Professional Documents
Culture Documents
Jaka Tarub
Jaka Tarub
Ing jaman semono, ing sawijining desa, ana bocah lanang sing jenenge Jaka Tarub. Dheweke urip karo ibuk e
sing diarani mbok rondho. Bapak e Jaka Tarub uwis suwi sedo. Sak bendina ne Jaka Tarub lan mbok Rondho nandur pari
ing sawah.
Ing sawijining wengi Jaka Tarub ngipi, ing ngipi ne Jaka Tarub nduweni garwa sing ayu rupane. Nanging ing
tengah-tengah ngipi Jaka Tarub tangi.
BABAK 1
Jaka Tarub : “haduh tibakne mung ngipi, mending aku metu ae ndelok lintang-lintang.”
Gak suwi, krungu suwara kluruk pitik sing nandakake isuk wis tumiba. Mbok Rondho tngi lan siap-siap ing
sawah.
Mbok Rondho : “awakmu nyapo ing kene? Biasane ijek turu ning kamar.”
Jaka Tarub : “mboten napa-napa, kula lagi nyiapake alat-alat kangge teng saben.”
Mbok Rondho : “yowes ayo ndang mlebu, mbok tak masak sarapan, koe gek ndang ngurupne geni ing tungku.”
Sak wise sarapan, Jaka Tarub lan mbok Rondho budal ing sawah sing gak adoh soko omahe.
Ing khayangan, ana kerajaan widodari. Raja ing khayangan nduweni 6 putri widodari kang ayu-ayu rupane. Putri kang
ragil nduweni rupa kang paling ayu, jenenge Nawang Wulan.
BABAK II
Ratu : “wiwit wau kula mung ngertos Nawang Sari mawon, la putri-putri laine teng pundi?”
Raja : “aku ugung ngerti liane, Nawang Sari, awakmu opo ngerti adhi-adhimu ana ing ngendi?”
Nawang sari : “nyuwun ngapunten romo, kula mboten ngertos adhik-adhik dateng pundi”
Raja : “mesti adhi-adhimu lunga mbuh parane tanpa pamit rama dhisik.”
Ratu : “nggih kanda, putri-putri kita iku kados kanda, sing remen petualang.”
Raja : “nanging Nawang Sari luwih mirip dinda, dheweke seneng kedamaian lan moco ing wayah longgar.”
Ora suwe saka kadohan krungu suwara ngguyune widodari sing lagi muleh mbuh teko ngendi parane. Dheweke
banjur mlebu ing istana.
Raja : “iya. Putri-putriku dina iki rama durung weruh awakmu kabeh, teko ndi wae?”
Nawang Wulan : “nggih ibu, ketingale toyo ing telaga iku bening sanget, bu”
Ratu : “apa awakmu kabeh ora wedi yen katon dening manungsa?”
Raja : “kepriye yen kedadeyan ing awakmu kabeh? Apa awakmu iso njoga awakmu dewe?”
Nawang anjani : “inggih rama, kula saget njagi awak kita sedaya. Teng mriki hawanipun panas sanget. Kito kepingin
golek suwasana sing anyar”
Nawang sari : “sepuntene rama. Apa kula pareng ndherek kaliyan mbakyu lan adhik adhik? Kula kepingin sanget bisa
ngertos bumi niku kados napa, rama”
Raja : “budalo putri putriku. Tapi iling yen ana terompet kerajaan muni awakmu kabeh kudu mbalk ing istana”
Nawang wulan : “inggih rama, kula ngertos. Kito bakal balik ing istana yen terompet kerajaan muni “
Ratu : “iyo. Ojo sampek ana manungsa seng ngerti awakmu kabe. Ati ati putriku”
Sak wise mbalik seko sawah, mbok rondho lan jaka tarub mulih menyang omah karo nggowo hasil panen. Pas
ning omah dheweke omong-omongan lan mangan.
BABAK III
Mbok rondho : “le, ana sing pengen mbok omongne ning awakmu”
Mbok rondho : “le, mbok ndelok awakmu wis gedhe, wis pantes yen nduwe bojo. Mbok kepingin bisa nduwe putu sak
durunge mbok ora ana.”
Mbok rondho : “tapi yen mbok wis ora ana, sapa sing bakal ngurusi awakmu?”
Krungu omongane mbok rondho, jaka tarub mikir yen ana sing ora beres dening keadaane mbok e. jaka tarub
mung iso meneng lan mikirake omongane mbok e.
Sesok e jaka tarub sing wis tangi banjur siap-siap lunga menyang sawah. Ananging dheweke ngurungake niate
amarga dheweke ngerti yen mbok e ketok ora sehat. Jaka tarub khawatir yen ana kedadeyan ala sing kedadeyan marang
mbok e yen mbok e melu menyang sawah.
