You are on page 1of 2

NAMA : MOH.

ALFARIZA NAZWA NI’AM

KELAS : X TPM 3

NO. ABSEN : 02

MAPEL : B. JAWA

1. Artikel

Dampak Lingkungan Kang Reget lan Polusi Sampah

Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku dadi perkara nasional.
Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak
estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.

Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku
infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amargalaler utawa coro kang bisa
nggawapenyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk.

lemahMbuang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong
kang  hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing
padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing.

Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa
ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah dibuang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasar
kali lan nyebabake pendangkalan dhasar kali. Mula ing mangsa rendeng, kali ora bisa nampung banyu,
lan bisa nyebabake banjir.

Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran pernapasan, amarga
kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kui yen mlebu ing paru-paru bisa nyebabake sesek, apa
maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-paru.

Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik, saengga bisa nyebabake bencana
saumpama banjir, tanah longsor, lan sakpiturute. Apa meneh lingkungan kang ora becik bisa nyebabake
penyakit ing masyarakat, kayata DBD, chikungunya, lan sakpiturute. Mula masyarakat perlu sadhar lan
peduli dening lingkungan.
Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora sadhar ngengengi
babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat,
saengga kita wajib njaga kebersihan lan kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas
polusi.

A). Pambuka

Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku dadi perkara nasional.
Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak
estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.

B). ISI

lemahMbuang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong
kang  hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing
padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing.

C).DUDUTAN

Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora sadhar ngengengi
babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat,
saengga kita wajib njaga kebersihan lan kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas
polusi.

2. ukara lamba :

1. sampah iku dadi perkara nasional.


2. kualitas kesehatan warga masyarakat
3. sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali.
4. Lingkungan kang reget lan kebak polusi
5. sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-paru.

Ukara camboran :

1. Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik


2. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing padesan
3. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat
4. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas polusi.
5. lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat

You might also like