You are on page 1of 3

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak Kyai ingkang kulo mulyaken, poro Bapak Guru ingkang kulo mulyaken, poro
tamu undangan sangking wali murid soho undangan lintunipun ingkang kulo hormati.

Hadirin sekalian ingkang kulo hormati.

Sakderenge kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke langkung rumiyin kulo
muji syukur dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat,
ni’mat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sahinggo kulo lan panjenengan saget
makempal wonten setunggal gedung madrasah dalam rangka Perpisahan Kelas 9 SMP N 1
Depok

Poro rawuh ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kulo atas nami ketua panitia acara ngaturaken matur nuwun ingkang sak
ageng-agengipun dumateng poro Bapak Kyai lan Bapak Guru, Ibu Guru ingkang sampun
nyediahaken tempat lan perlengkapanipun.

Lan ing mriki kulo nyuwun tambahipun barokah dongo dumateng poro hadirin ingkang hadir
ing acara niki, mugi-mugi sedoyo ilmu, bimbingan lan kerja keras kawulo diparingi ilmu,
bimbingan lan kerja keras ingkang maslahah, manfa’ah lan barokah.

Poro rawuh ingkang terakhir kulo ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng Bapak lan Ibu
Wali murid selami kulo wonten ing madrasah mriki sering-sering damel susah payahipun
poro Bapak lan Ibu pramilo sedoyo kesalahan kulo dipun aliraken samudra kema’afan lahir
lan batin. Kulo akhiripun matur nuwun..

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamu'alaikum wr . wb.

Dhumateng ngarsanipun bapak Kepala Sekolah,

Para guru saha karyawan ingkang kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang
kinurmatan, lan para kanca kadhang ingkang kula trenani. Linambaran pamuji miwah syukur
konjuk wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha agung, ingkang sampun paring
nugraha dhumateng kula lan panjenengan saengga wonten ing ari kalenggahan menika
saget manunggal wonten papan ngriki kanthi manggih widada nir ing sambekala.

Inggih wonten ing adicara:

Perpisahan siswa kelas 9 wekdal siang puniko kanti kawontenan sehat wal afiat.

Bapak/ibu ingkang dahat kinormatan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning


adicara ingkang badhe lumampah wekdal siang puniko:

ingkang sepisan:

1. Pembukaan
2. Sambutan

Mekaten menggah ramtamaning adicara ingkang badhe lumampah wekdal siang puniko.

Kaperang angancik acara ing sepisan, nun inggih Pambuka. Awit saking menika mangga
kangge murwakanti acara, panjenengan kula dherekaken ndedonga. Ndedonga kawiwitan!
Bismillahirrahmanirahim.

Bapak/ibu ingkang kula bekteni

Wonten ing wekdal menika samangke kasuwun paring pangandikan ketua panitia
perpisahan SMP N 1 Depok

Bapak/ibu ingkang kula hormati, adicara salajengipun

Atur pangandikan Kepala SMP N 1 Depok


Mekanten lampahing acara “Perpisahan lan Tutup Taun SMP N 1 Depok” wonten ing wekdal
menika. Dumuging titi wanci acara penutup, sumangga acara menika kita tutup sesarengan
kanthi dedonga muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Kang Mahakuwasa. Ndedonga
kawiwitan.

Bapak/ibu tumapaking adicara perpisahan wonten ing wekdal siang menika sampun
paripurna mbok bilih anggen kulo nderekaken adiacara temtu katah kalepatan saha
kekhilafan saestu kulo kanthi handaping manah nyuwun agunging pangampunten.

Maturnuwun

Wabilahi taufiq wal hidayah. Wassalamu'alaikum wr. wb.

You might also like