You are on page 1of 2

Bahan Ajar :

UNDHA USUK BASA JAWA


Undha usuking basa yaiku trap-trapaning (stratifikasi) basa amarga kanggo ngajeni marang
wong kang diajak wawan rembung. Ing sesrawungan masyarakat Jawa saiki basa sing asring
digunakake yaiku basa Ngoko lan Krama. Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko
Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene basa Krama kapilah dadi loro uga, yaiku basa Krama Lugu
lan basa Krama Alus.
Undha usuk basa Jawa ana:
1.     Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa omong-omong dening wong sing wis
padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.

Ngoko Lugu
  Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing dibasakake.
Kagunaane: kanggo sapadha-padha, bocah karo bocah, wong tuwa karo wong tuwa, wong
tuwa marang bocah. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab.
      Tuladha: “Tini numpak sepur.”

Ngoko alus
·        Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil tumrap kang diajak guneman. Biasane
digunakake wong sing wis padha-padha akrab la ana usaha saling ngurmati.
·         Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa marang wong enom kang isih
ngajeni.
·         Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”

2.      Dene basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening wong sing
durung tepung akrab lan derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong
liya.
Krama Lugu
o       Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o       Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni, uga wong enom marang
wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
 Tuladha: “Adhi kula nembe tilem jam tiga dalu.”

Krama Alus
·        Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan panambange karma.
·        Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom marang kang luwih tuwa kang ngajeni
banget, andhahan marang dhuwuran.
·         Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten arisan menika.”

UNGGAH-UNGGUH BASA

Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama..Tiyang


ingkang badhe ngetrepaken unggah-ungguh boten badhe uwal saking tata krama. Tata
krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambetan (komunikasi) dhateng
sinten kemawon.

Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-


ungguhipun kedah nggatosaken:
1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
2. Sinten ingkang dipunajak gineman.
3. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
4. Wekdalipun rikala gineman
5. Papanipun rikala gineman
6. Swasana rikala gineman.

You might also like