You are on page 1of 1

Nama: Dhiyah Sartika Oktora

Kelas: XI MIPA 2

No absen: 7

UPACARA ADAT JAWA MANTU

Mantu, inggih menika salah setungggaling upacara adat Jawa ingkang nggadhahi damel
ngomah-omahake putra-putrine ingkang sampun dewasa. Teng upacara adat mantu menika wonten
rantaman adicaranipun inggih menika ; sedenrengipun upacara ijab lan sesampunipun upacara ijab.

Dene sederengipun upacar ijab, wonten adicara ingkang asmanipun ndhodhog kori, ingkang
ngadhahi ancas supados mangertosi kahanan calon penganten putri, bobot,bibit, lan bebete calon
penganten. Nalika sampun sae kahanane penganten putri wau banjur dipunlajengaken adicara liru
kalpika, sesampunipun adicara menika wonten malih adicara ingkang asmane siraman. Inggih
menika nggadhahi teges supados calon penganten wau suci lair lan batine.

Nalika adicara menika sampun kelampahan sedaya, banjur dipunlajengaken upacar ijab
kobul.Nalika sampun banjur dipunlajengaken adicara ingkang asmanipu dodol dawet, ingih menika
tiyang sepuhipun calon pengaten putri ingkang sadean dene ingkang badhe tumbas mbayarepun
kalian reng gendeng, niki nggadhahi teges nalika sampun dados penganten, kedah kompak nalika
madosi rejeki.

Sesampunipun adicara menika, dipunlajengaken adicara paes, inggih menika cukur rambut,
supados nalika dipunrias penganten saged rapi. Nalika sampun nglampahi adicara menika wonten
malih adicara midodareni, inggih menika calon penganten putri mboten angsal kepanggih kalian
calon penganten putra, penganten putri dipunwelingi kanthi bab “rumah tangga”teng keluarganipun
ingkang tiyang estri. Nalika sampun, dipunlajengaken pasang tarub, ta, tegese nata, minangka rub,
tegese murub. Inggih menika supados ngayomi penganten kekalih.

Sesampunipun dicara-adicara menika wau, dipunlajengaken adicara upcara panggih, ingkang


wonten rantaman adicaranipun ; - Balangan gantal, inggih menika nggadahi teges penganten putra
lan putri pamore sampun dibucal. – Midak tigan lan mijiki samparane penganten putra, nggadahi
teges dibucale pamora penganten kekalih lan penganten putri bekti marang garwane. – Sinduran,
tiyang sepuhipun masangake sindur marang penganten, ingkang nggadahi teges, sampun dipuntrima
dados keluarga.

Sesampunipun upacara panggih, dipunlajengaken upacara krobogan, ingkang rantaman


adicaranipun ; -bobot timbang, penganten kekalih dipunpangku teng bapake penganten putri,
ingkang nduweni teges adil. -kacar-kucur, ingkang nduweni teges penganten putra nafkahi
penganten putri.-dulangan lan ngunjuk toya bening, nduweni teges urip kudu bebrayan lan
pikiranipun kedah suci. Sesampunipun adicara menika dipunlajengaken sungkeman, ingkang
tegesipun bekti marang tiyang sepuhipun, nalika sampun wonten malih adicara tanam tetuan,
ingkang gadahi pangarep-arep ingkang sae.

You might also like