tembang macapat ing ndhuwur diarani....


A. sinom
B. gambuh
C. pocung
D. maskumambang

20. Cacahing gatra tembang macapat ing ndhuwur ana....


A. 2
B. 3
C. 4
D. 5

www.koleksisoalsd.blogspot.com
21. Guru lagu tembang macapat ing ndhuwur yaiku....
A. a, a, b, c, d
B. u, u, i, u, o
C. r, r, i, h, n
D. a, i, u, e, o

22. Guru wilangan tembang macapat ing ndhuwur yaiku....


A. 1, 2, 3, 4, 5
B. 4, 5, 5, 2, 4
C. 7, 10, 12, 8, 8
D. 4, 5, 4, 2, 4

23. Wanda padha karo....


A. suku kata
B. bait
C. larik
D. vokal

24. Mijil iku tumprape bocah sing....


A. lagi lair
B. isih ono gendongan
C. durung dunung
D. ing wayah nom-noman

25. Tembang macapat sing urut-urutane paling dhuwur yaiku....


A. maskumambang
B. dhandanggula
C. gambuh
D. pocung

26. Tembang sinom cacahing guru gatra ana....


A. 4
B. 5
C. 7
D. 9

27. Tibanig swara (vokal) ing saben pungkasaning gatra diarani....

28. Guru wilangan lan guru gatra tembang pocung yaiku....

29. Tembang macapat pralambang tumrap manungsa sing wis kapundhut yaiku....

30. Tembang macapat sing cacahing guru gatrane ana 10 yaiku....

www.koleksisoalsd.blogspot.com
Wacanen kang patitis tembang ing ngisor iki kanggo soal nomor 31 lan 32!
Sinom
Nuladha laku utama
Tumaraping wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksigandha
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudanen hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sesama

31. Pitutur apa sing bisa dijupuk teko tembang sinom?


________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________

32. Sapa sing dituladha manut tembang sinom?


________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________

www.koleksisoalsd.blogspot.com

You might also like