You are on page 1of 4

Mawar Kuning

Dening: Adelia Natasya / 01

Aku, Ananta Safira anak wadon terakhir saka 2 dulur. Aku nduweni wong tuwo lan mas sing
super sibuk. Aku sering dolan ing bandulan taman cedek saka omah karo koncoku, jenenge
Karim. Sore iku mari moleh saka sekolah Karim ngejak ketemu ing taman.

“Sa...”, celuk Karim saka bandulan

“ Hmm, onok opo rim? Kok tumben kowe ngejak ketemu”, inungku mega nyawang Karim sin
serius

“ Hahahaha, ora ana apa-apa kok sa”, bales Karim karo guyon

Aku tasih ora percoyo karo Karim, “ Lah terus ngopo kowe ndadak ngejak ketemu?”

“ Piye yo sa.. Aku bingung..”

“ Aku arep pindah ,Sa”, jelas Karim

“ HA?! Kowe arep pindah? Kapan?”, kagetku

“ Sabtu sesuk isuk, sa. Rencana pindah iki wes ana ket ulan wingi”

“ Aku bingung, sa. Arep ngomong ing kowe piye. Aku wedi kowe sedih”, bales Karim

“ Rim, aku luwih seneng kowe ngomong ket awal, daripada kowe ngomong ndodok kayak
ngene...”

“ Aku lan kowe ora koncoan mung 1 utawa 2 tahun, rim. Kowe lan keluargamu wis tak
anggep kayak keluargaku dewe”, kecewaku

“ Sa... sepurane aku ora ngomongno iki ning kowe ketawal”, bales Karim karo nenangno aku

Aku ngusap tangisku karo mesem, “ Gak papa, rim. Aku weruh perasaanmu. Tak dongakno
kowe sukses lan ojo lali karo aku yo rim”

“ Iyo, sa. Aku ora bakal lali karo Safira sing nangisan iki, hahaha”, guyon Karim

Tanpa sedaya sadari, ternyata Ananta lan Karim mendem perasaane dewe-dewe. Ananta
wiwit ditinggal Karim pindah, dheweke dadi bocah sing meneng amarga ora duweni kanca
sing bisa dheweke curhati. Lan Karim sak wiwite pindah, dheweke dadi luwih seneng
ngelamun amarga mikirno perasaane marang Ananta.

4 tahun sawise....

Ananta saiki wis kuliah semester 5, dheweke nempuh pendidikan ing salah siji Universitas
favorit sing ana ing Yogyakarta. Dina Jum’at sore, Ananta lagi cecangkrukan ing alun-alun
kidul karo nyawang bocah-bocah dulinan lan ngerasakake semilir angin sore. Dheweke
penasaran nyawang ana seniman sing lagi nggambar macem-macem rupa lan wangun.
Nalika dheweke ndeleng lukisan, ana lukisan sing ora asing.

“ Pakdhe, puniki lukisan menapa nggih?”

“ Oalah,nduk iku gambar mawar kuning sing digenggem karo 2 wong. Artine kanggo
persahabatan”, jelas seniman iku

“ Sae sanget nggih, Pakdhe”, Ananta kesengsem


“ Iyo, nduk. Nanging ora didol, iku pesenane wong liya”, kandha seniman

“ Nanging Pakdhe-“, Nalika dheweke ngomong dumadakan ana wong teka

“ Assalamualaikum, Pakdhe”, salam wong iku

“ Waalaikumsalam”, bales seniman iku

“ Oalah, Abdul tak kira sapa”, ngendika seniman

“ Nggih, Pakdhe. Nanging asmaning kula Karim sanes Abdul”, bales wong iku

“ Halah, dul. Podo wae jenengmu kan Karim Abdulah”, bales seniman

Nalika semana Ananta ngerti menawa wong sing lagi guneman karo seniman iku jebule
kanca cilike seng ora tau ketemu yaiku Karim. Nanging Karim ora sadar yen ing sebelahe
ana kanca cilke.

“ Pakdhe Syam, kados pundi kabaripun? Kula badhe mendhet pesenan”, jelas Karim

“ Sek ya le, tak jupuknon disik”, bales Pakdhe Syam

“ Nuwun sewu, mas. Niki Karim Abdullah sing SD e ing desa ujung wetan?”, takon Ananta
penasaran

“ Inggih, kula piyambak. Wonten napa nggih mbak?”, bales Karim bingung

“ Subhanallah rim! Iki kowe? Iki aku Ananta Safira, konco cillikmu”, seru Ananta

“ Astaga! Pangling aku, Sa”, Karim kaget

“ Loh uwis podho kenal ta iki?”, dumadakan Pakdhe Syam teka gawa pesenan e Karim

“ Inggih, Pakdhe. Karim niki rencana Kula”, jelas Ananta

“ Iki, Dul pesenanmu. Tak ndhelikake wedi yen dituku wong”, kandha Pakdhe Syam

“ Inggih, Pakdhe Kulo matur nuwun sanget. Kula lan Safi wangsul rumiyin nggih Pakdhe,
Assalamualaikum”, tutur Karim

“ Waalaikumsalam, ati-ati”, seru Pakdhe Syam

Pungkasane, Karim lan Ananta mutusake mlaku-mlaku sawetara wektu lan mandheg ing
salah sawijining kursi cedek uwit beringin.

