You are on page 1of 2

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PASURUAN

0 PENILAIAN TENGAH SEMESTER GASAL


SMP SEJAHTERA PRIGEN
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Jawa) Hari/Tanggal : Rabu, 06 Oktober 2021


Kelas : IX (Sembilan) Nama :

I. Pilihen siji wangsulan sing bener!

1. Seni drama uga diarani seni ...


a. Ludruk c. Sandhiwara
b. Sinetron d. Kethoprak
2. Ing ngisor iki kalebu tuladhane seni drama tradishional sing isih urip lan diuri-uri, kajaba...
a. Ludruk c. Kethoprak
b. Wayang wong d. Opera van Jawa
3. Seni drama tradisional wujude rupa. . . . .
a. Gamelan sarta tatembangan, migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman kelakone carita sing digelar.
b. Gamelan sarta tatembangan migunakake tabuhan alat modern lan busana modern nut jaman carita sing digelar.
c. Lakon sing sandhiwara karo dandan nganggo busana klasik, tabuhane nganggo alat modern.
d. Lakon sing sandhiwara karo dandan nganggo busana modern, migunakake basa Indonesia lan busana klasik nut jaman
kelakone carita sing digelar.
4. Sing mbedakake antarane kethoprak lan ludruk yaiku. . . .
a. Tabuhan gending pengiring lan siden. c. Busana lan peraga.
b. Basa lan jinis tabuhan gamelan pangiring. d. Basa lan busana peraga pengiring.
5. Kethoprak migunakake basa. . . .
a. basa Jawa Timuran c. basa Jawa Sunda
b. basa Jawa ragam Solo-Jogja d. basa Jawa Barat
6. Kethoprak lahir watara tahun. . .. ing . . . .
a. 1920, Solo b. 1950, Solo c. 1950, Surabaya d. 1992, Surabaya
7. Watara tahun 1950 ing Ngayogyakarta, Kethoprak dadi . . . . .
a. Seni tradishional sing tayang ing TV Nasional.
b. Lelipur rakyat sanjabane kraton
c. Pagelaran seni tradhisional rakyat Ngayogyakarta
d. Lelipur rakyat sak sanjabane Indonesia.
8. Shakespeare, Pangeran Hamlet, lan Sampek Eng Tay kagolong crita . . . . .
a. Crita cekak b. Crita baku c. Crita nagara manca. d. Crita dongeng Jawa
9. Sing kalebu crita pegelaran kethoprak, kajaba . . . .
a. Crita rakyat dongeng c. Legendha
b. Babad d. Crita adhaptasi saka nagara manca kang ora diowahi nggunakake swasana Jawa.
10. Sing kalebu tuladhane crita baku, kajaba . . . .
a. Andhe-Andhe Lumut, c. Warsa-Warsi
b. Klana Sewandana d. Bulus Balapan Mlayu
11. Perhatekno kang jeli tetenger Ludruk ing nisor iki!
(1) Migunakake basa Jawa Surabayan
(2) Migunakake basa Jawa Solo-Jogja
(3) Kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jula-Juli.
(4) Dibukani kanthi tari remo.
Tetenger ludruk kang bener ana ing nomer. . . .
a. (1), (3), (4) b. (1), (2), (3) c. (2, (3), (4) d. Kabeh bener
12. Perhatekno kang jeli pratelan ing nisor iki!
(1) Crita pahlawanan
(2) Crita kang nglempengake bebener
(3) Crita parangan
(4) Ing pungkasane crita sing gawe bebener, tumindak jujur, lan apik antuk kamenangan
Sing kalebu crita klangenan masyarakat arupa pratelan nomer . . . .
a. (1), (3), (4) b. (1), (2), (3) c. (2, (3), (4) d. Kabeh bener
13. Tokoh ing crita drama diarani....
a. Direktor b. Figuran c. Paraga d. Sutradhara
14. Pangeran Wiraguna lan Pangeran saka tlatah Jawa Tengah busanane nganggo . . . .
a. Priyayi Jawa b. Busana sutra c. busana Mesiran d. busana werno
15. Pawongan sing kendel busanane arupa simbol . . . . .
a. Werno ireng b. Werno abang c. werno putih d. werno biru
16. Pawongan suci busanane arupa simbol . . . . .
a. Werno ireng b. Werno abang c. werno putih d. werno biru
17. Busana Mesiran digawe paraga crita . . . . .
a. Pangeran Yogyakarta b. Wicaksana c. Prajurit d. Baghdad
18. Busana sutra uga kasebut . . . .
a. Busana Mesiran c. Busana simbol
b. Busana Narapraja d. Busana klasik
19. Paraga drana nalika rerasan dhewe ing panggung diarani . . . . .
a. Dhialog b. Waranggana c. Epilog d. Monolog
20. Antawacana ugo diarani . . . .
a. Dhialog b. Prolog c. Epilog d. Monolog
21. Sing bisa mujudake pangiring adegan diarani . . . . .
a. Tembang b. Paraga c. Improvisasi d. Pesen (amanat)
22. Wondene unining gamelan ing drama kanggo . .. . . . . .
a. Mbedakake adegan siji lan sijine c. Ilustrasi swasana crita
