You are on page 1of 19

MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA

KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd

KARATON NGAYOGYAKARTA

A. SEJARAH KARATON NGAYOGYAKARTA

Karaton Ngyogyakarta Hadiningrat inggih menika papan resmi kasultanan


Ngayogyakarta ingkang samenika mapan ing Kitha Ngayogyakarta, Daerah Istimewa
Yogyakarta. Sinaosa kasultanan kasebat kanthi resmi sampun dados perangan saking Republik
Indonesia ig taun 1950. Wewengkon bangunan Karaton taksih dupunangge minangka dalemipun
Sultan. Ing jaman samenika, Karaton dados salah satunggaling papan wisata ingkang rame.
Saperangan saking bangunan Karaton, minangka museum ingkang nyimpen maneka warni
koleksi kagunganipun kasultanan, kalebet maneka warna hadah utawi bebingah saking Rja-raja
Eropa, replika pusaka Karaton, lan gangsa.
Madegipun Keraton Ngayogyakarta dipunpandhegani dening Sri Sultan
Hamengkubuwana I taun 1756 ing tlatah wana waringin. Alas kasebut salajengipun dipundamel
dados nama peken ing punjering Ngayogyakarta inggih menika Beringharjo. Dene tembung
Ngayogyakarta saking tembung yogya lan karta. Yogya ateges becik lan karta tegesipun kutha
(Kutha ingkang becik).
Tembung Karaton asalipun saking tembug ka-ra-tu ingkang mengku teges papan
panggenaipun ratu utawi raja. Samanten ugi, tembung kedhaton, asalipun saking tembung ka-
dhatu-an, ingkang tegesipun papan panggenanipun dhatu utawi raja. Dadosipun Karaton lan
Kedhaton mangku teges sami.
Tlatah Karaton Ngayogyakarta wiwit saking Tugu (Wates lor) lan Krapyk (wates kidul),
antawisipun lepen Code (sisih wetan), lan lepen Winongo (sish kulon), lan antawisipun redi
Merapi lan sagara kidul.
Wilayah Karaton ingkang panjangipun 5 km saking panggung Krapyak ing sisih kidul
ngantos Tugu ing sisih lor, wonten garis linier wolak-walik ingkang kawaosan kanthi simbolis
filosofi. Saking sisih kidul tumuju lor, wiwit saking panggung Krapyak nglambangaken
dumadosipun jalma (manungsa) wiwit nalika tasih wonten alam arwah ngantos dumugi donya

1
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
lantaran bapa lan ibu. Karaton minangka badan wadag (jasmani) manungsa lan Sultan minangka
lambing jiwa sejati ingkang miyos wonten badan jasmani.
Dene saking sisih lor tumuju kidul, nglambangaken proses wangsulipun manungsa
dhumateng Gusti, minangka asalipun saking menapa kemawon ingkag wonten ing alam donya
punika (dumadi) Panggung Krapyak awujud papan ingkang inggil, minangka pralambang papan
asalipun manungsa ing sisihipun Gusti.

B. FUNGSI KARATON NGAYOGYAKARTA


Karaton Ngayogyakrta anggadhahi fungsi ing antawisipun :
1. Minangka papan dalemipun Raja lan kaluwarganipun.
2. Minangka punjering pemerintahan.
3. Minangka punjering kabudayaan.
4. Nalika jaman kamirdikan, wiwit dipunbikak kangge umum, kados denen pariwsata,
kegiatan ilmu pengetahuan, lan kagiatan sanesipun ingkang gayut kaliyan kabetahan
masyarakat.
5. Minangka museum perjuangan bangsa, amerga Ngayogyakarta nate dipunginakaken
minangka papan kangge kegiatan perjuangan fisik utawi kegiatan pemerintahan
nalika ibukota Republik Indonesia mapan ing Ngayogyakarta.

