You are on page 1of 8

Kelompok 1 :

1. Nuraini Azzizah ( 18205241003 )


2. Rizky Anas Ikhwanudin ( 18205241012 )
3. Riska Setyaningrum ( 18205241017 )
4. Naharona Puspa Muninggar ( 18205241022 )
5. Nia Afiana ( 18205241030 )

Kelas : Pendidikan Bahasa Daerah (A)

Tugas : Kabudayan

Dosen : Prof. Dr. Dra. Suharti, M.Pd


1. Kabudayan
Tembung Kabudayan asale saking tembung lingga “budaya” pikantuk
ater- ater ka lan an. Tembung budaya kadadeyan saking pamore bu+daya,
bu ateges sipat utawa kahanan, Tuladhane kadosta :
1. Bupet= sipat utawa kahanan ingkang pepet (boten bolong)
2. Buteng= sipat utawa kahanan kang peteng
3. Barabudur (bara-budhur)= pamore tembung: bara (biara) + bu + duhur:
Tegese: biara (wiara, klooster) kang asipat duwur (luhur)

Wondene tembung, daya ateges: budi lumrah kasaroja dados muni


budidaya, nalar, angen- angen, panemu. Budaya ateges: sipating budi,
sipating nalar utawa sipating angen- angen.
Mungguh sipating budi utawa nalar (angen- angen) iku yen diulah
kanthi pangudi bisa mahyakake (Indonesia: menciptakan) kawruh lan
kagunan warna- warna kang diarani kabudayan. Mulane tembung
“kabudayan” ya banjur ngemu teges: wohing budaya, wedaring nalar utawa
angen- angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya
utawa akal- budi.
Saka lepasing lakune akal- budi utawa nalare manungsa, mahanani ing
donya iki akeh kawruh lan kagunan warna- warna, kadosta: agama, kawruh
tehnik, tetabuhan utawa musik (gamelan), tembang, joged lan liya- liyane`
kabeh iku mau diarani kabudayan.
Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku
pantoge nganti tekan bab- bab kang alus angremit, nganti ora gampang
ginranjang ing kalahiran, ora kasatmata, dinulu ing netra walaka.
Saweneh ana golongan kang darbe panemu manawa agama iku ora
kalebu kabudayan, yaiku golongane wong-wong kang pada darbe piandel
(kayakinan) yen agama iku anane ing marcapada marga saka peparinge
(diturunake) dening Gusti Allah. Dadi darbe piandel manawa agama iku
dudu gaweane manungsa.

Sumber : Kasusastran Djawa Jilid I

Pengerten Kabudayan

 Prof. M.M. Djojodiguno wonten buku “Asas-asas Sosiologi (1958)


ngandaraken bilih kabudayan utawi budaya inggih punika daya
saking budi , ingkang maneka cipta,karsa kaliyan rasa.
Cipta : kangenipun tiang kagem mangertosi rahasia sedanten hal
ingkang wonten lebetipun pengalaman, ingkang kalebet wonten ing
pengalaman inggih punika pengalaman lahir kaliyan batin. Kasilipun
cipta inggih punika werni-werni ngelmu.
Karsa : kangenipun tiyang kagem damel insyafipun sangkan paran.
Saking tiang sakderengipun lair ( sangkan ) lan wonten pundi tiang
ingkang sak sampunipun seda (paran). Kasilipun inggih punika
norma kapitadosan.
Rasa : kangenipun tiyang kaliyan kaendahan, saengga dadosaken
hawa saged ngraosaken kaendahan. Tiyang menika ngraosaken
kaendahan lan boten remen kaliyan sipat ala. Saking maneka rasa
menika dadosaken maneka kesenian.

 Miturut wonten ilmu antropologi, kebudayaan inggih menika


sedanten gagasan, tindakan saha kasil karya tiyang wonten ing
gesangipun masarakat ingkang dadosaken wonten piyambakipun
tiyang kanthi sinau. Tuladhanipun, candi, tarian, seni rupa, seni
swara, kasusastran lan filsafat.
Bab menika artosipun bilih sedaya tindak-tanduk tiyang kasebat
kabudayan amargi namung sekedhik piyambak tiyang ingkang
wonten gesangipun masarakat ingkang boten perlu ngagem cara
kanthi ngangsu kawruh, inggih menika namung tindakan naluri
refleks, tindakan saking proses fisiologi utawi menawi tasih
membabi buta. Tindakanipun tiyang ingkang ateges naluri saking
tiyang saha wiyosanipun ugi dipunowahi dados tindakaan ingkang
budayani.
Definisi kabudayan ingkang nganggep “kebudayaan” lan “tindakan
tiyang” inggih menika sedanten tindakan ingkang dipunlampahi
kaliyan tiyang kanthi sinau.

 Miturut Talcott Parsons kaliyan A.L. Kroeber ngandaraken kagem


bentenaken wujud kabudayan kangge ide lan konsep saking wujud
kabudayan kagem tindakan tiyang ingkang gadhah makna.

