You are on page 1of 3

UKARA

Wacanen Teks ing ngisor iki!

Kerja Bakti

Dina Minggu esuk, lingkungan sakiwa-tengene daleme pak Wibawa katon rame. Para
warga guyup rukun nindakake kerja bakti utawa gotong royong bebarengan ngresiki dalan lan
kalen. Bapak-bapak resik-resik, dene ibu-ibu nyepakake dhaharan kanggo sarapan.

Para warga anggone kerja bakti katon cukat trengginas. Ora ana sing sangga uwang.
Olehe tumandang gawe disambi guyon supaya ora gampang kesel. Werna-werna piranti sing
dienggo. Ana pacul, arit, cethok, sapu, lan cikrak. Bocah-bocah padha melu repot tumandang
gawe. Bima, Rini, lan kanca-kancane sregep banget. Atine seneng bisa kumpul karo para warga.

Sawise kerja bakti kabeh kumpul ing latare pak Wibawa. Sarapan wis sumadiya.
Dhaharan sing sumadiya wernane akeh. Ana sega pecel, lodheh, urap-urap, ayam goreng, lan isih
akeh maneh jinise. Uga ana bubur kacang ijo, es blewah, lan teh anget. Ibu-ibu padha iwut
ngladeni bocah-bocah. Bapakbapak mundhut dhewe-dhewe. Kabeh dhahar bebarengan. Anggone
dhahar padha katon rahap. Ing kana-kene keprungu guyune para warga. Pancen warga RT loro
kelurahan Sukamaju angger ana kegiyatan mesthi dilakoni bebarengan. Bab kuwi nuduhake yen
para warga tansah guyup rukun.

Bocah-bocah, ukara ngisor iki genepana manut isine teks sing irah-irahane ”Kerja Bakti

1. Dina............................, lingkungan sakiwatengene ......... pak Wibawa .......................

2. Ibu-ibu ...................kanggo ......................

3. Bocah-bocah padha melu repot ..................

4. Sawise ................ kabeh ............. ing latare pak Wibawa.

5. Bima, ....... lan .................. sregep ................


Tulisen iki gambar bocah nyapo!

You might also like