C. KOMPLEKS KARATON NGAYOGYAKARTA


Saperangan ageng, saben kompleks pangajeng, wonten latar witar ingkang katutup gesik
saking segara K idul, dene bangunan pangajeng lan sanesipun wonten ingkang dipuntanemi
maneka warni tetaneman.
Kompleks setunggal lan sanesipun pinisah dening tembok ingkang langsung inggil,lan
sinambung kaliyan regol kanthi corak SEMAR TINANDHU. Bangunan Karaton kinen darbe

2
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
gaya arsitektur Jawa tradisional, sinaosa wonten saperangan bangunan ingkang corakipun
campuran saking Portugis, Walanda, lan Cina.
Kompleks Karaton ing salebeting beteng kaliyan kaliyan njwi beteng dipunpisah dening
regol ingkang sinebut Plengkung, ing antawisipun:
1. Plengkung Nirbaya (Gading ) ing sisih kidul
2. Plengkung Jagabaya (Tamansari) ing sisih lor
3. Plengkung Tarunasura (Wijilan) ing sisih kulon
4. Plengkung Madyasura ing sisih wetan
Bangunan ing saben kompleks arupi joglo. Joglo ingkang tinarbuka tanpa aling-aling
sinebat Bangsal. Dene joglo ingkang katutup tembok sinebat Gedhong. Payonipun bangunan
ngginakaken tutup saking sirap, gendheng lempung, utawi seng ingkang keliripun abrit utawi
klawu. Payon kasebut dipunparingi cagak ingkang sinebat Saka Guru ingkang mapan ing
satengahe bangunan.

PERANGAN BANGUNAN KARATON NGAYOGYAKARTA

A. KOMPLEKS NGAJENG
1. Gladhang – Pangurakan
Inggih menika regol pangajeng kangge mlebet ing kompleks Karaton, saking sisih
Lor inggih menika gepura Gladhag lan gepura Pangurakan ingkang mapan persis ing
sisih kidul- ipun
2. Alun-Alun Lor
Karaton Ngayogyakarta papanipun madhep wonten sisih lor kanthi pelataran ingkang
wiyar sinebat Alun-alun lor, ingkang rumiyin dipunginakaken minangka papan
kangge ngempalaken para rakyat, gladhen perang kangge prajurit Karaton, lan papan
kangge ngawontenaken upacara adat. Samenika Alun-alun lor mligi kangge upacara
Grebeg lan Sekaten.
Ing sisih tengah alun-alun, wonten
wit waringin ingkang
dipunkupengi tembok,ingkang
sinebat waringin kurung,
cacahipun kalih ingkang mapan
ing sisihan. Waringin kekalih
kasebat Kyai Dewandaru
ingkang mapan ing sisih kulon,

3
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
winihipun saking Majapahit. Dene waringin satunggalipun kasebat Kyai Wijayadaru
uatawi Janadaru ingkang mapan ing sisih wetan, winihipun saking Pajajaran.
Waringin kekalih menika minangka symbol bilih ing donya menika wonten kalih
sipat ingkang boten sami, sipat sae lan awon. Dene waringin ingkang wonten ing
sakupenging Alun-alun Lor cacahipun 62 waringin. Gunggungipun lajeng wonten 64
waringin. Cacah 64 menika mengku teges yuswanipun kanjeng Nabi Muhammad
SAW nalika piyambakipun seda, miterat petangan taun Jawii
3. Masjid Gedhe Kauman
Masjid Agung utawi masjid gedhe
Kauman diipunpandhegani denig
Sri Sultan Hamengkubuwana I taun
1773. Kompleks Masjid Gedhe
Kauman mapan ing sisih Kulon
Alun-alun Lor. Kompleks ingkang
sinebat Masjid Gedhe Kauman,
dipunkupengi tembok ingkang
inggil. Wonten ing sisih lor lan
kidul latar Masjid, wonten bangunan ingkang langkung inggil sinebat Pagongan.
Rikala upacara Sekaten, Pagongan Lor dipunginakaken kangge mapan gangsa sekati
(gamelan) Kanjeng Kyai Naga Wilaga lan Pagongan Kidul kangge mapan gangsa
sekati Kanjeng Kyai Guntur Madu.