b. Ilustrasi swasana dramatik d. Pilihan a,b, karo c bener kabeh
23. Crita drama sing lumakune mundur diarani alur...
a. Maju b. Flashback c. Flashdisk d. Fluktuatif
24. Citra : (nyedhak Rini) Ngapa kowe lungguh dhewe ing papan peteng iki?
Rini : Aku ora bisa turu, eling marang ibu ing omah.
Latar sing kagambar ana cuplikan drama dhuwur yaiku....
a. Wengi b. Esuk c. Kamar d. Omahe Rini
25. Ibu : Ngger, kowe kuwi wis dewasa. Dadia tuladha sing becik tumrap adhik-adhikmu!
Paraga ibu, ing pacelathon dhuwur kudu diucapna nganggo nada...
a. Nesu b. Kereng c. Nyenyuwun d. Pitutur
26. Adegan ing tikungan sawijining desa. Samin lan Karto mlaku cepet.
Samin : To, aja cepet-cepet, bahaya!
Karto : Alaaa, wengi ngene iki sepi, ora apa.
Samin : (narik lengene Karto) Awake dhewe mandheg dhisik!
Karto : Ah, luwih cepet kuwi luwih apik
Samin : Ajaa To, eling sing tak gawa iki surat penting!
Karto : Justru iku.
Samin : Pokoke mandeg, To. Aku ora gelem nanggung resiko ketangkep Bangsa Walanda.
Saka punggelan drama ing dhuwur, watak paraga Karto, yaiku...
a. Sabar c. Sembrana
b. Brangasan d. Gampang nesu
27. Bu Mira : Nu Nisah saking peken? (ngadeg ing ngarep lawang omahe Bu Nisah karo nggawa bungkusan)
Bu Nisah : Inggih bu, sampun dangu ibu nengga?
Bu Mira : dereng, kinten-kinten sedasa menitan.
Bu Nisah : Ngapunten bu. Wonten keperluan menapa?
Bu Mira : wau dalu bapak kundur saking Bandung. Menawi Bu Nisah kersa, menika, wonten oleh-oleh
sekedhik.
Bu Nisah : .........
Ukara sing trep kanggo njangkepi pacelathon drama ing dhuwur yaiku....
a. Ah, mboten sah repot, kula sampun nggadah kok.
b. Ah, mboten sah repot, paringaken tiyang lintu mawon
c. Ah, oleh-oleh kados ngaten kula mboten remen
d. Ah, matur suwun sanget, bu.
28. Brandon : saiki serahna HP mu, aku njaluk dhuwit tebusan!!! (nyurung Tomi mlebu)
Tomi : A...a..., aku ora nggawa HP (gugup)
Brandon : Priksa tase!!!
Gogor : siap, Bos (karo mriksa tas)
Markus : ana gak? Iki papan apa? (matane mlotot)
Brandon : Papan kanggo nyimpen barang rosokan (karo ngraba tase Tomi). Iki Bos, Hpne (ngetokno HP
N.95)
Markus : takokno nomor HP wong tuwane! Trus njaluk dhuwit tebusan!
Gogor : siap, Bos!
Suasana punggelan drama ing dhuwur, yaiku....
a. Trenyuh b. Sedih c. Tegang d. Serem
29. Sing nggunakake kesenian kanggo nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa kui Sunan . . . . lan Sunan . . .
a. Sunan Kalijaga, Sunan Bonang c. Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati
b. Sunan Kalijaga, Sunan Gunung Jati d. Sunan Gunung Jati, Sunan Kudus
30. Para paraga kethoprak, saliyane pinter anggone akting, uga kudu bisa kang kasebut ing pratelan nisor iki, yaiku….
a. Pinter nembang lan njoged. c. pinter nyinden lan dhagel.
b. Pinter unggah-ungguh basa. d. pilihan a, b, lan c bener kabeh.
31. Improvisasi kethoprak ing wektu saiki awujud. . . .
a. Crita Rakyat b. Kethoprak Humor c. Crita Sejarah Tanah Jawa d. Crita sinetron
32. Sing ngiringi irama gamelan kethoprak yaiku . . . .
a. Niyaga lan waranggana c. Waranggana lan paraga
b. Sindhen lan paraga d. Paraga lan dalang
33. Paraga kudu bisa nganggo basa Jawa . . . . .
a. Ngoko lugu tok c. Basa karma tok
b. Ngoko lugu, ngoko andhap, lan basa karma d. Ngoko lugu lan basa karma
34. Kethoprak sing digelarake kanthi daghelan supaya bisa. . . .
a. Cepet mari pagelaran kethoprake, c. dikenal karo masyarakat
b. Bisa dimangerteni pamiarsane. d. nyenengake pamiarsa
35. Sing diarani kethoprak ora jangkep yaiku . . . .
a. Pagelaran kethoprake namungan setengah dalan.
b. Paragane ora melu ning ndhuwur panggung kabeh.
c. Crita lan basa ora nganggo paugaran baku.
d. Ora onok pengiringe gamelan.

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis !

1. Paraga sing kadhapuk tumindak becik ing crita drama diarani apa?
2. Sebutna perangkat pangiring pagelaran kethoprak!
3. Jelasna miturutmu ngapa saya suwe seni kethoprak tansaya luntur!
4. Sebutna unsur-unsur crita!
5. Kepriye menurutmu yen akeh kethoprak nanging akeh dhagelane?

You might also like