You are on page 1of 14

I.

Wenehana tandha ping ing jawaban a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing


paling bener!
1. Cakepan tembang ing ngandhap menika ingkang isinipun babagan nyingkiri napsu
angkara murka kanthi ngrasuk agama, yaiku....
A. Mingkar mingkure angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawi
Agama ageming aji
B. Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepalir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi
C. Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi taguwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung
Pindha padhane si muda
Prandene paksa kumaki
D. Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen denira
Nora kaya si punggung anggung grumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip
E. Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasrawung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula mulanira
Mulane wong anom sami

2. Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung. Pethilan tembang kasebut minangka


tuladha saking…
A. Purwakanthi basa
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Tembung dwilingga
E. Tembung garba

3. Ukaran ing ngandhap, ingkap nduweni purwakanthi lumaksita yaiku…


A. Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip
B. Ingkang sipat wisesa winisesa wus, Mulih mula mulanira
C. Mangkono ilmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati
D. Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah jawi
E. Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen denira

4. mangkono ngèlmu kang nyata


sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina
nora kaya si punggung anggung gumunggung
ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Tembung kang kalebu tembung garba yaiku…
A. Sadina-dina
B. Nora kaya
C. Sukeng tyas
D. Ingaranan cubluk
E. Sanyatane

5. mangkono ngèlmu kang nyata


sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina
nora kaya si punggung anggung gumunggung
ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Piwulang saking tembang macapat kasebut inggih punika ....
A. Kedah sinau ingkang patut lan ugi nerapaken ilmu punika kangge dhiri pribadhi.
B. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan remen
dipangalembana.
C. Tiyang ingkang bodho padatan langkung kathah omong.
D. Kedah nuladha tiyang pinter kang saged ngalah lan purun nutupi salahe tiyang sanes.
E. kedah dados tiyang ingkang saged ngrumangsani kaluputane piyambak.

6. Serat Wedhatama Pupuh Pangkur ing ngandhap ingkang isinipun bilih anggenipun
ngajar-nggladhi putra kedah saged ditebihna saking nafsu angkara lan agama minangka
tuntunan ingkang sae yaiku….

A B C
Mingkar mingkuring ukara, Jinejer neng Wedatama Nggugu karsaning priyangga,
Akarana karanan mardi siwi, Mrih tan kemba kembenganing Nora nganggo peparah lamun
Sinawung resmining kidung, pambudi, angling,
Sinuba sinukarta, Mangka nadyan tuwa pikun, Lumuh ing ngaran balilu,
Mrih kretarta pakartining Yen tan mikani rasa, Uger guru aleman,
ngelmu luhung Yekti sepi asepa lir sepah Nanging janma ingkang wus
Kang tumrap neng tanah Jawa, samun, waspadeng semu
Agama ageming aji. Samangsane pasamuan, Sinamun ing samudana,
Gonyak ganyuk nglilingsemi. Sesadon ingadu manis.

D E
Si pengung nora nglegawa, Mangkono ngelmu kang nyata,
Sangsayarda deniro cacariwis, Sanyatane mung weh reseping
Ngandhar-andhar angendhukur, ati,
Kandhane nora kaprah, Bungah ingaran cubluk,
saya elok alangka Sukeng tyas yen denina,
longkanganipun, Nora kaya si punggung
Si wasis waskitha ngalah, anggung gumrunggung
Ngalingi marang si pinging. Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
7. Gatekna Tembang ing ngisor iki!
1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,
7. Sangsayarda denira cacariwis,
Urutane sing leres tembang pangkur kasebut yaiku….
A. 1, 5, 7, 4, 3, 6, 2
B. 1, 7, 5, 3, 4, 6, 2
C. 1, 7, 5, 4, 6, 3, 2
D. 1, 5, 4, 7, 3, 6, 2
E. 1, 7, 5, 4, 3, 6, 2

8. Gatekna Tembang ing ngisor iki!


1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,
7. Sangsayarda denira cacariwis,
Tegese tembung pingging, Si wasis yaiku….
A. Menengan, pinter
B. Bodho, pinter
C. Pinter, lamis
D. Seneng ngapusi, apikan
E. Pinter, cerewet