B. KOMPLEKS INTI
1. Kompleks Pagekaran
1.1. Bangsal Pagelaran.
Bangunan menika dipunginakaken kangge upacara Grebeg ingkang dipunadani
setahun kaping tiga dumigi samenika, lan dipunginakaken kange acara-acara
pariwisata, lsp
1.2. Bangsal Pemandengan
Rumiyin papan menika dipunginakaken Sultan kangge mirsani gladhen perang
ing Alun- Alun Lor. Bangsal menika cacahipun kalih, mapan ing sisih kiwa lan
tengen ipun bangsal pagelaran.
1.3. Bangsal Pasewakan/Pengapit
Rumiyin kanginakaken kangge para panglima kasultanan nampi perintah saking
Sultan.
1.4. Bangsal Pengrawit

4
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
Rumiyin dipunginkaken kangge nglantik pepatih Dalem. Samenika kompleks
menika dipunrenggani kanthi ukiran perjuangan Sri Sultan Hamengkubuwana I
lan Sri Sultan Hamengkubuwana IX.
1.5. Bangsal Pacikeran
Bangsala menika papan kangge njagi tumrap para abdi dalem Singanegara lan
abdi dalem Martalutut (algojo Karaton ingkang tugasipun ngukum tahanan
Keraton)
1.6. Bangsal Sitihinggil
Papan menika dipunginakaken minangka papan kangge nglantik raja-raja
kasultanan Ngayogyakarta lan minangka papan kangge upacara pasowanan
agung. Nalika tanggal 17 Desember 1949 sampun nate dipunginakaken kangge
nglantik Ir. Sukarno minangka Presiden RIS.
1.7. Bangsal Manguntur Tangkil
Papan lenggahipun Raja nalika upacara penobatan Raja, lan kangge acara
pisowanan agung.
1.8. Bangsal Witana
Papan kangge manggen Pusaka-pusaka utama Karaton, nalika upacara
penobatan raja lan upacara grebeg Mulud taun Dal.
1.9. Balebang
Papan ingkang dipunginakaken kangge nyimpen 2 perangkat gamelan sekati,
inggih menika gamelan ingkang dipunginaaken saben wulan Mulud.
1.10. Bale Angun-Angun
Papan kangge nyimpen pusaka tombak ingkang aranipun Kanjeng Kyai Sura
Angun-Angun.
1.11. Bangsal Kori
Papan kangge njagi tumrap para abdi dalem Kori lan abdi dalem Jaksa, ingkang
tugasipun nglataraken penyuwunan rakyat dhumateng Raja.
1.12. Tarub Agung
Papan kangge negga tumrap tamu-tamu Sultan ingkang badhe rawuh ing
Upacara resmi ing upacara sitihinggil, saderengipun dipuntampi dening Sultan.
1.13. Regol Brajanala
Regol ingkang dados panyambung antawisipun pelataran Sitihinggil Lor kaliyan
Kamandungan Lor
2. Pelataran kamandungan Lor
2.1. Bangsal Pancaniti
Papaan kangge siding pengadilan Keraton.
2.2. Bangsal Pacaosan
Papan kangge njagi para abdi dalem ingkang nembe nglampahi rondha (caos)

5
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
2.3. Regol Srimanganti
Kori angeng minangka penyambunge pelataran Kamandungan Lor kaliyan
pelataran Bangsal Srimanganti.
3. Palataran Bangsal Srimanganti
3.1. Bangsal Srimanganti
Bangsal menika kangge papanipun Sultan nampa tamu-tamu penting.
3.2. Bangsal Trajumas
Papan kangge para pejabat Kertaon inggkang kagungan tugas damping Sultan
nalika nampi tamu-tamu penting.
3.3. Patung Raksasa Dwarapala
Patung menika cacahipun sepasang.
3.4. Regol Danapratapa
Kori ageng kangge penyambung pelataran Srimanganti kaliyan pelataran
ngajeng Bangsal Kencana.
4. Pelataran Bangsal Kencana
4.1. Gedhong Purwaretna
Bangunan menika dibangun nalika Sri Sultan HB V nata. Papan menika
dipunginakaken minangka kantor pribadi Sri Sultan HB IX, dene samenika
dipunangge minangka kantor Kawedanan Hageng Sri Wandawa.
4.2. Gedhong Jene (Gedhong Kuning)
Bangunan menika dibangun nalika Sri Sultan HB II. Bangunan menika dados
dalemipun Raja dumugi Sri Sultan HB IX. Samenika kangge Karaton pribadi
Sri Sultan Hamengkubuwana X.
4.3. Bangsal Kencana
Papan menika minangka bangunan punjering Karaton, ingkang nggadhahi
fungsi minangka dhampar kencana raja ing padintenan lan ing adicara-adicara
pawiwahan.
4.4. Bangsal Prabayeksa (Gedhong Pusaka)
Papan kangge nyimpen pusaka-pusaka karaton.
4.5. Bangsal manis
Dipunginakaken minangka papan kangge ngawontenaken pahargyan utawi
adicara mirunggan tumrap kulawarga ageng karaton. Kejawi menika, ugi
dipunginakaken Sultan kagem nampi tamu- tamu penting.
4.6. Keputren
Papan kangge dalemipun putra estrinipun Sultan ingkang dereng kagungan
garwa.

