You are on page 1of 1

Dampak Lingkungan Kang Reget lan Polusi Sampah

Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku
dadi perkara nasional. Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas
kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko
bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.
Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik
kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan
sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah
kang numpuk.
Mbuang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen
ana wong kang hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo
uripe masyarakat ing padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu
proses banyu ngresep ing lemah.
Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening
mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah
dibuang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasar kali lan nyebabake pendangkalan
dhasar kali. Mula ing mangsa rendeng, kali ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake
banjir.
Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran
pernapasan, amarga kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kui yen mlebu ing paru-
paru bisa nyebabake sesek, apa maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake
kanker paru-paru.
Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik, saengga
bisa nyebabake bencana saumpama banjir, tanah longsor, lan sakpiturute. Apa meneh
lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat, kayata DBD,
chikungunya, lan sakpiturute. Mula masyarakat perlu sadhar lan peduli dening
lingkungan.
Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora
sadhar ngengengi babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara
lingkungan iku perkara kabeh masyarakat, saengga kita wajib njaga kebersihan lan
kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas polusi.

Nama : YUNENDA ERSANA

No : 32

Kelas : X MIA 1

You might also like