You are on page 1of 2

PRANATACARA SYAWALAN

Alhamdulillahirobbilalamin.
assolatu wassalamu’ala asrofil ambiya’i wal mursalin, wa’alaihi wasobihi, aja’ ma ngin ama
ba’ddhu.

Dhumateng panjenengan Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, bapak ibu guru lan
karyawan ingkang kula bektosi, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puji syukur sumangga kula lan panjenengan aturaken wonten ngarsa dalem Gusti ingkang
sampun paring mapinten-pinten kenikmatan saha kasarasan saengga kula lan panjenengan saged
nglempak lenggah pepanggihan ing sasana punika saperlu nindakaken syawalan ing dinten
ingkang fitri.

Para rawuh ingkang kinurmatan,


            Gegandengan wekdal sampun dungkap siang, pramila adicara punika enggal dipun
awiwiti. Ananging sakderengipun, kula badhe maosaken rantaman adicara ingkang badhe
lumampah wonten ing kalodangan punika, nun inggih :
1. Pambuka
2. Pamaosing ayat suci Al-Qur’an dening Bapak Usman
3. Tanggap wacana saking Bapak Puji
4. Iqrar syawalan
5. Inti syawalan yaiku jabat asta
6. Purnaning adicara lan panutup

Para rawuh ingkang kinurmatan,


Adicara menika sumangga kita wiwiti kanthi maos Basmalah sesarengan
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim-----------------------------------------------
Mugi-mugi kanthi waosan Basmalah punika Gusti Allah paring rahmat lan adicara punika saged
lumampah kanthi wilujeng purwa madya enggal wusana.
            Salajengipun, pamaosing ayat suci AL-Qur’an dening Bapak Usman, kasumanggakaken.
---------------------------------------Bismillahirohmanirohim------------------------------------------------
Matur nuwun.
            Salajengipun, tanggap wacana saking Bapak Puji, kasumanggakaken.
--------------------------------------------------ngendika-------------------------------------------------------
Matur nuwun dening bapak Puji.
            Saljengipun acara kaping sekawan inggih menika Iqrar syawalan ingkang badhe pimpin
dening Bapak Mudo , kasumanggakaken.
----------------------------------------------------Iqrar-----------------------------------------------------------
            Nginjak adicara ingkang gangsal inggih menika inti syawalan ingkang dipun isi jabat asta,
diwiwiti saking Bapak Kepala Sekolah jabat astanipun Bapak Suranto lajeng bapak ibu guru lan
karyawan sarta para siswa. Kula kasumanggakaken.
-----------------------------------------------------salaman------------------------------------------------------
Mugi-mugi kanthi salam-salaman punika, kula lan panjenengan sedaya saged paring pangapura.
AMIN.
            Kanthi mekaten sampun paripurna, ugi ayahan kula minangka pranatacara. Pramila kanthi
punika kula piyambak, nalika salabeting ngaturaken rantamaning adicara wonten kekiranganipun,
kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Cekap semanten saking kula.

Wabilahi taufik wal hidayah


 Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

You might also like