6
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
4.7. Masjid Panepan
Papan kangge ngibadah sholat kagem kulawarga Karaton lan para abdi dalem.
Kejawi menika masjid menika kangge adicara ijab qobul pawiwahan dhaup
ageng putra-putrinipun Sultan.
4.8. Karaton Klien
Minangka dalemipun Sri Sultan HB X kaliyan kulawarganipun.
4.9. Gedhong Kantor Parentah Hageng
Kantor pejabat Karaton ingkang kangungan jejibahan nglantaraken dhawuh
Sultan dhumateng sedaya abdi dalem ing salebeting Karaton.
4.10. Bangsal Mandalasana
Papan kangge pentas dening Korps Musik Karaton, nalika dipungelar adicara-
adicara penting ing Karaton.
4.11. Bangsal Kotak
Papan kangge sumene para pambeksan Karaton saderengipun beksan kawiwitan
ing adicara pawiwahan Karaton.
4.12. Gedhong Gangsa
Papan kangge nyimpen gangsa-gangsa Karaton ugi papan ngungelaken
gendhing- gendhing saking gangsa kasebat nalika Karaton wonten adicara
pawiwahan.
4.13. Kasatriyan
Papan dalemipun putra kakung Sultan ingkang dereng Palakrama.
4.14. Gedhong Kaca
Museum Sri Sultan HB IX, mliginupun kangge ngimpen barang-barang
tilaranipun Sri Sultan HB IX.
4.15. Gedhong Danartapura
Papan kangge kantor Bendahara Keraton (Kantor Kas Karaton)
4.16. Gedhong Patehan
Papan kangge para abdi dalemipun Karaton ingkang tugasipun damel unjukan
lan ngladosi kulawarga Raja.
4.17. Regol Kamagangan
Kangge nyambung antawisipun pelataran Bangsal Kencana kaliyan pelataran
Kamagangan.
5. Pelataran Kamagangan
5.1. Bangsal Kamagangan
Papan kangge ngawontenaken acara Bedhol Songsong. Acara menika arupi
pagelaran ringgit wacucal (wayang kulit) ingkang dipunpirsani dening Sultan.
Acara Bedhol Songsong menika dipunwontenaken minangka adicara
pamungkas saben acara ritual.

7
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
5.2. Panti Pareden
Papan kangge para abdi dalem ingkang tugasipun ndamel gunungn asekaten.
5.3. Regol Gadung Mlati
Regol kangge panyambunging pelataran Kamagangan kaliyan pelataran
Kamandungan K idul.
6. Pelataran Kamandungan Kidul
6.1. Bangsal Kamandungan
6.2. Bangsal Pancaosan
6.3. Regol Kamandungan
7. Palataran Siti Hinggil Kidul
7.1. Bansal Sasana Hinggil
Bangsal menika sampun dipunrombak nalika Sri Sultan Hamengkubuwana IX
nata ing taun 1956, rikala pengetan 200 taun madegipun Karaton
Ngayogyakarta. Lajeng dipunparingi nama Gedung Sasana Hinggil Dwi Abad.
Siti Hinggil K idul rumiyin dipunginaaken Sultan kangge mriksani para prajurit
Karaton ingkang sami nindaaken Gladi Bersih upacara Grebeg, kangge
gladhen prajurit wanita “Langen Kusuma”