Mbok rondho : “nyapo koe ora siap siap lunga ing sawah, le? Mengko awakedewe kawanen”
Jaka tarub : “luwih becik dinten niki, kita mboten sah dateng sawah mbok. Mbok ketingal kirang sehat. Kula badhe
berburu mawon dinten niki”
Mbok rondho : “yowes yen iku pengenmu. Ibu ya ngrasa yen kurang sehat dina iki”
Jaka tarub : “mbok, luwih becik leren wae kula bakal cepet wangsul lan gawa hasil buronan kangge awakdewe mangan”
Mbok rondho : “apa awakmu pengen mbok gawekne panganan kanggo ning alas mengko le”
BABAK IV
Nawang lintang : “rasane aku mau ngipi yen awakku rasane seger banget gara-gara kenek banyu sing seger”
Ing taman nawang wulan ngampiri nawang sari lan nawang anjani sing lagi lungguh ing taman
Nawang anjani : “iya adhikku ana apa? Hmmmm…. Wangi tenan awakmu dek”
Nawang wulan : “dina iki kan adewe bakal menyang bumi, dadi kudu wangi”
Nawang sari : “eh iya mbakyu ameh lali yen adewe bakal menyang bumi mbakyu ya ameh siap-siap disik”
Nawang anjani : “yowes saiki kowe lunga menyang gone nawang dewi lan nawang lintang ya, paling dheweke isih turu
dadi kowe sing nangekake nawang dewi lan nawang lintang lan kongkonen siap-siap.”
Karo ngarasa seneng nawang wulan nekani nawang dewi lan nawang lintang kanggo ngewenehi ngerti yen
dheweke arep budal menyang bumi
Nawang wulan : “aduh mbakyu ambu ne sampeyan kok ra enak ta ki, mesti sampeyan durung adus mengko ibu nesu lo
yen awakedewe menyang bumi ananging durung adus”
Nawang wulan : “awake dewe badhe menyang bumi, awake dewe badhe adus menyang telaga”
Nawang lintang : “oo iyo ya aku lali yen awake dhewe arep menyang bumi”
Nawang dewi : “lo arep ngapa? Awake dhewe kan arep adus ning bumi dadi saiki gausah adus”
Nawang lintang : “la bener nawang dewi, saiki kowe ndang metu wae huss huss”
Sawise bar siap-siap para widodari banjur menyang bumi nganggo selendang, amarga selendang iku siji-sijine
alat kanggo dheweke lunga tanpa anane selendang, para widodari ora bisa menyang kayangan
BABAK V
Sawise pamit karo mbok rondho, jaka tarub langsung menyang ing omahe tole yaiku sahabate. Jaka tarub
menyang omahe tole kanggo ngajak tole lunga berburu ing alas bareng-bareng. Jaka tarub banjur nekani tole sing
lungguh ing ngarep omahe.
Jaka tarub : “aku pengin ngajak berburu ing alas kowe isa ta?”
Tole : “oalah aku lagi ora ana gawean iki, ayo budhal”
Jaka tarub : “oalah, sip nak ngono. Ayo ndang budhal ing alas”
Ing alas dheweke banjur golek kewan buronane dheweke. Nalika berburu dheweke ketok serius. Ananging
dheweke ora entuk kewan. Akhire dheweke golek panggonan kanggo leren.
Jaka tarub : “iki kewan e padha ning ndi ya kok ra ana sing lewat”
Jaka tarub : “kesel aku le mending awakedewe ning ngisor wit kanggo leren lan mikir piye carane nyekel kewan”
Jaka tarub : “le kowe kok tumben nyantai ning omah biasane kowe repot ing pasar”
Tole : “iya jak ing pasar lagi ora rame kaya biasane dadi aku ora ning pasar disik sisan leren”
Tole : “kowe dewe nyapo ora ning sawah karo simbok, kok malah berburu”
Jaka tarub : “si mbok lagi sakit, saiki si mbok ana ing omah lan aku mending lunga berburu amarga wingi hasil panen
lumayan akeh kanggo wektu ngarep.”
Tole :”yowis ayo golek maneh mending saiki awakedewe pisah wae, kowe menyang telaga aku menyang alas ing kana”
Sawise dheweke pisah arah, jaka tarub banjur menyang alas. Nalika jaka tarub ana ing cedhake telogo, tanpa di
sengojo jaka tarub krungu swara wong wadon seng lagi guyon.
