Professional Documents
Culture Documents
UNDHA USUKr
UNDHA USUKr
Ngoko Lugu
Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing dibasakake.
Kagunaane: kanggo sapadha-padha, bocah karo bocah, wong tuwa karo wong tuwa, wong
tuwa marang bocah. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab.
Tuladha: “Tini numpak sepur.”
Ngoko alus
· Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil tumrap kang diajak guneman. Biasane
digunakake wong sing wis padha-padha akrab la ana usaha saling ngurmati.
· Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa marang wong enom kang isih
ngajeni.
· Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”
2. Dene basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening wong sing
durung tepung akrab lan derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong
liya.
Krama Lugu
o Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni, uga wong enom marang
wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
Tuladha: “Adhi kula nembe tilem jam tiga dalu.”
Krama Alus
· Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan panambange karma.
· Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom marang kang luwih tuwa kang ngajeni
banget, andhahan marang dhuwuran.
· Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten arisan menika.”
UNGGAH-UNGGUH BASA