C. KOMPLEKS WINGKING
1. Alun-Alun Kidul
Alun-alun kidul Asring sinebat
Pengkeran. Pengkeran saking
tembung “pengker”, mnangka
tembung krama saking “mburi”.
Awit menika trep kalian
papanipun Alun-alunKidul
ingkang wonten wingking. Alun-
alun kidul menika dipunkupengi
dening tembok persegi kanthi 5
gapura ingkng mapan ing sisih kidul setunggal, ing sisih wetan kalih, lan sisihkulon
kalih.
Ing sakupenging Alun-Alun Kidul dipuntanemi taneman pelem, pakel lan kweni. Wit
waringin naming wonten kalih pasang ingkang wonten mapan ing satengahing Alun-
alun ingkang dipuntengeri Sapit Urang lang ingkang sepasang malih mapan ing kiwa
tengenipun gapura sisih kidul ingkang dipuntengeri Wok saking tembung „bewok‟

8
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
2. Plengkung Nirbaya
Plengkung nirbaya menika pucuk
kidul poros punjering Karaton.
Saking papan menika Sri Sultan
HB I mlebet wonten ing Karaton
Ngayogyakarta nalika pindahing
Pemerintahan saking Kedaton
Ambar Ketawang. Gerbang
menika dipunginakaken minangka
rute medalipun prosesi
pametaking layon Sultan dhateng Imogiri. Amergi saking menika, papan menika
dados tinutup kangge Sultan ingkang nembe minggah dados Raja.

9
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd

10
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
KARATON KASULTANAN NGAYOGYAKARTA HADININGRAT
LAN KADIPATÈN PURA PAKUALAMAN

Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Ingkang Jumeneng Nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat Ajejuluk


Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana
Senapati ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah.

Sasampunipun wonten Sabda Raja jejuluk tumraping Sultan Ngayogyakarta dados


Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana
Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Sénapati ing Alaga,
Langgenging Bawana Langgeng

 Kalenggahan, Pangkat sarta Kekancingan Trah Dalem Tuwin Abdi


Dalem
1. Ingkang Jumeneng Nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat
AjejulukSampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana Senapati
ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah.
2. Sasampunipun wonten Sabda Raja, 30 April 2015 jejuluk ingkang jumeneng nata ing
Kasultanan Ngayogyakarta kagantos dados :
Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana
Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Sénapati ing Alaga, Langgenging
Bawana Langgeng
3. G.K.R. (Gusti Kanjeng Ratu), Kekancingan Asma tumraping Garwadalem Padmi
(Praméswari). Wondéné asma ingkang asring kaparingaken dhumateng Garwa Dalem
Prameswari antawisipun :
a. G.K.R Kencana
b. G.K.R Hemas
c. G.K.R Hageng
d. G.K.R Kedhaton
e. G.K.R Kencana Wulan
f. G.K.R Sultan

11
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
g. G.K.R Wandhan
4. K.B.R.Ay (Kanjeng Bendara Radèn Ayu), tumraping Garwadalem Ampéyan / Selir
ingkang saking trah ningrat.
5. K.B.M.A (Kanjeng Bendara Mas Ayu), tumraping Garwadalem Ampéyan / Selir
ingkang saking kawula.
Wondéné asma kekancingan ingkang asring kaparingaken dhumateng Garwadalem
Ampéyan / Selir, antawisipun :
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Tilarsa
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Hadinindiah
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Pintakapurnama
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Herowati
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Windyaningrum
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Surtikanthi
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Hastungkara
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Mangkarawati
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Ciptamurti
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Puspitatalangen
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Norma Nindya Kirana
6. G.B.P.A.A. (Gusti Bendara Pangéran Adipati Anom), kekancingan asma tumrap
pangéran pati / putra ratu ingkang ginadhang ing samangkénipun badhé gumantos
nata.
7. G.R.M (Gusti Radèn Mas), kekancingan asma tumrap putra dalem kakung ingkang
mijil saking garwadalem prameswari nanging boten kawisudha pangéran pati. (nalika
tarunanipun).
8. G.B.P.H. (Gusti Bendara Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap putra dalem
kakung ingkang mijil saking garwa dalem prameswari nanging boten kawisudha
pangéran pati (nalika diwasanipun).
9. B.R.M (Bendara Radèn Mas), kekancingan asma tumrap putra kakung ingkang mijil
saking garwa selir. (nalika tarunanipun).
10. B.P.H. (Bendara Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap putra kakung ingkang
mijil saking garwa selir. (nalika diwasanipun).
11. R.M. (Radèn Mas), kekancingan asma tumrap wayah dalem.
12. G.R.A (Gusti Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa permaisuri nanging dèrèng pala krama.
13. G.R.Ay. (Gusti Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa permaisuri nanging sampun pala krama.