“ Kepriye kabar keluarga mu, rim?”, Takon Ananta

“ Alhamdulillah, sehat.”

“ Kabar Ibuk, Bapak, lan Masmu piye sa?”, bales Karim

“ Alhamdulillah, seger waras rim. Ya, kaya biasane, dheweke sibuk. Nanging ibuku wis ora
kerja maneh saiki, dheweke ujar pengin fokus ngeramut omah”, kandha Ananta

“ Akhire impianmu sing pingin sekolah ing kota istimewa Yogyakarta kewujud ya, sa”,
seneng Karim

“ Iyoo, rim. Alhamdulillah, Aku bisa gawe wong tuwa bangga”

“ Terus Kowe kok bisa ing kene, rim?”, kandha Ananta kanthj bingung
“ Sebenere aku pindah ing daerah Sleman, sa. 4 taun kepungkur, Bapak ngalami penurunan
ekonomi sing nyebabake aku mulih ing kampung halaman. Amarga Bapak bakal nerusake
bisnis batik simbah. nanging saiki Alhamdulillah wis stabil”, jelas Karim ing Ananta

“ Rim, lukisan iku bukane kembang sing kene jupuk ing omahmu terus difoto ibumu?”,
takone Ananta

“ Iya, sa. Bener banget. Amarga kembang Kuwi aku bisa kenal kowe. Lan artine kembang
mawar kuning iku kanggo kekancan.”, kandha Karim

Sawise suwe ora ketemu, Ananta lan Karim ijol-ijolan nomer. Dheweke padha ngirim SMS
saben dina. dheweke uga rumangsa wis cedhak nalika wis suwi pisah. Akhire Ananta lan
Karim ngerti ternyata dheweke Saling tresna, lan mutusno kanggo pendekatan

Nanging sawise 4 ulan, hubunganku lan Karim tasih lancar. Pirang-pirang dina iki Karim
angel dak hubungi. Sosmed ora aktif, dak-SMS ora diwangsuli, ditelpun bola bali iya ora
diangkat. Lan Kuwi nganti kelakon pirang-pirang dina. Nalika aku nyoba nlesih kanca
kancane tunggal kampus, wangsulane ora ngerti.

Aku bingung. Liwung. Gagasanku tekan sing ora-ora. Aku ora pengin ditinggal kaping
pindho karo wong sing tak tresnani. Atiku lagi plong nalika tengah wengi aku mbukak
sosmed, Karim mbeneri online. Mula aku nggunakake aplikasi WhatsApp.

“Rim,sampean kok ngilang?”, aku ndhisiki aruh-aruh liwat WA

“Iya, sa.”, kandha Karim rumangsa luput

“Aku duwe salah karo sampean?”, takonku

“Ora, sa. Iki salahku. Salahku sing menehi pengarep-arep ing Kowe”, jelas Karim

Aku tasih bingung Karo sing diomongin Karim, “Apa tegese?”

“ Aku dicocogake karo bapak, karo anake kancane”, kandha Karim

“ Opo Bapak mboten ngerti, yen sampean Karo aku?”, kandhaku nyoba kuwat

“ Ora, sa. Bapak ora weruh lan yen bapak weruh pun dheweke ora bakal disetujoni”, jelas
Karim

“ Kayane wiwit wiwitan dheweke ora bisa bebarengan”

“ Mawar kuning sing nggawa kita bebarengan, ancene uwis negesi dheweke ora bisa dadi
luwih saka kanca”, kandhaku pasrah

“Sa, sepurane Aku ora bisa njaga hubungan iki.”

“ Aku bakal ngomong ing Bapak Yen aku tresna sampeyan”, Karim ngeyel

“ Wis ora usah, Bapakmu wis milih calon sing cocog kanggo putrane. Saiki wayahe
sampeyan nggawe bapakmu seneng. Insyaallah Aku gak papa, aku ikhlas”, kuatku

Sawise debat dawa, akhire Karim nyoba nyerah Ananta. ora kuwat apa hubungane dijogo,
yen ora ana berkah ora bakal bisa nyawiji

You might also like