You are on page 1of 7

LEMBAR SOAL UJI COBA

TAHUN PELAJARAN 2021/2022


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Satuan Pendidikan : SMP Negeri 1 Galur

Kelas : VIII Alokasi Waktu : 30 Menit

A. Kaseratna mawi tandha ping (X) wontening wangsulan A, B, C, utawi D ingkang


kaanggep leres!

1. Ingkang dipunwastani basa ngoko lugu inggih menika...


A. Basa ingkang wujud tembung-tembungipun ngoko kacampuran basa krama
B. Basa ingkang kasar
C. Basa ingkang dipun-ginakaken ing padintenan
D. Basa ingkang wujud tembung-tembungipun ngoko sedaya

2. Ingkang dipunwastani basa krama lugu inggih menika...


A. Basa ingkang wujud tembung tembungipun krama sadaya
B. Basa ingkang wujud tembung-tembungipun krama kacampuran krama inggil
C. Basa ingkang wujud tembung-tembungipun krama kacampuran basa ngoko
D. Basa ingkang dipun-ginakaken ing padintenan

3. Titikanipun basa ngoko alus inggih menika....


A. wujud tembung-tembungipun ngoko sadaya
B. wujud tembung-tembungipun ngoko kacampuran basa krama
C. tembung-tembungipun alus
D. wujud tetembung-tembungipun krama kacampuran basa ngoko

Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 4!


Agus : “Nuwun sewu Mas, manawi kepareng kula badhe nyuwun idi medal pasilan samenika
amargi wonten pedamelan ingkang wigatos.”
Mas Rama : “Oh ya, Dhik.. ana perlu apa ya?”
Agus : “Menika Mas, wonten WA saking kanca bilih samenika wonten ulangan harian, kula
malah kesupen.
Mas Rama : “Ya. Muga-muga lancar ya.
Agus : “Aamiin. Matur nuwun, Mas.”
4. Pacelathon ing nginggil ngginakaken tataran basa....
A. Ngoko alus
B. Krama lugu
C. Ngoko lugu
D. Krama alus
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 5!
Adhi : “Nuwun sewu Pak dukuh dados sowan kula mriki ingkang kaping setunggal badhe
silaturahmi, ingkang kaping kalihipun kula menika badhe nywun idi dhateng bapak bilih
kanca-kanca pemuda badhe ngawontenaken lomba-lomba kagem mengeti dinten Kamardikan
17 Agustus menika.
Pak Dukuh : “Oh ya, oleh.. Apik kuwi, Mas. Mangga, kapan le arep nganakke lomba ?”
Adhi : “Inggih, Pak. Matur nuwun. In syaa Allah dinten Selasa ing tanggal 17 Agustus
menika.”
5. Nalika Adhi badhe nyuwun idi dhateng Pak Dukuh ngginakaken tataran basa....
A. Krama alus
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama madya
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 6!
Pak RT : “Pak karman, mangga-mangga pinarak. Ono wigati napa, pak?
Pak Karman : “Ngoten Pak RT, ngapunten niki pak mengke dalu kula boten saged sowan
rapat RT, kula ajeng niliki rayi kula amargi dhawah wau sonten.”
Pak RT : “Innalillah, Inggih boten menapa-menapa, Pak. Lha dhawah wonten pundi rayine
sampean?”
6. Nalika Pak Karman nyuwun idi dhateng Pak RT ngginakaken tataran basa....
A. Krama alus
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Ngoko lugu
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 7!
Bu Winda : “Eh Bu Denok, arep nengendi ta kok sajak kesesa?”
Bu Denok : “Bu Winda, alhamdulillah kepanggih wonten mriki, menika badhe dhateng
dalemipun panjenengan, Bu Winda.”
Bu Winda : “Lha ana apa ta?”
Bu Denok : “Nyuwun pangapunten Bu Winda, kula badhe nyuwun idi boten saged ndherek
pakempalan mangke siyang, amargi ponakan kula sing saking kalimantan, ingkang sakniki
kuliah woten kitha menika tabrakan. Menika mangke badhe langsung bidhal dhateng kitha.”
Bu Winda : “Innalillah, lha kok saged tabrakan bu, gek nabrak nopo niku?”
Bu Denok : “Arep menyang kuliah, tabrakan kalih mobil wonten bunderan, alhamdulillah
tasih sadar larene mau sempet ngabari, mesake wong tuwane adoh, kula tak enggal bidhal
ngih bu.”
Bu Winda : “Ya. Ngati-ati bu, mugi-mugi enggal dhangan ngih ponakanipun”
7. Pacelathon ing nginggil ngandharaken bilih…
A. Bu Denok nyuwun idi dhateng Bu Winda badhe bidhal dhateng kitha.
B. Bu Denok nyuwun idi dhateng Bu Winda bilih boten saged ndherek pakempalan PKK
amargi ponakanipun kecelakaan.
C. Bu Winda nyuwun idi dhateng Bu Denok bilih boten saged ndherek pakempalan PKK
amargi ponakanipun kecelakaan.
D. Bu Winda nyuwun idi dhateng Bu Denok bilih boten saged ndherek pakempalan PKK
badhe nuweni ponakanipun.
Bu RT : “Nuwun sewu Bu Dhukuh, kula badhe nyuwun idi bilih mangke dalu kula boten
saged ndherek pengajian wonten dalemipun panjenengan, amargi nengga lare kula saweg
sakit.”
Bu Dhukuh : “Owalah.. ya wis ora papa Bu. Lha putrane lara apa Bu?”
Bu RT : “Sakit demam bu, sampun tigang dinten.”
Bu Dhukuh : “Ya Allah... muga-muga ndang mari ya.”
Bu RT : “ Aamiin. Matur nuwun, Bu.”