9. Gatekna Tembang ing ngisor iki!


1. Mangkono ngelmu sing nyata,
2. Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
3. Bungah ingaranan cubluk,
4. Sukeng tyas yen denina,
5. Sanyatane mung weh reseping ati,
6. Ugungan sadina dina
7. Aja mangkono wong urip.
Larik bungah ingaranan cubluk duweni teges...
A. Wong bodho seneng yen diarani bodho
B. Wong pinter susah yen dialem
C. Wong pinter seneng yen diarani bodho
D. Wong bodho susah yen diarani bodho
E. Wong sugih susah yen yen diarani bodho

10. Gatekna Tembang ing ngisor iki!


1. Jinejer neng Wedhatama
2. Mrih tan kemba kembenganing pambudi
3. Mangka nadyan tuwa pikun
4. Yen tan mikani rasa,
5. Yekti sepi asepa lir sepah, samun,
6. Samangsane pasamuan
7. Gonyak ganyuk nglilingsemi.
Pratelan ing ngisor iki, sing trep karo tegese larik Balik sira sarawungan bae durung
yaiku...
A. Manungsa kudu seneng tetulung lan weweh marang sasama
B. Manungsa kudu gelem sinau karo sinau ing ngendi parane
C. Manungsa kudu bekti lan ngabdi marang wong tuwa loro
D. Manungsa kudu bisa ngisep ngelmu lan ngerti kahanan sasama
E. Manungsa kudu bisa seneng lan mbanggakne wong tuwa loro

11. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!


Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan
lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak
Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep
setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.

“Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.”

“Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.

Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah
ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane
sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang.
Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.

“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut
gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.

“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung
kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,”
sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.

Sapa wae paraga ing cerita ing ndhuwur?


A. Kinanthi, Tangguh
B. Kinanthi, Tangguh, pelayan, kasir.
C. Kinanthi, Tangguh, pelayan.
D. Kinanthi, Tangguh, pelayan, Sudibyo
E. Kinanthi, Tangguh, Kasir

12. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!

Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan
lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak
Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep
setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.

“Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.”

“Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.

Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah
ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane
sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang.
Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.

“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut
gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.

“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung
kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,”
sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.

Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….


A. Sabar
B. Pangerten
C. Kemayu
D. Teteg
E. Gumedhe

13. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!


Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan
lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak
Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep
setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.

“Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.”

“Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.

Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah
ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane
sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang.
Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.

“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut
gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.

“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung
kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,”
sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.

Kenapa atine Kinanthi angel direngkuh karo wong lanang?


A. Kinanthi esih mikirake wong liya
B. Kinanthi esih pingin ngentekke lemon tea
C. Kinanthi emoh mikir katresnan
D. Kinanthi gak seneng karo Sudibyo
E. Kinanthi mikir gaweyan
14. Mulih saka nggone Babah A Cheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada
dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen panene oleh
telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana patang yuta setengah.
Bisa kanggo mbayar ragad Marni golek papan kuliah.
Nilai ingkang saged kapendhet saking pethilan cerkak kasebut, yaiku....
A. Ekonomi
B. Budaya
C. Sosial
D. Agama
E. Pendhidhikan

15. “Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol,
banyune mbludag arahe mrene” mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep
omah.
“Apa, Dham Buntung ambrol”?
“Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!”
Enggal-enggal Karjo salin pangganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang
mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana
ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham
ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi
gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen
lan biaya kanggo anake nerusake sekolahe.

Saking pethilan cerkak kasebut wontenipun raos tetulung antawisipun tiyang setunggal lan
sanesipun mratelaken bilih cariyos kasebut ngemot nilai ingkang sae inggih punika….
A. moral
B. etika
C. pendhidhikan
D. sosial
E. estetika
16. “Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol,
banyune mbludag arahe mrene” mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep
omah.
“Apa, Dham Buntung ambrol”?
“Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!”
Enggal-enggal Karjo salin pangganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang
mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana
ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham
ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi
gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen
lan biaya kanggo anake nerusake sekolahe.
Manut wacan kasebut, sipate Kang Karjo yaiku…
A. Abot tangan, wegah tetulung
B. Entheng tangan tandang gawe
C. Rame ing omong, sepi ing gawe
D. Rame ing gawe, rasa-rasa
E. Wegah dijaluki tulung

17. Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!


Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh
karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh
ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune
B. Sumiyati mung predhuli marang Winarto
C. Sumiyati putra kang bhekti marang ibune
D. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
E. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

18. Ing ngisor iki sing ora dadi titikane cerkak yaiku kejaba...
A. ngadhahi underaning crita
B. critane ringkes lan gampang dimangerteni
C. asil saka rekane panulis
D. nganggo basa krama alus
E. bisa diwaca saadegan

19. Ing ngisor iki, jenis paraga ing crita cekak yaiku ...
A. utama, kepindho, katelu
B. protagonis, antagonis, tritagonis
C. protagonis, utama, figuran
D. antagonis, protagonis, utama
E. antagonis, tritagonis, figuran

20. Unsur cerkak ana 2, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik. Sing sinebut unsur intrinsik
yaiku...
A. unsur pambangun sing nyengkuyung laire cerkak
B. unsur sing nyengkuyung dumadine cerkak saka njero
C. unsur underaning cerita, pitutur lan lakuning cerita
D. unsur sing pambangun sing nyengkuyung pamaca
E. unsur unsur pambangun sing dadi patokan utama penulis

21. Sawentara punika, pelaksana tugas Kepala Dinas PSDA dan ESDM kitha Semarang Ayu
Entis ngakeni menawi rekomendasi saking Kejaksaan Negeri Semarang magepokan
kolam retensi Muktiharjo Kidul ngantos samenika dereng mandhap. Dadosipun proses
pembangunan dereng saged dipunlajengaken. Senajan mekaten, piyambakipun
ngandharaken menawi pembangunan kolam retensi benten amargi badhe enggal
dipunlajengaken. ”Ing taun niki sampun dianggaraken konjuk rencana pembangunan
kolam retensi Tlogosari. Kita sedaya badhe nindakaken kanthi bertahap,” Criyosipun
rikala dikonfirmasi lumantar ponsel.
(Kapethik saking Pawarta
Basa Jawa)
Wosipun pethilan pawarta ing ndhuwur yaiku….
A. Pembangunan kolam retensi Tlogosari boten badhe dipunlajengaken malih amargi
kirangipun anggaran.
B. Pembangunan kolam retensi Tlogosari enggal dipunlajengaken sanajan rekomendasi
dereng mandhap.
C. Pembangunan kolam retensi Tlogosari dipunlajengaken lan asilipun sampun saged
dipunginakaken masyarakat.
D. Masyarakat Tlogosari mboten sarujuk pembangunan kolam retensi Tlogosari pramila
mboten kalajengaken.
E. Masyarakat Tlogosari ngawontenaken swabiaya magepokan kaliyan pembangunan
kolam retensi Tlogosari.

22. Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa
Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi Unmanned
Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nama 'Camar biru'. Damar Satria Guntoro
salah satunggaling anggota FORCE ngendikakaken, pesawat ingkang sampun
dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25 yuta (selawe
yuta rupiah). Pesawat menika dipundesain kanthi ukuran 120 centimeter uga anteb 4 Kg.
Undering pawarta kasebut, yaiku...
A. Pesawat tanpa awak
B. FORCE duwe pesawat
C. Damar nggawe pesawat
D. FORCE ngembangake UAV
E. Mahasiswa UGM nggawe pesawat

Gatekna wacan iki!


WEDANG SECANG
Wis akeh wong sing ngerti menawa secang yakuwe salah sawijining omben-omben
sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, masuk angin, nek diombeni
wedang secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang
wujud sirup lan bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip nang sadhengah papan, bisa nang pegunungan utawa dataran rendah.
Nang padesan kanggo pager utawa urip nang kebon lan pategalan. Dhuwure kira-kira 5-
10 meter, wit lan pange kebek eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu
soklat. Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm
ambane 3-4 cm., pucuke kaya cucuk manuk. Nek wis mateng wijine ireng, saben
polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa diarah nek wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang nek
digodhog wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kaya wernane
jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen,
sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu
secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene,
ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah,
penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman sekang secang, njukut kayu secang sacukupe, ditambah gula
pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau ditutu (diselip) dadi siji banjur
diperes lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Nek wis adhem diwadhahi
nang botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang
bisa ngobati pirang-pirang penyakit.
23. Surasa/isi pawarta kasebut yaiku....
A. Mupangat kayu secang
B. Khasiat wedang secang
C. Wedang secang kangge obat
D. Ngicalake penyakit TBC
E. Njagi kasarasan