 Wonten buku antropologi anggitanipun J.J. Honigmann ingkang


irah-irahan The World of Man (1959 : kaca 11-12) wonten 3
bentenipun gejala kabudayan inggih menika :
1. Ideas
2. Activities
3. Artifacts

 Panganggit gadhah konsep menawi kabudayan menika gadhah 3


wujud inggih menika :
1. Kabudayan kagem sedanten saking ide, gagasan, nilai-nilai,
norma-norma, lsp.
2. Kabudayan kagem aktivitas saha tindakan tiyang gesang
wonten ing masarakat.
3. Kabudayan kagem barang saking karyanipun tiyang gesang.
 Miturut buku anggitanipun Koentjaranigrat wonten 7 unsur
kabudayan universal inggih punika :
a. Basa
b. Ngelmu
c. Orgaanisasi sosial
d. Sistem peralatan gesang
e. Teknologi
2. Tuladha kabudayan :
1. Upacara adat
Upacara adat inggih punika sawijining wujud tradisi ingkang
asipat turun-temurun ingkang kawontenaken ajeg lan tertib miturut
kebiasaan masarakat kangge wujud ucapan maturnuwun. Salajengipun,
upacara adat menika mujudaken saking kapitadosan masyarakat
ingkang gadhah nilai-nilai universal, sakral, suci, religius kanthi turun-
temurun saengga dadosaken kabudayan nasional.
Unsur-unsur wonten ing upacara adat antawisipun: tempat
upacara, wekal, ubarampe upacara, saha tiyang ingkang nindakaken
upacara menika ingkang wonten dados pemimpin lan peserta upacara.
Wujudipun upacara adat wonten ing Indonesia inggih menika
kayata: upacara kelairan, perkawinan, kematian, penguburan,
pemujaan, pengukuhan kepala suku, lsp.
Maneka warna upacara adat tradisional ingkang katindakaken
dening masarakat kayata:
1. Sumatera
o Peucicap wonten ing Aceh
o Peusijuek dapu wonten ing Aceh
o Peutron Aneuk wonten ing Aceh
o Tabuik wonten ing Sumatera Barat
o Balimau wonten ing Sumatera Barat
o Makan bajamba wonten ing Sumatera Barat
o Basuh lantai wonten ing Kepulauan Riau
o Mandi safar Melayu wonten ing Kepulauan Riau
o Ratif saman wonten ing Kepulauan Riau
o Tepuk tepung tawar wonten ing Kepulauan Riau
2. Jawa
o Seren taun wonten ing Jawa Barat
o Mitoni, tedaksiti, ruwatan, kenduri, grebegan wont
en ing Jawa Tengah, Yogyakarta dan Jawa Timur
o Dugderan masyarakat Semarang
o Kasodo masyarakat Tengger
3. Kalimantan
o Ritual tiwah masyarakat Dayak Kalimantan
Tengah
o Aruh baharin di Kalimantan Selatan
4. Sulawesi
o Mapasilaga tedong suku Toraja
o Rambu solo suku Toraja
5. Nusa Tenggara
o Ngaben wonten ing Bali
o Nelu bulanin wonten ing Bali
o Pasola sumba wonten ing Pulau Sumba
6. Maluku
o Kololi kie wonten Maluku Utara
o Pukul sapu wonten Maluku
o Abdau wonten ing Maluku
o Buka sasi lompa wonten ing Maluku
7. Papua
o Barapen atau Bakar batu wonten ing Papua
o Sanepen wonten ing Biak
2. Tarian
Tarian Indonesia gadhah teges manekawarna suku bangsa lan
budaya Indonesia. Wonten kirang langkung 700 suku bangsa ing
Indonesia: saged dipun tingali saking akar budaya
bangsa Austronesia lan Melanesia, dipunowahi kaliyan maneka warni
budaya saking negeri sanes ingi Asia saha kebarat-kebaratan. Setiap
suku wonten ing Indonesia gadhah maneka tarian ingkang khas.
Wonten ing Indonesia gadhah luih saking 3000 tarian Indonesia.
Tradisi kuno tarian lan drama dilestanunaken wonten
maneka sanggar lan sekolah seni tari ingkang disengkuyung
dhumateng pihak keraton utawi akademi seni ingkang dipunlampahi
pemerintah.
3. Dhaharan nusantara
Dhaharan Indonesia inggih menika maneka
warni kabudayan lan tradisi saking pinten-pinten pulau ingkang kirang
langkung cacahipun 6.000 pulau kaliyan nyepeng papan panggenan
ingkang wigati wonten kabudayan nasional Indonesia. Ingkang
sampun lumrah bilih dhaharan wonten Indonesia menika kathah
ngginaaken rempah kadosta kunir,kencur,jahe,lsp kanthi ngginaaken
tata cara masak miturut adat piyambak-piyambak ingkang sampun
angsal pengaruh saking Eropa , India , tiongko, lsp. Tuladahanipun
dhaharan saking tlatah Sunda inggih punika ulam bakar, nasi timbel ,
tahu tempe goreng, kelan asem ,lan sakpanunggalanipun.

Sumber : http://anggasudrajat.blogspot.com/2015/04/cari-3-contoh-
kebudayaan-yang-ada-di.html
3. Tuladha sanes kabudayan
1. Nyontho nalika ujian
Nyontho nalika ujian menika boten kalebet kabudayan amargi
menika namung kabiasaan tiyang ingkang boten sae. Mahasiswa nalika
ulangan kedhah mikir piyammbak boten pikantuk nyontho tiyang sanes.
Amargi menika dadosaken generasi ingkang terpuruk kadasta kanyatan ing
jaman samenika.
2. Tirakatan wonten ing malem 17 Agustus
Tirakatan inggih menika adicara kangge mangeti dinten
kamardikan lan wonten ing pengetan menika kita dedonga sesarengan
supados Indonesia dados nagari ingkang gemah ripah loh jinawi.
3. Tawuran pelajar
Tawarun menika kalebet kapribaden ingkang awon amargi saged
dadosaken tiyang sanes rugi lan menika boten kalebet kapribaden bangsa
Indonesia.

You might also like