8. Bu RT boten saged tindak pengaosan amargi...


A. Bu RT gerah demam.
B. Bu RT badhe tindak rumah sakit
C. Bu RT kedah nengga putranipun ingkang saweg sakit demam.
D. Putranipun Bu RT saweg sakit demam.

Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 9!


Huda : “Eh Aldi, oleh nyilih raketmu ora?”
Aldi : “Lha arep badminton nang ngendi?”
Huda : “Lho apa kowe ora ngerti yen saiki mudha-mudhine ngggone awake dhewe iki
kangsenan olahraga rutin pendhak minggu, iki wingi do kangsenan bulu tangkis?”
Aldi : “Woalah malah lagi ngerti saiki aku. Ya ya oleh Ri, mangga-mangga. Aku tak melu
ya”
Huda : “Siap. Matur nuwun ya. Ayo menyang bareng wae”
9. Pacelathon ing nginggil ngandharaken bilih..
A. Aldi badhe nyambut raketipun Huda kangge kegiyatan club.
B. Aldi dadi pemain bulu tangkis.
C. Huda dadi pemain bulu tangkis.
D. Aldi badhe nyambut raketipun Huda kangge kegiyatan mudha-mudhi.8. Perangan
adangiyah ing layang kasebut, inggih menika nomer…
Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 10!
Deni : “Nuwun sewu Pak Manto, kepareng kula nyuwun idi badhe ngampil kunci mesjid.”
Pak Parman : “Arep ana acara apa?”
Deni : “Menika Pak, mangke dalu Remaja Masjid badhe tadharusan.”
Pak Parman : “Oo ya, oleh. Alhamdulillah cah enom makmurke mesjid.”
Deni: “Inggih Pak. Matur nuwun.
10. Pacelathon ing nginggil ngandharaken bilih..
A. Remaja mesjid badhe ngawontenaken tadharusan, lajeng Irfan badhe ngampil kunci
mesjid wonten nggene Pak Parman.
B. Cah enom sami makmurke mesjd.
C. Deni badhe ngawontenaken tadharusan ing mesjid.
D. Deni minangka ketua Remaja Mesjid.
11. Ingkang dipunwastani pawarta inggih menika...
A. satunggaling informasi saha ndudut kawigatosanipun tiyang kathah.
B. cariyos ingkang kasebar wonten koran
C. Cariyos saking tangga teparo
D. Informasi bab kahanan ing donya

12. Ancasipun pawarta inggih menika....


A. Nambah wawasan
B. Nyaosi informasi
C. Pados hiburan
D. Supados koran boten sepi

13. Caranipun nyemak pawarta ingkang becik inggih menika...


A. Nyemak pawarta sinambi masak
B. Nyemak pawarta ing wiwitan kemawon
C. Nyemak pawarta kanthi njinggleng saha taliti
D. Nyemak pawarta ing pungkasan kemawon

14. Ing ngandhap menika ingkang kalebet caranipun nyemak pawarta ingkang becik inggih
menika....
A. Nyathet bukti-bukti / fakta-fakta ingkang awujud angka
B. Nyemak pawarta sinambi nggarap tugas
C. Nyathet gagasan-gagasan pokok satunggal paragraf kemawon
D. Nyemak kanthi boten sah dipuncathet namung dipunemut-emut kemawon