12
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
14. G.K.R (Gusti Kanjeng Ratu), kekancingan asma tumrap putri dalem pambayun
ingkang mijil saking garwa pramèswari, lan sampun ndungkap diwasa.
15. B.R.A (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa selir, nanging dèrèng palakrama.
16. B.R.Ay (Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa selir, nanging sampun palakrama.
17. R.A (Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap wayah dalem ingkang mijil saking
garwa selir, nanging dèrèng palakrama.
18. R.Ay (Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap wayah dalem ingkang mijil saking
garwa selir, nanging sampun palakrama.

NAMANING BREGADA (PRAJURIT) DALEM KARATON


NGAYOGYAKARTA LAN PANJI (GENDERA)

1. WIRABRAJA / LOMBOK ABANG


Wirabraja saking tembung wira „kendel‟ lan braja „gegaman‟ dados, wirabraja
anggadhahi teges prajurit ingkang gadhah watak wanton utawi kendel.
Panji (Gendera) : Gula – K lapa
Tegesipun gula jawa saking nira klapa ingkang werni abrit, dene klapa werninipun
pethak. Abrut lan pethak tegesipun prajurit ingkang wanton mbela bebener (suci).

13
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
2. DHAÈNG
Nama Dhaeng asalipun saking basa Makasar, minangka sebutanipun gelar priyayi ing
Makasar. Tegesipun Dhaeng inggih menika prajurit gagah prakosa kados prajurit
makasar Rumiyin.
Panji (Gendera) : Bahningsari
Tembung bahningsari saking basa Sansekerta, bahning „geni‟ lan sari „endah‟. Dados
tegesipun inggih menika prajurit ingkang kendel, kados watak geni ingkang murub.

3. PATANGPULUH
Nama patangpuluhan dipunparingaken dhupateng 40 prajurit ingkang gagah prakosa lan
kendel minangka wujud pakurmatan. Nama patangpuluhan boten wonten gayutipun
kaliyan cacahipun bregada.
Panji : Cakragosa
Tegesipun inggih menika prajurit ingkang anggadhahi kekiyatan ingkang ageng, dados
sedaya mungsuh saged dipunkalahaken.

14
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
4. JAGAKARYA
Jagakarya tegesipun prajurit ingkang anggadhahi jejibahan njagi lan ngamanaken
lampahing pemerintah kerajaan.
Panji (Gendera) : Papasan
Tegesipun prajurit ingkang kumawantun saged nyirnaaken (mbastha) mungsuh kanthi
krenteng ingkang ageng.

5. PRAWIRATAMA
Prawiratama tegesipun prajurit ingkang wanton lan pinter ing saben tumindak lan prakosa
nembe perang.
Panji (Gendera) : Geniroga
Tegesipun prajurit ingkang saged ngalahaken mungsuh kanthi gampil.

15
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
6. NYUTRA
Prajurit Nyutra inggih menika parjurit pengawal Sri Sultan. Prajurit menika kalebet
prajurit ingkang dipuntresnani dening Raja amergi caket kaliyan Raja. Nyutra anggadhahi
teges prajurit ingkang alus kados dene sutra ingkang njagi keamanan Raja lan anggadhahi
rasa pangrasa ingkang landhep lan ketrampilan ingkang unggul.
Panji : Podhang Ngisep Sari lan Padma Sri Kresna
Podhang ngisip sari tegesipun prajurit ingkang sengguh ora mingkuh ing kaluhuran. Dene
Padma Sri Kresna tegesipun Prajurit ingkang musnake mungsuh kados Sri Kresna
minangka titisan Dewa Wisnu.

