You are on page 1of 1

Nama;anisa yafiah elmas

Kelas ;7-3

Absen ;08

Ki Hadjar Dewantara lair ing Yogyakarta, 2 Mei 1889 – tilar donya ing Yogyakarta, 26 April 1959
kanthi umur69 taun[1]; kuwi sawijining pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonesia ing
zaman panjajahan Walanda.Lair kanthi jeneng Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara
ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh
pendhidhikan kayadéné para priyayi utawa wong-wong Walanda.Tulisan Ki Hajar Dewantara sing
misuwur yakuwi "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing
surat kabar de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis jroning kontèks
rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu
kuwi isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.Ki Hajar Dewantara
séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlati, Sleman, Yogyakarta. Tanggal
lairé, 2 Mei, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara
dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas
pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998.

You might also like