15. Urut-urutaning gladhen nyemak pawarta ingkang trep inggih menika...


A. Nyemak pawarta – Nyerat isi pawarta - Pawarta kedah dipunsemak kanthi njinggleng,
kedah mangertosi wigatosipun pawarta (5W+1H) – Mangsuli pitakenan 5W+1H ––
Nindakaken diskusi ngrembag isi pawarta.
B. Nyemak pawarta – Pawarta kedah dipunsemak kanthi njinggleng, kedah mangertosi
wigatosipun pawarta (5W+1H) – Mangsuli pitakenan 5W+1H – Nyerat isi pawarta –
Nindakaken diskusi ngrembag isi pawarta.
C. Nyemak pawarta – Pawarta kedah dipunsemak kanthi njinggleng, kedah mangertosi
wigatosipun pawarta (5W+1H) – Mangsuli pitakenan 5W+1H – Nindakaken diskusi
ngrembag isi pawarta – Nyerat isi pawarta.
D. Pawarta kedah dipunsemak kanthi njinggleng, kedah mangertosi wigatosipun pawarta
(5W+1H) - Nyemak pawarta – Mangsuli pitakenan 5W+1H – Nindakaken diskusi
ngrembag isi pawarta – Nyerat isi pawarta.
E.
Cobi, kagatosna pawarta ing ngandhap menika kanthi tliti kangge mangsuli pitakenan
nomer 16-20!
MTQ Ka 13 Kecamatan Siantar
Musabaqah Tilawatil Quran (MTQ) kaping 13 tingkat Kecamatan Siantar Sitalasari kang
di gelar ing Masjid Nurul Ihsan Nagahuta (15/2/20) Pematangsiantar dirawuhi dening para
Suster Katolik. Acara dibuka dening Walikota Pema tangsiantar I Hefriansyah SE MM,
kegiyatan iki nandhakake yen ing Pematangsiantar ngugemi toleransi beragama luwih apik..
MTQ kang temane "Sylar Al Quran demi terciptanya Generasi yang Qurani". Adicara di
wiwiti kanthi Pawai Ta'aruf dieloni para unsur Kelurahan, Kecamatan, lan Perwakilan saka
Sekolah kang ana, sarta warga masarakat bebarengan ngumandhangake lagu Indonesia Raya,
lan diterusake pembacaan Kitab Suci Al Quran. Walikota Pematangsiantar H Hefriansyah SE
MM ing sambutane nandhesake, supaya kabeh warga kudu tansah bisa bina toleransi antar
suku/Agama kanthi santun. H Hefriansyah SE MM nyuwun yen pelaksanaan MTQ iki bisa
dadi motifasi mahami kandhungan makna Al Quran, satemah dadi tuntunane urip kita ing
sabendinane. MTQ kang dieloni 153 peserta Qori/ Qoriah ngrebut cabang perlombaan
Tilawah, Syarhil, Hafidh, Kholil, lan Fahmil. Ing adicara iki uga rawuh Ketua TP PKK kota
Pematangsiantar Ny Syahputri Hefriansyah Boru Huta barat, Camat Siantar Sitalasari Hen
dra T Simamora, Ketua Lembaga Pengembangan Tilawatil Quran (LPTQ) kota
Pematangsiantar, Alim Ulama, tokoh Pemudha lan warga Masarakat kota Pematangsiantar.
[Warnohadhi]
16. Pawarta ing nginggil ngandharaken bab menapa?
A. MTQ Kaping 13
B. Walikota Pematangsiantar H Hefriansyah SE MM
C. Pawai Ta'aruf kang dieloni para unsur Kelurahan, Kecamatan
D. Musabaqoh Tilawatil Quran kaping 13 tingkat Kecamatan Siantarkesarasan

17. Sinten ingkang tumut wonten adicara Musabaqoh Tilawatil Quran menika?
A. Para Suster Katolik
B. Walikota Pematangsiantar H Hefriansyah SE MM
C. Walikota, Ketua TP PKK, Camat, Lurah, Ketua LPTQ, Alim Ulama, Peserta lomba,
Para Suster Katholik, Pemuda lan para warga.
D. Walikota, Ketua TP PKK, Camat, Lurah, Peserta lomba, lan para warga.

