You are on page 1of 2

WUTAH GETIHKU

Anggitanipun : Mahardono Wuryantoro

Gumelar jembar/ bumi asri//


Sumunar sumringah/sunare bagaskara//
Padhang sumilak /hanelai jagad nuswantara//
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra/ kencana kang ngrenggani//
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu..
Guyub rukun/ anambut kardi
Jroning swasana/ tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jroning ati,/bebarengan ambangun

Aku lila...
Korban jiwa raga/ kanggo bumiku//
Nadyan awak ajur dadi sawur//
Lan getihku mblabar mili, /netes ing bumi pertiwi//
Labet raharjaning nagara//

Lumantar iki...
Isini atiku ginurit
Prasetyaku thukul / saka ati kang tulus//
Njaga/ langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan/ kanggo wutah getihku
PIWELING
Anggitanipun : Cantrik Gunung Prau

Bumi iki/ duwekmu//


Warisan pusaka/saka leluhurmu
Genea/ kowe mung kamitenggengen//
Kasengsem/ marang kaendahan bae//
Garapen/ enggal garapen Lan rumaten//

Ing kono/ bakal tinemu//


Memanak ing inten/ lan kencana rukmi//
Kang bakal dadi sangumu/
Leladi methuk jaman kuncara//
Nerusake lelabuhane//
Kang wus wayahe/ ngasokake sarira

Gong ganjur nywara jumlegur


Gentha/ ngumandhang ing tawang
Aweh tengara/ cetha ngedia
Awit kuwi/ wes kersane /kang mbabar kelir
Kabeh kudu/ Kudu sima gempang
Sakabehing pepalang/
Kakedhang Banjir bandhang//
Lan gegamaning trah kusuma satriya/
Bakal dadi/ uger-ugering /jagad gumelar.

You might also like