7. KETANGGUNG
Tegesipun prajurit kanthi tangung jawab ingkang langkung awrat.
Panji : Cakra-Swandana
Tegesipun prajurit ingkang mbeta gegaman cakra ingkang sekti lan badhe damel
gegeripun mungsuh.

16
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
8. MANTRIJERO
Inggih menika prajurit ingkang nggadhahi wewenang nemtokake menapa kemawon ing
wewengkon Keraton.
Panji : Purnamasidhi
Tegesipun prajurit ingkang dipungadhang-gadhang saged maringi cahya utawi pepadhang
wonten ing pepeteng.

9. BUGIS
Bugis tegesipun prajurit ingkang kiyat, kados dene sejarah madegipun ingkang asalipun
saking Bugis, Sulawesi. Saderengipun pemerintahan Sri Sultan HB IX, prajurit Bugis
dipundadosaken pengawal Pepatih dalem ing Kepatihan. Nalika Pemerintahan Sri Sulta n
HB IX lajeng dipuntarik dados setunggal kaliyan prajurit Karaton. Wonten ing upacara
Grebeg dados pengawal gunungn.
Panji: Wulan Dadari
Tegesipun prajurit ingkang maringi pepadhang kados dene rembulan ingkang maringi
pepadhang wonten ing dalu.

17
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
10. SURAKARSA
Surakarsa yaiku prajurit ingkang kendel kanthi njagi keslametan pangeran (putra Raja).
Rumiyin gadhah tugas ngawal pangeran Adipati Anom. Nalika Sri Sultan HB IX, prajurir
menika dipundadosaken setunggal kaliyan prajurit Karaton ing upacara Grebeg kanthi
jejibahan ngawal gunungan ing sisih wingking.
Panji: Pareanom
Tegesipun prajurit ingkang kretenggipun ageng kanthi jiwa taruna.

PURA PAKUALAMAN

Pura Pakualaman

Ingkang Jumeneng Nata ing Pura Mangkunegaran Ajejuluk


Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam.

 PANGKAT KALENGGAHAN LAN KEKANCINGAN


SENTANADALEM :
1. K.B.R.Ay (Kanjeng Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Garwa dalem
Prameswari Sri Paduka Paku Alam.
2. B.R.A (Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Garwa dalem Selir Sri
Paduka Paku Alam.
3. B.P.H.S (Bendara Pangéran Harya Suryadilaga), kekancingan asma tumrap Putra
dalem ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, ingkang calon
anggentosi lenggah dampar keprabon.

18
MATERI 2: KARATON NGAYOGYAKARTA
KELAS XII
Fitria Tahta Alfina, S.Pd
4. G.B.R.M (Gusti Bendara Radèn Mas), kekancingan asma tumrap Putra dalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
5. K.P.H (Kanjeng Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap Putra dalem ingkang
mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
6. R.M (Radèn Mas), kekancingan asma tumrap Putra dalem ingkang mijil saking Selir
Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
7. B.R.H (Bendara Radèn Harya), kekancingan asma tumrap Putra dalem ingkang mijil
saking Selir Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
8. G.B.R.A (Gusti Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
9. G.B.R.Ay (Gusti Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Putridalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
10. B.R.A (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem ingkang mijil
saking Selir Sri Paduka Paku Alam, dèrèng palakrama.
11. B.R.Ay (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem ingkang mijil
saking Selir Sri Paduka Paku Alam, sampun palakrama.

 PRAJURIT PAKU ALAM


Prajurit Pura Paku Alaman gunggungipun boten kathah kadosdéné prajurit saking
Karaton Ngayogyakarta, awit rikala semanten wonten prajanjèn antawisipun Inggris,
ingkang ngandharaken Pura Paku Alam boten kepareng kagungan prajurit, ing sapunika
prajurit Pura Paku Alam ingkang asring miyos namung arupi kalih inggih punika :

Prajurit Lombok Abang Prajurit Plangkir

19

You might also like