18. Kapan saha wonten pundi adicara Musabaqoh Tilawatil Quran menika?
A. (15/2/20) Masjid Nurul Ihsan Nagahuta
B. (15/2/20) Kecamatan Siantar Sitalasari
C. (15/2/20) Masjid Nurul Ihsan Nagahuta Kecamatan Siantar
D. (15/2/20) Masjid Kecamatan Siantar

19. Kenging kagiyatan MTQ menika dipun wontenaken?


A. Amargi adicara tahunan
B. Amargi dipun suwun dening Walikota Pematangsiantar
C. Amargi kangge nandakake ngugemi toleransi beragama luwih apik.
D. Amargi kagem nyetak generasi qurani lan memotifasi anggenipun mahami
kandhungan makna Al Quran, satemah dadi tuntunane urip kita ing sabendinane.

20. Kadospundi adicara lomba MTQ ka 13 menika?


A. MTQ ka 13 tingkat Kecamatan Siantar kanthi tema “Syiar Al Quran demi terciptanya
Generasi yang Qurani" menika wonten 5 cabang perlombaan kang dieloni 153 peserta
Qori/Qoriah lan dipun rawuhi maneka warni Unsur, saking Wali Kota dumugi warga
masyarakat ugi wonten para Suster Katolik.
B. Kegiyatan MTQ menika nandhakake yen ing Pematangsiantar ngugemi toleransi
beragama luwih apik..
C. MTQ menika bisa dadi motifasi mahami kandhungan makna Al Quran.
D. Mbekta tema “Syiar Al Quran demi terciptanya Generasi yang Qurani"

B. Pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kawangsulana kanthi patitis!

Kagatosna pacelathon ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 1!


Pak RT : “Nuwun sewu Pak Dhukuh, keparenga kula nyuwun idi bilih warga kula, RT 01,
menika badhe ngawontenaken adicara Festival Layang-Layang wonten ing lapangan dhusun
menika kados pundi, Pak?”
Pak Dhukuh : “ Acara apa Pak RT?”
Pak RT : “Menika, Pak, kangge mengeti Dinten Kamardikan 17 Agustus, warga kula kok
kepengin ngawontenaken adicara Festival Layang-Layang makaten, Pak.”
Pak Dhukuh : “Oo.. ya orapapa, oleh. Nanging eling, tetep kudu nggatekake protokol
kesehatan pencegahan Covid-19 lho ya.”
Pak RT : “Inggih, Pak. Matur nuwun.”
1. Menika tuladha pacelathon unggah-ungguh wonten ing lingkungan masyarakat.
Sumangga panjenengan saged damel tuladha pacelathon unggah-ungguh piyambak !

Kagatosna pawarta ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 2!


Serapan Dana Desa Ngantos 98 Persen
Bantul, 21 Januari 2017 – Kasilipun Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul ing babagan
pengelolaan dana desa kangge karaharjaning masyarakat, nampi kawigatosan saking Mentri
Desa Pembangunan Daerah Tertinggal dan Transmigrasi, dinten Jemuwah (20/1) siyang.
Menteri Desa nindakaken sidak dhateng Panggungharjo kangge ningali langsung cak-
cakaning dana desa lan sistem pertanggungjawaban.
Awit ngleresi tanggal kalihdasa, rawuhipun Menteri Desa Pembangunan Daerah
tertinggal dan Transmigrasi, Eko Putro Sadjojo dipunpangayubagya dening Bregada Wira
Tamtama lan Langensari. Saben tanggal 20 staf kelurahan desa Pangungharjo tansah ngangge
busana adat, kangge mengeti Keistimewaan Yogyakarta. Elokipun malih, Menteri Desa ugi
kersa tumut upacara bendhera dhateng plataran kalurahan, ingkang dipungelar kanthi
satataning Adat budaya Jawa.
Eko Putro Sadjojo, nelakaken sengaja boten suka cecala anggenipun badhe dhateng
punika, awit badhe ningali kanthi langsung cak-cakanipun dana desa ing Kabupaten Bantul,
mliginipun Panggungharjo. Bab menika awit ing Kabupaten Bantul serapan dana desa ing
taun 2016 kepengker ngantos 98 persen. Bab menika dados pawartos ingkang ngremenaken
tumrap kementrian, awit kanthi serapan kados makaten pramila ndadosaken titikan bilih
pembangunan daerah saged mindhak. Sinaosa makaten, saben lampahing pembangunan, desa
kedah tanggel jawab. Ingkang salajengipun dipunbiwarakaken dhateng masyarakat, lumantar
baliho utawi surat terbuka. (Anang Zainudin, Jogjatv).
2. Kaandharna informasi saking pawarta ing nginggil adhedhasar unsur 5W + 1H saha
bukti pethikanipun!

You might also like