You are on page 1of 3

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PASURUAN

0 PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL


SMP SEJAHTERA PRIGEN
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa) Hari/Tanggal : Rabu, 06 Oktober 2021


Kelas : VIII (Delapan) Nama :
Waktu : 09.00 – 10.00 WIB Nilai :

I. Pilihen siji wangsulan sing bener!

1. Crita leghenda iku kalebu ing jinising kasusastraan lawas kang kasebut. . . .
a. Dongeng c. Epos
b. Fabel d. Sage
2. Sawijining jinis dongeng kang nyritakake kewan-kewan, yaiku . . . .
a. Sage c. Legendha
b. Fabel d. Mite
3. Ing ngisor iki kalebu jinising dongeng, kajaba . . .
a. Legendha c. Wayang
b. Mite d. Sage
4. Legendha iku bisa kaperang dadi papat, kajaba . . .
a. Legendha agama c. Legendha pawongan
b. Legendha alam ghaib d. Legendha mitos
5. Cerita legendha paraga punjere, yaiku . . . .
a. Manungsa c. Malaikat
b. Jin d. Kewan
6. Unsur-unsur kang bangun karya sastra saka njero diarani unsur. . . .
a. Jero c. Jaba
b. Intrinsik d. Ekstrinsik
7. Jaka Tingkir, Lutung Kasarung iku kalbeu jinising legendha. . . .
a. Agama c. Pawongan
b. Alam ghaib d. Papan panggonan
8. Kutha Rembang iku asale saka tembung
a. Rembung c. Rembang
b. Rembug d. Ngrembang
9. Urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita, diwastani . . . .
a. Busaning basa c. Tema
b. Latar d. Alur
10. Busananing basa, ing basa Indonesia asring kasebut. . . .
a. Latar c. Alur
b. Sudut pandang d. Gaya bahasa
11. Katrangan kang nuduhake panggonan lan swasana sajroning crita kasebut. . . .
a. Latar c. Pamawase pangripta
b. Alur d. Tema
12. Paraga punjere ing Legendha Gunung Tangkuban Prahu, yaiku . . . .
a. Dayang Sumbi c. Prabu Sungging
b. Sangkuriang d. Tumang
13. Jinising dongeng kang nyritakake kepahlawananing manungsa lan ngemot bab babad kang dumadi, yaiku . . .
a. Legendha c. Fabel
b. Sage d. Mithe
14. Gunung Tangkuban Prahu iku manggon ing . . .
a. Jawa Timur c. Jawa Barat
b. Sumatra d. Jawa Tengah
15. Paraga kang dadi puncering carita diarani . . . .
a. Paraga utama c. paraga protagonis
b. Paraga sampingan d. paraga antagonis
16. Kutha Salatiga asale saka tembung. . . .
a. Selo telu c. Saka telu
b. Sing salah telu d. Saka tiga
17. Kang dadi gurune Ki Ageng Pandhanaran, yaiku . . . .
a. Sunan Ampel c. Sunan Kalijaga
b. Sunan Bonang d. Sunan Giri
18. Supaya bisa dimangerteni wong akeh, nalikane crita swarane kudu . . .
a. Bengok b. Lirih c. Sero d. Cetha
19. Wong iku kudu duweni watak andhap asor.
Tembung andhap asor kalebu tembung. . . .
a. Saroja b. Garba c. Camboran d. Entar
20. Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih dirangkap dadi siji, kanggo ngurangi cacahing wanda,
kawastanan tembung . . . .
a. Entar c. Garba
b. Camboran d. Saroja
21. Pak handi saiki uripe wis mukti . . . .
Tembung saroja kang trep kanggo nggenepi ukara ung dhuwur yaiku . . . .
a. Banget c. Wibawa
b. Pangane d. Mitra

1
22. Pak Sarwana iku pancen priyagung kang andhap asor.
Tembung priyagung asale saka tembung . . . .
a. Piya + tumanggung c. priya + gunggung
b. Priya + agung d. priya + ngunung
23. Tembung loro sing tegese padha utawa meh padha, digandheng dadi siji utawa dienggo bebarengan, nduweni
teges mbangetake diarani tembung. . . .
a. Saroja c. Garba
b. Entar d. Camboran
24. Tumekeng asale saka tembung . . . .
a. Tumenga + ing c. Tumuju +ing
b. Tuku + ing d. Tumeka + ing

Kanggo soal no. 25-28 gatekna wacan ing ngisor iki!


Kangen
Dening : Sugiarto B Darmawan

“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.”
“Ah... rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi
lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir
alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter
minyak sepining swasanan. Sawuse kuwi sepi maneh. ..........

25. Setting utawa latar panggonan cerita ing dhuwur dumadi ing .....
a. desa b. njero omah c. kutha d. njero kamar
26. Setting wektu cerita ing dhuwur dumadi ing ....
a. wayah sore c. wayah awan
b. wayah bengi d. wayah subuh
27. Perangan cerita cekak ing dhuwur diwangun kanthi swasana .....
a. bungah c. sedhih
b. tentrem d. nesu
28. Sing ora kalebu isine cerkak ing dhuwur, yaiku ....
a. Sarmin saiki lagi nandhang lara, gumlethak tanpa daya
b. Sarmin iku mitrane Parman saka desa
c. Sarmin lan Parman ninggalake desane
d. Sarmin lan Parman saiki ana ing desa sing sep
29. Sing ora kalebu unsur instrinsik ing ngisor iki, yaiku ....
a. paraga c. alur
b. pendidikane pengarang d. watak
30. Lelandhesane crita diarani ....
a. alur b. tema c. paraga d. sudut pandang
31. Sing diarani cerkak yaiku . . . .
a. Karya sastra sing wujude larik-larik kaya ing geguritan.
b. Karya sastra sing wujude larik-larik pacelathon utawa dhialog kaya drama
c. Karya sastra sing wujude gancaran utowo prosa
d. Karya sastra sing wujude larik-larik kaya ing tembang

Kanggo soal no. 32-35 gatekna wacan ing ngisor iki!

Mulih saka sekolah, Agus ora ndadak dolan kaya padatan. Tekan omah njujug kamar, tanpa cucul sepatu lan ganti
pakean, awake diuncalake menyang dhuwur peturon. Atine mangkel, kepingin enggal bisa turu kareben rasa
mangkel sing sumlempit ing atine bisa ilang, ning ora. Mripate isih kelom-kelom. Bola-bali ngaresah.
Wewayangane Maryani sing ora nggape marang dheweke mau ora bisa dilalekne ...................................................

32. Perangan crita ing dhuwur dumadi ing ....


a. Sekolah b. Paturon c. Ruwang tamu d. Kelas
33. Swasana sing dumadi ing crita ing dhuwur, yaiku….
a. mangkel b. bungah c. tentrem d. nesu
34. Paraga utama pethikan crita ing dhuwur yaiku . . . .
a. Maryani b. aku c. Agus d. dheweke
35. Saka crita ing dhuwur, kenapa sejatine Agus iku . . . .
a. Lara sawise mulih sekolah
b. Bingung amarga ora bisa turu
c. Mripate ora bisa merem mikirake tugas sekolah
d. Atine mangkel amarga ora digape Maryani

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis !

1. Jlentrehna apa kang kasebut dongeng! Lan wenehana tuladhane!


2. Sebutna apa wae kang dadi jinising legendha!
3. Sebutna apa wae kang dadi unsur intrinsic legendha!
4. Sebutna perkara-perkara kang kudu digatekake nalika nyeritakake crita!
5. Jlentrehna apa kang diarani tembung garba!

2
3

You might also like