You are on page 1of 1

TANDA SALIB

Konjuk Ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra,


tuwin Hyang Roh Suci, Amin

BAPA KAMI

Kanjeng Rama ing swargi


mugi asma Dalem kaluhurna
kraton Dalem kawiyarna
ing donya inggih kalampahana
karsa Dalem kados ing swargi
abdi dalem sami nyadhong paring Dalem rejeki ing sapunika
sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
déné kawula inggih ngapunten dhateng sesami
abdi dalem nyuwun lepat saking panggodha
saha tinebihna saking piawon
Amin.

SALAM MARIA

Sembah bekti kawula, Dèwi Maria, kekasihing Allah.


Pangéran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yésus.
Dèwi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu dalem,
samangké tuwin bénjing dumugining pejah.
Amin.

KEMULIAAN

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci
Kados ing mula buka, sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin

TERPUJILAH

Pinuji Asma dalem Sri Yesus, Dewi Maria, Lan Santo Yosep,
Sak menika sarta langgeng. Amin

You might also like