You are on page 1of 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdullilahirobbilalamin Wabihi nasta'inu 'ala umuridunya wadin wassholatu wassalamu 'ala


asrofil ambiya'i wal mursalin wa 'ala 'alihi wa askhanihi aj'main 'ama ba'du

Dhumateng Bapak Bapak Triyono minangka Kepala Desa Nglaran ingkang dhahat kinurmatan

Ingkang kinurmatan Ingkang kinurmatan Bapak Ibu perangkat Desa Nglaran

Para tamu undangan saha kanca- kanca ingkang bagya mulya.

Sakderengipun sumangga kula saha panjenengan sedaya ngonjukaken raos puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti ingkang Maha welas lan asih, ingkang sampun paring kasarasan,
kawilujengan dateng kula panjenengan sedaya, satemah wonten ing kalodangan menika, kula
panjenengan saged lenggah pepanggihan ing sasana menika saperlu nindakaken Syawalan ing
dinten ingkang fitri.
Sakderengipun, kula ngaturaken panuwun dhumateng para sadherek ingkang sampun
ngalodangaken wekdal saengga saged kempal sesarengan wonten ing adicara Halal Bi Halal
dinten menika. Boten kesupen kula ugi ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten awit
sedaya kalepatan ingkang kula sengaja menapa dene boten kula sengaja. Mugi- mugi Bapak Ibu
saha para rawuh sedaya kersa paring pangapura dateng kula, lan mugi- mugi ing dinten riyadi
menika dosa kula tuwin panjenengan sedaya saged dipunlebur dening Allah SWT, Aamiin.
Para Rawuh ingkang tansah bagya mulya.

Silaturrahim menika ancasipun ngraketake pasedherekan. Salah sawijining donga ingkang


makbul inggih menika donga saking sedherek, menapa malih ingkang dipun dongaaken boten
mangertos upami sampun dipundongani. Sanadyan, sakmenika kula panjenengan taksih sami
ngadepi pagebluk Corona. Pramila saking menika wonten acara halal bi halal menika kula
panjenengan kedah njagi protokol kesehatan, njagi jarak lan ampun kesupen ugi ngagem masker.
Para Rawuh ingkang kinurmatan

Tradisi syawalan menika asalipun saking Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Ario Mangkunagoro I
ingkang ngempalaken punggawa lan prajurit istana kangge sungkem dhumateng Adipati lan
Permaisuri sakbibaripun Idul Fitri. Dene Halal bihalal menika tembung saking basa Indonesia
ingkang ngginakaken tembung basa Arab. Wonten negari Arab piyambak boten wonten acara
halal bi halal, saengga halal bi halal menika tradisi ingkang khas saking Indonesia. Halal bi halal
nggadahi teges sami nglebur menapa kemawon ingkang boten sae, kados dosa lan luput
dhumateng tiyang sanes.

Salah satunggaling hikmah ingkang saged dipunpendhet saking adicara halal bi halal menika
inggih menika ukhuwah islamiyah. Rumaketipun tali pasedherekan antawisipun kula saha
panjenengan sedaya. Raos lara ati, meri, sengit saha grenengan ingkang kula saha panjenengan
sedaya lampahi, mugi saged sirna bilih wonten kaeklasan kaliyan dipunsupenaken. Kados pundi
ingkang sampun dipunserat wonten ing Al-Qur’an:

ِ ْ‫ُخ ِذ ْال َع ْف َو َو ْأ ُمرْ بِ ْالعُر‬


َ‫ف َواَ ْع ِرضْ ع َِن ْال َجا ِهلِ ْين‬

“Dadia kowe wong kang ngapurani lan dhawuha uwong nindakake ingkang sae, sarta ninggalake
uwong-uwong ingkang bodho.” (QS. Al-A’raf:199)
Awit saking menika, kula nyuwun dhumateng para rawuh sedaya supados sesarengan
ngeklasaken menapa kemawon ingkang nglarani penggalih ingkang dipunsebabaken tangga, saha
kanca srawung. Sumangga kula saha panjenengan dados fitrah utawi suci dhiri saha
penggalihipun kanthi dinten idul fitri menika.

Mekaten para rawuh ingkang saged kula aturaken, mugi- mugi adicara Halal Bi Halal menika
saged sangsaya ngraketaken pasedherekanipun kula lan panjenengan sedaya, lan mugi – mugi
kula lan panjenengan sami dipunparingi yuswa panjang, satemah saged anglampahi ibadah siyam
malih wonten ing Ramadhan taun ngajeng.
Wasana cekap sematen anggenipun kula matur, mbok bilih anggenipun kula ngayahi jejibahan
menika kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, amargi cupeting
seserepan, kula nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Matur
nuwun.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

You might also like