You are on page 1of 3

Legenda Kota Surabaya

Ing zaman biyen, ten lautan Pulau Jawa nuli kedadean tukaran antara iwak sura lan boyo, hal
meniko amergi antarane lautan lan kali “sungai” niku jejeran.

Sura niku iwak hiu ingkan kuat lan ageng, sura lan baya sami-sami cerdik, kuat, rakus lan
sami-sami ganase.

Ing setunggali dinten, sura keliling ing laut, bade madosi mangsa, ananging sura sampun wale
kalian mangsane, amergi kirang mareki, akhire sura ngadah ide pados mangsane ing kali.
Banjur sura pados mangsa dedepi lan ngelompat ing darat, ndamel mangsa kethek, kidang lan
sak liane.

Ngotenikku sura ngelakoni sabendino, mumpung dereng konangan kalian boyo, suwe-suwe
boyo niku wau, gumun nopo kok mangsane niku soyo suwe soyo kedik. Banjur bowo,
ngadepi, sopo kang sampun wani ing daerah lan sampun mangani mangsa-mangsane.

Ing setunggaling dinten, boyo sampun siap-siap ngedep ing mburine watu gede, lan sura
ngadep-ngadep ing njerone banyu, suro mikir menawi mboten enten boyo lan akhire sura
mlumpat lan mangsa kethek. Banjur boyo medal, akhire sura konangan.

Hal meniko ndadekne musuhan lan gelut antarane sura lan baya. Sue-sue kewan 2 niku wau
kesel, amergi mboten enten sing menang lan mboten enten sing kalah, amergi loro-lorone
sami-sami kuat.

Akhire amergi sami kesele lan mboten enten seng menang. Kewan loro niku wau ndamel
perjanjian. Wes, sura aku wes kesel gelut terus kale sampeyan. Ucapan boyo…

Iyo boyo aku yo kesel pisan, gelut terus kale sampean. Ucapane si sura. Banjur boyo matur,
piye carane ora ono tukaran lan rebutan kekuasaan malih, akhire si Boyo ngadah ide.

Kangge nyegah tukarane awake dewe, piye nek dibagiane daerah kekuasaan iki, aku neng
daerah kali iki, lan panggonanku seng ten darat iku, banjur awakmu sura, bagian sampean ing
laut iku, panggonanmu kabeh kang onok ing njero laut.

Oh, iyo sura aku setuju karo sampean. Amergi enten pembagian niki antarane sura lan baya
mboten enten selisihan male, lan uripipun sami-sami enake lan sepakat ndamel menghormati
wilayahe dewe-dewe.

Sura namung mubeng ing njerone segoro, lan pados mangsa seng enten segoro. Baya nggih
ngoten, uripe kepenak mboten enten seng nganggu male lan mangsane mboten kelong.
Sue-sue sura kepingin mangan ketek lan kidang, koyok mbiyen maleh, amergi mangsane sing
sakniki mboten mareki, lan kirang ageng. Akhire sura iwak hiu niku pados mangsa ing kali
kanti meneng-meneng lan ojo nganti ngerti boyo.

Sura mbaleni male sabendino pados panganan ing darat lan di beto ten laut. Boyo ngeroso
enten sing aneh, amergi mangsane saya kelong, boyo langsung mikir menawi niku wau
perbuatane si sura.

Akhire boyo pados akal ndamel njebak sura. Boyo nyokot sikile kidang kersane mboten saget
mlampah, banjur dikekne ing pinggir kali lan boyo ndelik ing mburine watu.

Sura koyok boasane dhekwene nededep-ndedep “mengintai” ing njerone banyu, kepasan
onok kidang ing pinggir kali. Sura wau langsung mangsa kidang lan di beto ten laut.

Boyo sing ngerteni kelakuanne iwak hiu wau langsung nesu lan ngadep ing sura, amergi
sampun nglanggar janjine niku wau.

Hei…..suro ngopo kok sampean ngelanggar perjanjian awake dhewe ? sampean kok wani-
wanine neng wilayah kekuasaanku ? pitakone boyo kang kanti nesu.

Ngelanggar ? kan kali iki ya enek banyune, aku kae kan sampun ngomong nek aku iki
penguasa banyu ? kali iki kan enten banyune dados nggih wilayah kekuasaanku barang.

Jawabane sura, kanthi nduweni roso kang salah. Kali kuikan nggon pinggiran, wilayah
kekuasaanmu niku ten segoro. Jawabane boyo kang wegah kalah.

Ananging ikan hiu sura tetep ngeyel, ora biso, soale aku ora ngomong nek banyu niku ora
mung segoro mawon tapi yo kali pisan.

Wah… kowe ngajak geger laan sura ? ora, prosoku jawabnku masuk akal lan bener kan ?
awakmu sengojo ngakali aku, aku ora bodo koyo seng sampean pikir. Jawabanne baya kang
kanti nesu.

Aku ora gagas awakmu pinter opo ora, sing penting banyu segoro karo banyu kali iku
wilayah kekuasaanku. Jawabanne iwak hiu sura, kanti enteng. Oh, nek ngono awakmu,
nduweni maksud gwe ngapusi aku, iwak neng segoro kae ya akeh banget.

Nek pancen sampean kepingin, aku orang ngelarang sampean ngolek iwak neng segoro. Si
buaya tambah nesu lan brongoten ngerasakne sura.

Aku ora iso mangan iwak, lan aku ora bisa kenek banyu segoro, nek ngunu perjanjian awake
dewe di batalke, sopo seng paling apik gelute, lan sopo seng menang, iya iku seng dadi
penguasa tunggal. Sopo seng wedi, ayo tukaran maneh. Jawaban iku hiu sura, kang kanti
ngelawan.
Akhire pertarungan antarane baya lan iwak hiu dibaleni malih, ananging tukarane sing niki
tambah seru, nemen, lan dahsyat nganti-nganti mboten enten sing wani nyedeki wilayah
pertarungan niku wau.

Ing pertarungan niku, sami-sami nyakiti, jotos-jotosan lan cokot-cokotan. Akhire ndadekne
banyu ing wilayah niku warnane abang amergi kenek getihne baya lan sura sangking luka
keloro kewan niku wau.

Kewan baya lan iwak hiu nikuwau gelote mboten leren-leren. Sangking pertarungan niku
wau baya nyokot buntute baya nganti ameh pedot lan sura angsal buntute baya ngantine
buntute baya bengkong.

Akhire sura mbalek ing segoro, lan baya sampun puas amergi sampun ngaselne daerahne.
Sura mboten saget ten pundi-pundi amergi butun sampun kelaran. Ing cerita liyane dikabarne
nek baya kalian sura mati amergi luka teko dhekwene tukaran niku wau.

Sangking pertarungan antara baya lan iwak sura niku wau ndadeake masyarakat berkesan,
kang akhire didadekne jeneng kutho Surabaya, lan didadekne lambang Kota Madya Surabaya
nggih meniko gambar baya lan iwak sura.

Ing zaman sakniki, pertarungan ngerebutake wilayah pinggiran lan banyu mesti kedadean.
Ing musim ketiga ngampi kadang panggen bendungan banyu dados daratan garing nggih niku
Surabaya, nanging ing musih rendeng kadang ndugi banjir niku nguasai Kota Surabaya.

You might also like