Jaka tarub : “kayak e aku krungu swara wong wadon seng lagi guyon. Hmmmm, neng ndi yaa. Waahh ono wong wadon
limo ayu-ayu. Ketoke salah sijine antarane wong limo kuwi jodohku.”
Jaka tarub mlaku ana ing cedhak telogo. Banjur dheweke nemokanke klambi wong wadon mau pececeran.
Sawise milih dheweke jipuk salah siji selendang lan di dhelikake. Jaka tarub langsung golek papan kanggo dheweke
dhelik supaya ora konangan.
BABAK VI
Para widodari ora sadar yen salah siji selendange wes di jipuk. Amarga saking asik e dolanan banyu telaga. Ora suwe
krungu swara terompet saka kahyangan. Sesuai karo janjine yen krungu swara terompet, para widodari kudu bali ing
kahyangan.
Nawang anjani : “cepet adhi-adhiku wektune awake dewe muleh ing kahyangan. Rama wes nimbali awake dewe supaya
mantuk”
Nawang wulan : “tapi mbak yu, selendang ku abang mboten wonten. Aku ora bisa mantyk tanpa selendangku.”
Nawamg lintang : “kepriye iki? Padahal selendang nawang wulan mau ana ing andeng selendangku.”
Nawang dewi : “aku wes nyoba nggoleki selendang nawang wulan, tapi ora ketemu.”
Nawang sari : “iyo, aku wes nyoba nggoleki. Apa seng kudu kito lakokne mbak?”
Nawang anjani : “awake dewe ora bisa terus neng kene. Awake dewe kudu muleh ing kahyangan saiki. Sepurane dek,
ketoke wes takdirmu urip ing bumi.”
Nawang wulan :”tapi mbak yu piye karo aku seng neng kene?”
Nawang anjani : “awake dewe ora iso nglakokanke apa-apa. Jaga awakmu ing kene, selamat tinggal nawang wulan.”
Kepapat widodari ayu iku akhire ninggalake nawang wulan dhewekan. Selendang abange nawang wulan isek
durung di temokake. Nawang wulan ngroso sepi lan nangis ing pinggir telogo.
BABAK VII
Jaka tarub akhire metu saka panggonane dhelik. Dheweke nyedaki nawang wulan lan nglipurake.
Nawang wulan : “selendang abangku ilang. Aku ora iso mbalek ning kahyangan yen ora ana selendang kuwi.”
Jaka tarub : “ora usah wedi ngono, aku ora arep nglarani widodari ayu koyo awakmu iki. Ketimbang tinggal ning alas iki
dhewekan, kepriye yen awakmu melu aku ning omahku? Awakmu iso tinggal ning omahku kanggo sawetara wektu.”
Jaka tarub : “iyo, awakmu iso tinggal sekarepe awakmu gelem. Nggonen slendang iki!”
Jaka tarub : “jeneng sing apik. Aku jaka tarub, ayo melu aku.”
Mbok rondho : “awakmu wes balek jaka? Apa awakmu entuk kewan buruane?”
Jaka tarub : “datheng alas kewanipun mboten wonten seng lewat mbok. Niki kenalipun nawang wulan mbok.”
BABAK VIII
Mbak-mbak e nawang wulan ngroso wedi kanggo ngadepi rama ne, dheweke wedi yen rama lan ibu bakal nesu
amarga balik kayangan tanpa nawang wulan. Sing diwedeni akhire kedadeyan tenan.
Ratu Kayangan : “ning endi Nawang Wulan? nyang apa kowe mulih tanpa adhimu?”
Nawang Anjani : “nuwun pangapunten Rama, Ibu. Nawang Wulan mboten saget wangsul dhateng kayangan
amergi selendangipun ical”
Raja Kayangan : “Rama keciwa karo kowe kabeh, merga ora iso njaga adhimu”
Ratu Kayangan : “yowis.. aja padha nyalahake. Paling wis takdire Nawang Wulan kanggo tinggal ana ing
Mayapada”
Raja Kayangan : “apa sing kudu kita nindakake kanggo Nawang Wulan, dinda?”
Ratu Kayangan : “paling wis takdire Nawang Wulan netep ing bumi. Kita ora perlu nindhakake apa-apa.
Pangarep arep ae muga-muga ora ana kedadeyan ala.
BABAK IX
Sawise sak wetara sasi, Jaka Tarub pengin nikah karo Nawang Wulan. Salah sawiining dina, Jaka
Tarub ngomongake maksude kuwi. Amerga ngerasakne ora nduwe ni sapa-sapa ing bumi iki, Nawang Wulan
nerima tawaran Jaka Tarub. Wiwit nikah karo Nawang Wulan, Jaka Tarub urip kacukupan. Panene akeh
banget lan lumbung sing diwenehi pari ora tau kekurangan. Sandhangane Nawang Wulan didhelekne Jaka
Tarub ing lumbung kuwi.