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah
iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
24. Teks ing ndhuwur, menehi kawruh ngenani sawijining kadadeyan, mula teks kasebut
diarani teks..
a. Pawarta
b. kalawarta
c. Wara-wara
d. cerkak
e. sedhahan

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah
iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
25. Teks ing ndhuwur durung nduweni irah-irahan. Irah-irahan sing trep kanggo teks ing
ndhuwur yaiku..
a. Kadadeyan ing surya kaping 13 pebruari
b. Ewah-ewahan status Gunung Kelud
c. Sterilisasi warga gunung kelud
d. Awu vulkanik lan lahar Gunung Kelud
e. Gunung Kelud mbledhos

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah
iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
26. Kapan kadadeyan iku kelakon? Pitakonan iku isa dijawab kanthi wangsulan….
a. Jam 12.00 nganti jam 18.00
b. Dina Jumat Wage
c. Jam sanga luwih limalas
d. Surya kaping 13 sasi pebruari 2014
e. Jam 10. 00 bengi

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah
iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
27. Ukara sing ora jumbuh karo teks kasebut yaiku..
a. Kadadyan iku dumadi ing sasi pebruari
b. Warga ngrasakke kerugian sing ora sithik
c. Kegiyatan warga diendheg sawetara
d. Status Gunung Kelud malih saka siaga dadi awas
e. Radius 10 km saka Gunung Kelud disterilke

Gatekna Wacan ing ngisor iki!


Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah
iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.
28. Pitakonan sing ora ana wangsulane ing teks ing ndhuwur yaiku..
a. Ana ngendi kadadeyan iku kalakon?
b. Sepira kerugiane warga ing kawasan Gunung Kelud?
c. Kapan kadadeyan iku kelakon?
d. Kenangapa warga kudu ngendhegake kegiyatan?
e. Sepira ambane radius sterilisasi kawasan Gunung Kelud?

29. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa.
Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta
lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha

30. Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha

31. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun saka
pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake kanggo nampa
tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luwih raket,
ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana uga bagean papan
kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang kamar yaiku
sisih tengen lan kiwa.
Bagean joglo ingkang dipunginakaken kangge pagelaran seni tradisi inggih punika….

A. pendhapa
B. pringgitan
C. omah ndalem
D. senthong tengen
E. senthong kiwa

32. Ruwangane jembar tanpa ana sekat-sekat, digunakake kanggo nampa tamu utawa ruwang
kanggo dolanan bocah-bocah. Papan kanggo kumpul kulawarga. Wujudw pesagi lan
nduweni patang tiang (saka guru) kang ana ing tengah-tengah.
Andharan kasebut nduduhaken wujud bagian griya joglo ingkang dipunwastani....
A. Pringgitan
B. Pendhapa
C. Senthong kiwa
D. Dalem ageng
E. Senthong tengah
Gatekna Wacan Jawa ing ngisor iki!
Yen omah Joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional kasusun saka pirang-pirang
bagean kadya pendhapa, pringgitan lan uga omah dalem/omah njero. Pendhapa yaiku bagean
omah Joglo umume digunakake kanggo nampa tamu. Pendhapa mapane ana ing ngarepan lan
ora ana pagere. Iki duweni teges yen wong Jawa iku ramah la ora milih-milih tamu. Saliyane
iku pendhapa biasane ora ana kursine. Kang ateges antarane tamu lan sing kagungan omah
derajate padha. Dene pringgitan dadi simbul yen sing kagungan omah mung wayang. Ora mung
ngandhut simbul lan filosofi kag adiluhung, omah joglo uga omah kang “tahan gempa”. Dene,
pringgitan iku bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luweh raket, ananging
fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Omah ndalem utawa omah njero papan
kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang kamar utawa senthong,
yaiku tengah, tengen, lan kiwa.
33. Bagean omah Joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu yaiku…
A. Pringitan
B. Senthong kiwa
C. Senthong tengen
D. Senthong tengah
E. Pendhapa

34. Ing ngisor iki kalebu jinising omah joglo, kejaba…


A. Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit,
B. Joglo Mangkurat, Joglo Hageng, Joglo Lawakan,
C. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Jompongan, Joglo Pringgitan
D. Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Regolan
E. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Regolan, Joglo Pringgitan

35. Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan minangka
panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang kagiyatan suci
sanesipun.
Saking pethilan wacan kasebut, nilai-nilai ingkang kaandhut inggih punika.....
A. Agama
B. Politik
C. Sosial
D. Budaya
E. Ekonomi

36. Ruwangane jembar tanpa ana sekat-sekat, digunakake kanggo nampa tamu utawa ruwang
kanggo dolanan bocah-bocah. Papan kanggo kumpul kulawarga. Wujude pesagi lan
nduweni patang tiang (saka guru) kang ana ing tengah-tengah.
Nilai ingkang kaemot ing andharan kasebut, yaiku......
A. Estetika
B. Etika
C. Sosial
D. Religi
E. Ekonomi

37. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun saka
pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake kanggo nampa
tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luwih raket,
ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana uga bagean papan
kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang kamar yaiku
sisih tengen lan kiwa.
Paragrap kasebut ngandharaken endahipun Joglo ingkang kaperang wonten pinten-pinten
bagean ing salebetipun. Pramila menika joglo menika ngemot nilai inggih punika….

A. Pendhidhikan
B. Sosial
C. Moral
D. Etika
E. Estetika

38. Ruwangan ingkang jembar tanpa sekat-sekat, dipunginakaken kangge nampi tamu utawi
ruwang kangge dolanan lare-lare. Papan kangge kumpul kaluwarga. Wujude pesagi lan
kagungan sekawan tiyang (saka guru) ing tengah-tengah.
Andharan kasebut kaemot ing andharan kasebut, yaiku ....
A. Sosial
B. Estetika
C. Etika
D. Ekonomi
E. Religi

39. Wong Jawa nduwe privasi. Tegese, saben wong nduwe rahasia sing cukup diweruhi
keluargane dhewe lan ora perlu diumbar.
Ukara kasebut nuduhake filosofi saka bagean omah joglo yaiku…
A. Pringgitan
B. Gandhok
C. Pawon
D. Pakiwan
E. Omah Ageng

40. Yen dideleng saka fungsine, perangan iki nduweni filosofi yen awake dhewe kudu gemi
setiti lan ngati-ati. Maksude yaiku manungsa kudu irit, ora boros, ora ngumbar aibe lan
tansah ngati-ati nalikane tumindak. Ukara kasebut minangka gambaran saka filosofi
bagean omah joglo, yaiku….
A. Pringgitan
B. Gandhok
C. Pawon
D. Pakiwan
E. Omah Ageng

41. Gatekaken panyeraran ukara mawi aksara Jawa menika!


1.

2.

3.

4.

Ukara mawi aksara Jawa kasebut ingkang migunakaken sandhangan mandaswara inggih
punika….

A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 3
D. 2 lan 4
E. 3 lan 4

42.

Saka ukara ing dhuwur, tembung kang nggunakake sandhangan manda swara yaiku…
A.

B.

C.

D.

E.

43. Ukara sing ngandhut sandhangan mandaswara, yaiku.....

A. .

B.

C.

D.

E.

44. Wacan ing ndhuwur nyeritakke bab panggonan umum, yaiku…


A. Supermarket lan hypermart
B. Pasar lan sekolahan
C. Toko lan ruko
D. Mall lan pasar
E. Sawah lan kebon
45. Miturut wacan ing ndhuwur, dijelasake persamaan antarane pasar lan sekolah. Kajaba ….
A. Papan sarana umum
B. Digunakke wong akeh
C. papan kanggo golek kawruh
D. kanggo sapa wae
E. Ora bedak-bedakke wong

46. Ing wacan ndhuwur, ana paribasan watek sing ora oleh dinduweni tumrape wong golek
kawruh, yaiku..
A. Gajah ngidak rapah
B. Kebo nusu gudel
C. Adigang adigung adiguna
D. bathok bolu isi madu
E. Cecak nguntal elo

47. Dene watek sing kudu dinduweni tumrape wong golek kawruh ing wacan kasebut
yaiku…
A. Adigang adigung adiguna
B. gajah ngidak rapah
C. Kebo nusu gudel
D. bathok bolu isi madu
E. Cecak nguntal elo
48. Pasar lan sekolahan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

A.

B.

C.

D.

E.

49. Golek kawruh. Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi…

A.

B.

C.

D.

E.

50. Adigang adigung… paribasan kasebut dijangkepi nganggo tembung kang trep yaiku…

A.

B.

C.

D.

E.

You might also like