You are on page 1of 2

Sugeng enjing, salam sejahtera kagem sederek sedoyo kulo

nepangaken nami kulo Benediktus Dani Satrio nim kaleh kosong


setunggal setunggal tigo sekawan setunggal sekawan setunggal
kelas setunggal D saking jurusan pendidikan guru sekolah dasar
universitas sanata dharma. Kulo wonten mriki badhe nyeritaaken
donggeng Nyi Roro Kidul

Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri


kang awujud bocah wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang
tegese wong wadon kang ayu.
 
Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu
soho welas asih marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri
lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka welasane Prabu
Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo
anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.

Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri
Prabu Siliwangi kanthi wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan
rai. Ana ing pengaruh sihir para selir ugo Prabu Siliwangi akhire
ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton Kerajaan Pajajaran
mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan
nular ana ing tlatah keraton.

Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpo ana
tujuan kang jelas. Diceritakake permaisuri tilar donyo ana ing
pengembaraan, sawentara Putri Lara Kadita nglanjutake lakune
menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing pinggir
segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keturon
ana ing gunung pinggiran segoro.

Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing


maringi pitutur supoyo putri ngresiki awake dening nyemplung
menyang segoro kanggo njaluk marasake awake saka penyakit,
ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh
kanggo mbales wong kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya
mengkono.
Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur
menyang tengah segoro kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke
nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi kasunyatan.
Saknaliko langsung mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita
uga diwenehi kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu
tetep mbaureksa ana Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani
minangka Nyi Roro Kidul dumugi tekho saiki.

Cekap semanten donggeng saking kulo matur nuwun.

You might also like