You are on page 1of 5

LATIAN SOAL SESORAH

Rafaella Adinda Ruth P U IPS3.3/23

1. Sesorah menika tegesipun …

a. Pidhato ngaturaken satunggaling pirembagan

b. Matur kaliyan tiyang sanes ing sangajenging tiyang kathah secara lisan

c. Medharaken gagasan utawi panemu kanthi lisan

d. Micara kanthi lisan ngengingi bab ingkang wigatos

e. Ngaturaken penggalihipun kanthi cetha dhateng tiyang sanes

2. Nalika sesorah kedah nggatosaken bab ing andhap menika,kejawi …

a. Kekendelan

b. Kewasisan

c. Micara

d. Runtut

e. Tembung ingkang pas utawi trep

3. Kekendelan minangka salah satunggaling bab wigati nalika nindakaken sesorah. Kekendelan ing
mriki ateges …

a. Wantun sesorah nalika piyambakan

b. Mboten ndredheg yen micara ing salebeting kamar

c. Asring latian utawi gladhen supados mboten demam panggung

d. Tansah kendel menawi sesorah, lancar, teteg, tatag, mboten gugup, wantun micara ing sangajenging
tiyang kathah menapa dene sekedhik

e. Micara kanthi sora, gamblang, terang trewaca

4. Gagasan ingkang dipunaturaken tumata, mboten molak-malik, gampang dipunpahami, lan mboten
damel bingung. Katrangan menika ngandharaken bab …

a. Runtut

b. Materi
c. Kahanan

d. Micara

e. Tembung trep

5. Tiyang ingkang mirengaken sesorah menika kedah kadospundi?

a. Nggatosaken sesorahipun kanthi temen, mboten sami rame lan mboten omong piyambak

b. Mirengaken lan mboten mahami menapa ingkang dipunaturaken

c. Nggatosaken saestu, lajeng menawi sampun sawetawis damel kisruh

d. Tansah kendel kemawon, sinaosa dipundangu

e. Rame lan mboten nggatosaken kanthi temen

6. Kadospundi caranipun supados nguwasani para rawuh nalika nindakaken sesorah?

a. Sesorahipun kedah lucu saengga para rawuh lajeng gumujeng (ngguyu)

b. Swantenipun alus lan merbawani ngantos para tamu kadamel ngantuk

c. Nindakaken sesorah kanthi sae, swantenipun kepenak dipunmirengaken, cetha lan isinipun trep
kaliyan ingkang dipunbetahaken dening para rawuh

d. Anggenipun sesorah mantep sinambi geguyonan

e. Isinipun sesorah mboten damel bingung ingkang rawuh

7. Wonten sekawan prekawis ingkang dipungatosaken nalika sesorah. Salah satunggalipun wirama
tegesipun …

a. Sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah, dipunraosaken supados saged micara kanthi sae, trep
kaliyan isinipun.

b. Sesorah ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esem, lan sapanunggalanipun saengga


langkung mantep, sae lan ngremenaken ingkang mriksani lan mrirengaken.

c. Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.

d. Sesorah kedah ngginakaken busana ingkang jangkep lan sae.

e. Sesorah nggatosaken andhap-inggiling suwanten, cepat-alonipun suwanten, sora lan lirihipun


suwanten.
8. Kejawi wirama, wonten wirasa ugi kedah dipungatosaken inggih menika …

a. Sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah, dipunraosaken supados saged micara kanthi sae, trep
kaliyan isinipun.

b. Sesorah ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esem, lan sapanunggalanipun saengga


langkung mantep, sae lan ngremenaken ingkang mriksani lan mrirengaken.

c. Sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.

d. Sesorah nggatosaken andhap-inggiling suwanten, cepat-alonipun suwanten, sora lan lirihipun


suwanten.

e. Sesorah kedah ngginakaken busana ingkang jangkep lan sae.

9. Nalika sesorah kedah nggatosaken pocapan ingkang cetha, mboten bindheng, mboten blero.
Menika ateges nggatosaken …

a. Wirama

b. Wirasa

c. Wiraga

d. Wicara

e. Wibawa

10. Sumangga kula dherekaken ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih awit
paringipun kabagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya. Tembung kabagaswarasan ngemu
teges …

a. Karawuhan

b. Kaendahan

c. Kawilujengan

d. Kinurmatan

e. Kawontenan

11. Mangga kita sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah.Ukara kasebut klebu perangan .....................ing teks sesorah
a. Satata basa
b.Purwaka basa
c.Surasa basa
d.Dudutan
e.Wasana basa

12. Ukara ing ngisor iki sig klebu dudutan sesorah yaiku.............................
a.Mugi rahayu sagung dumadi.Kasarasan kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira
sedaya awit rohmatipun Gusti Allah.

b.Ing udyana menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten
samangke ngrenggani maneka warni kalawarti

c.Pramila mangga kita sami nyengkuyung supadhos sesakit Ebola punika boten kenging
kulawarga kita

dNglenggana kathahing kekirangan wonten ing andhahanpunika kula nedha agunging


samudra pangaksami

e.Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kaigatosan panjenengan


sedaya.

13. Wujude sesorah ing reh cakrike andhahan kajaba..............................


a.Pangajak

b.Gegambaran

c.Pratelan

d.Wawasan

e.Panjurug

14. Wujude sesorah dadakan kayata.................................


a.Asung panglipurTanggap wacana seminar lanbela sungkawa

b.Asung panglipur,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggapwacana seminar

c.Tanggap wacana seminar,atur bela sungkawa,asung panglipur

d Atur bela sungkawa,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggap wacana seminar

e.Atur bela sungkawa ,asung panglipur lan nanggapi prastawa sing dumadi

15. pasuryan kang becik nalika nindakake yaiku


a. mbesengut

b. ngguya-ngguyu
c. mesem terus

d. sumeh

e. gugup

You might also like