You are on page 1of 2

Macem – Maceme Wayang

Wayang akeh macem – maceme

a. Wayang Purwa
Purwa ateges kang kapisan, mula saka iku lakon Wayang Purwa nggambarake kisah
bab kitab Mahabaratha kanthi inti cerita perang “Barata Yuda” (perange sedulur –
sedulur keturunane Barata), yaiku antara kaluwargane Pandhawa lan Astina saperlu
ngebutakake krajan Amartaputra, kang wusanane dimenangake dening kaluwargane
Pandhawa.

b. Wayang Madya
Wayang zaman tengah iki mujudake asil kreativitase Raja Mangkunegara IV,
Surakarta. Isi ceritane wujud bacute cerita Wayang Purwa. Cerita wayang iki
wiwitane awujud lukisan kang digawe saka godhong lontar dening Prabu Jayabaya,
raja Kediri. Banjur ing jaman krajan Majapahit sampai Demak dumadi owah –
owahan wujud wayang saka pahatan.

c. Wayang Gedog
Gedog ateges kedok utawa topeng. Wayang Gedog rinipta dening salah sijine Wali
Sanga, yaiku Sunan Giri. Ceritane wayang iki wujud bacute cerita Wayang Madya,
yaiku nggambarake krajan Jenggala nganti krajan Pejajaran.

d. Wayang Krucil/Klitik
Krucil ateges cilik – cilik, dene klitik ateges atos (keras). Wayang krucil mujudake
cilik – cilik digawe saka bahan kau, cacahe 70. Ceritane nggambarake sejarah krajan
Pajajaran nganti Majapahit.

e. Wayang Golek
Wayang Golek akeh tinemu ing Cepu lan Bojonegoro. Digawe saka bahan kayu
cacake udakara 70. Ceritane nggambarake riwayat Menak kang gegayutan karo negri
Arab lan Persia ing zaman awal Islam. Wayang Golek uga tinemu ana ing Jawa Barat.

f. Wayang Perjuwangan/Wayang Suluh


Wayang iki sinebut uga wayang sandiwara. Cerita wayang iki wujud kebecikan lan
kaelekan kang nggambarake kawengisane Kolinialis Walanda sasuwane 350 taun
njajah Indonesia, penjajahan Jepang sasuwene 3,5 taun nganti zaman kamardikan.
g. Wayang Topeng
Para paraga wayang iki kabeh migunakake topeng ing pasuryan utawa wadanane.
Wayang Topeng iki dimainake kanthi iringan gamelan lan tari - tarian. Saliyane
ditampilake ing pagelaran budaya, Wayang Topeng iki biasane uga digunakake ing
pesta kanggo nyenengake para tamu undhangan udakara 20 nganti 30 menit ing
pagelarane

h. Wayang Wong
Wayang iki wis kondhang wiwit Mangkunegoro IV Surakarta. Isi ceritane kaya
wayang purwa, yaiku nggambarake kisah bab kitab Mahabaratha kanthi inti cerita
perang “Barata Yuda”. Paraga – paragane diperanake dening pawongan.

i. Wayang Beber
Wayang Beber iki diciptakake ing jaman Majapahit minangka asil pangrembakane
relief – relief kang tinemu ing Candi Penataran. Wayang Beber terdiri saka adegan –
adegan kang dilukis ing kain alus.

You might also like