Jaka Tarub : “ora ana alangan Wulan, saya suwe saya akeh”
Nawang Wulan : “nanging awakmu kudu tetep makarya sing tenanan, merga wayah tiga bakalan arang panen”
Jaka Tarub : “iya Wulan, aku mesti tetep makarya sing tenanan”
Banjur dheweke ndue anak jenengen Nawang Asih. Dheweke urip mulya lan ngopeni Nawang Asih
sak genepe ati. Sakwise Nawang Asih gedhe, masalah antarane Jaka Tarub lan Nawang Wulan saya akeh.
BABAK X
Salah sawijining dina, Jaka Tarub muleh saka sawah luweh dhisek merga wektu panen arep bar.
Jaka Tarub mulih ning omah nggawa panganan senengane Nawang Asih.
Nawang Asih : “bapak sampun wangsul, biasanipun bapak wangsul wayah dhahar awan”
Jaka Tarub : “dina iki kerjaane bapak cepet bar, dadi bapak muleh cepet”
Nawang Asih : “ibu masak ing pawon pak, nanging ibu mboten purun diganggu”
Nawang Asih : “nanging pak, menapa saben ibu masak kula mboten diijini mbukak tutup dandang?”
Jaka Tarub : “paling ibumu ora pengen tanganmu lara amerga tutup dandange panas”
Sawise krungu pitakonan saka Nawang Asih, Jaka Tarub dadi kepingin ngerti. Saben dina dheweke lan
kulawargane tansah mangan sega, nanging lumbunge ora pernah kelong kaya ora ana beras sing dimasak.
BABAK XI
Salah sawijining dina, Nawang Wulan pengen lunga menyang kali. Jaka Tarub diwelingi Nawang
Wulan aja mbukak tutup dandang.
Nawang Wulan : “Jaka, aja dibukak tutup dandang iki apa wae sing kedadeyan”
Nawang Wulan : “wis ta, lakokake apa sing tak omong mau. Saiki aku badhe pamit lunga menyang kali, Jaka”
Nanging amerga Jaka Tarub penasaran, pungkasanipun dheweke ndelok apa sing ana ing dandang
kuwi. Lan isine mung sak wiji beras. Pungkasanipun, Jaka Tarub ngebenke beras kuwi ana ing njero. Sakwise
Nawang Wulan mulih, dheweke takok marang Jaka Tarub babagan welingane mau.
Jaka Tarub : “aku ngerti, nanging aku penasaran menapa parine awakdhewe gak pernah entek. Dene
awakdhewe tansah mangan sega”
Nawang Wulan sedih amerga wiwit kuwi kudu masak sega kaya manungsa biasa. Dheweke kudu
numbuk pari akeh sakurunge dadi beras lan dimasak dadi sega. Amerga dimasak terus, suwe-suwe pari ning
lumbung entek. Alon-alon, parine entek nanging urung wayahe panen. Sawijining dina, Nawang Wulan arep
njipuk pari. Tibake ana kain sing kkaton ing mburi tumpukan pari. Nalika dibatek, tibake kuwi selendang
widodarine.
Sawise Nawang Wulan ngerti selendange dicolong bojone yaiku Jaka Tarub. Nawang Wulan mutusake
arep mbalik ning kayangan ninggalake Jaka Tarub lan anake.
Nawang Wulan : “kula kepingin sampeyan ngerumat, supaya dados tiang kang apik kados jenengan. Jaga
anake awakdhewe”
Jaka Tarub : “nanging, dinda. Aku ora sanggup jaga Nawang Asih dhewekan”
Nawang Asih : “ibu… mboten pareng ninggalne Asih dhewekan” (nangis karo ngrangkul ibune)
Jaka Tarub : “apa dinda tega ninggal Asih dhewekan tanpa dinda ing kene?”
Nawang Wulan : “nanging ing mriki mboten dalem kula. Dalem kula dating kayangan, mboten mriki”
Akhire Jaka Tarub lan Nawang Asih ngikhlaske lungane Nawang Wulan
Nawang Wulan : “ibu ora lunga adoh, ibu bakal ngawasi kanda lan Asih saka kayangan”
Jaka Tarub : “selamat jalan Nawang Wulan, aku tetep nunggu awakmu bali. Ati-ati Nawang Wulan”
Nawang Wulan banjur miber moro ing kayangan, ninggalne Jaka Tarub ing penyesalan.