Ramuan Tradisional Untuk Meningkatkan Imun Kala Pandemi Covid

You might also like

You are on page 1of 2

Ramuan tradisional untuk meningkatkan imun kala pandemi Covid-19.

Ayo buat bersama ramuan pelawan Covid-19 !

Ramuan 1 :
Siapaken bahan-bahan : 1. Jahe Abang (2 ruas), 2. Jeruk nipis (1 buah), 3. Kayu Manis (3 driji), 4. Gula
Jawa (sakperlune), 5. Banyu mateng (3 cangkir).

Carane nggawe :

Cuci kabeh bahan, jahe abang dikumbah resik banjur diremuk. Banyu digodhog nganti akeh uap,
suda panas lan rebus kabeh bahan sing wis disiapaken bareng karo gula jawa suwene 15 menit.
Banjur saring ing kahanan sing adhem. Ramuan diombe sadina ping siji saakeh kalih tengah
gelas.

Ramuan 2 :

Siapaken bahan-bahan : 1. Kunir (sak driji), 2. Lengkuas (sak driji), 3. Jeruk nipis (1 buah), 4. Banyu ( 3
cangkir), Gula jawa (Sakperlune).

Carane nggawe :

Kabeh bahan dikumbah resik. lengkuas lan kunir diremuk. Banjur rebus banyu nganti umob, nyuda
panas lan lebokake kabeh bahan, tunggu udakara separo banjur dipateni, saring ing kahanan adhem.

Ramuan 3 :

Siapaken bahan-bahan : Banyu anget (1 gelas), madu (sakperlune), bawang putih (2 butir)

Carane nggawe : Bawang putih dikumbah resik banjur diremuk/diuleg nganti alus. Campurake air
hangat lan ditambah madu sakperlune. Aduk nganti kabeh bahan kecampur.

Ramuan 4 :

Siapaken bahan-bahan : 1. Lemon (siji), 2. Madu (2 sdm)

Carane nggawe : Buah lemon dikumbah resik, banjur diperes lan dicampurake 2 sdm madu. Aduk
nganti kabeh kecampur rata.

Ramuan 5 :

Siapaken Bahan-bahan : 1. Godhong Kelor (2 genggem), 2. Banyu bersih (2 cangkir)

Carane nggawe : Banyu digodhok nganti umeb lan geni dipateni. banjur godhong kelor dilebokaken
bareng banyu godhog. Yen wis adhem, banjur disaring.

Pilih jinis tanduran sing cocok miturut resep

Komposisi bahan kasebut perlu dicermati lan kudu pas, aja lewih lan aja kurang

Nalika nggodhok nganggo geni cilik, udakara 15 menit

Piranti masak, aja nggunakne bahan saka aluminium, timah, lan tembaga

Perlu ati-ati panggunan ramuan nang ibu hamil lan nyusoni

You might also like