You are on page 1of 2

Lomba cerdas cermat

Sak uwise preian sekolah suwe, sesok wayae melbu sekolah ugo golek ilmu
kanggo sangu mbesuk gede.Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes
sekolah ing bangku SMP.Aku ketrimo ing SMP sing tak pengeni kang panggonane
ono kuto gede. Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan
pengalaman anyar. Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah
tenanan, pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo. Ora lali aku ugo dikandani lek
sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu taat
agama!Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak
menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap. Aku diterke sampe gerbang ngarep
sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh.

Bapakku matur. “Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak”

“Enggeh Pak !!”, jawabku.

Aku mulai melbu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar baris.
Dino iki enek kegiatan sing diarani “MOS”. Jadi poro siswa anyar bakal dikenalke
karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino.

Acara MOS iku dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak
kepala sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane. Aku seneng banget duweni
kesempatan iso sekolah SMP ing kuto. Sakbare MOS 3 dino iku aku berjanji karo
awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh berprestasi, sregep lan iso
manggakne wong tuaku loro karone. Waktu itu nang dina senin pas mulih sekolah
ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa “Lomba Cerdas Cermat”, sing
arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur. Faiz lan kancane ana
neng kelas lan ngrungokake pengumuman kuwi,

Dafa : “iz faiz, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?”

Lisa : “Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Faiz sing banjur mlaku
nuju kancane “Dafa, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?, ya ora kanca-kanca”, Dafa
lan Faiz lungguh “iya aku lan Mia setuju karo usulan Dafa kuwi”

Faiz : “Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”

“Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafa ndeleng Faiz “Eh kanca-kanca
awake dhewe menyang perpustakaan yo”, Faiz ngajak kabeh kancane “iya yo aku
uga pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.

Faiz lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan
Reza pengen lunga menyang toilet “eh Anis aku arep menyang toilat sedhela ya,
aku wis ora kuwawa ki” Reza jaluk izin marang Anis “haha, iya cepet menyang toilet
kana” Anis nggumuyokake Reza “nuwun ya”, Reza mlayu karo cepet nuju toilet,
banjur Faiz lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga
neng perpustakaan”, kondho Dafa marang kancane kabeh lan dheweke banjur
nggoleki buku-buku sing pengen diwaca “Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe
dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Faiz mlaku nggoleki-
golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Anis
nuli ngesem lan Dina,

You might also like