You are on page 1of 2

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan.

Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni.

Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku


damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng
bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan)
sakaluwarga tansah

pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang
peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra
putrinipun Bapak………………….(besan).

Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula
ngaturaken sesanti puja-

puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi,

mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi

wilujeng kalis ing sambekala.

Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula
sumanggakaken masa borong panjenengan.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih
wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!

You might also like