You are on page 1of 2

Verdi Arif Murfito

X TMPO 2 / 35

Salah Nglebokke

Adi Nugroho iku jeneng salah sawijining siswa kelas X SMK ing Semarang.
Dheweke kalebu bocah kang pinter lan sregep. Saben ana tugas, mesthi Adi ngerjakake lan
bener. Nanging Adi uga duwe kekurangan, yaiku dheweke gampang panik. Nek Adi wes
panik, dheweke ora iso ngontrol kelakuane dewe. Watak gampang panike Adi sering dadi
kedadean kang lucu lan rak masuk akal.
Minggu iki wayahe pelajaran NA (Normatif Adaptif). Wektu pelajaran NA, saben
dinane mesthi ana PR. Mergane Adi mau bocah kang pinter lan sregep, Adi tetep ngerjakake.
Adi uga kerep nglembur nganti bengi kanggo ngerjakake tugas mau. Kadang dheweke
keturon ing kelas wektu istirahat mergo kurang turu. Kadang kala tugase wis numpuk akeh
banget. Adi meksa awake supaya bisa ngebarke tugas mau sewengi. Adi ora peduli jam pira,
dheweke tetep nggarap tugas kang wes numpuk mau. Menawa jam ning kamare Adi wes
nunjukake jam setengah telu, Adi tetep wae ngerjakake tugas. Saking sregepe Adi menurut
kancane, Adi kuwi sregepe kebangeten, sregepe ora ketulungan. Padahal tugase ora kudu
dikumpulke sesok, tapi tetep dikerjakake nganti bengi banget. Jare Adi, dheweke ora seneng
nek isih kepikiran tugas kang durung digarap. Dadi, piye wae carane Adi pengen
ngerampungke tugas kanthi bar sekali ngerjakake.
Nganti akhire salah sawijining dina, Adi ngerjakake tugas nganti jam papat.
Sarampunge ngerjakake tugas mau, Adi sholat subuh banjur turu. Adi kaget menawa tangi
ndelok jam wis jam setengah pitu. Jebul alarm sing biasane disetel jam lima ora keprungu
saking ngantuke Adi. Sawise ndelok jam wis setengah pitu, sifat gampang panike Adi kumat.
Dheweke panik ora reti apa kang arep dilakokake langsung njikuk anduk mlebu ing
kamar mandi. Neng kamar mandi, jebul ana adine Adi kang umure patang tahun lagi nguyuh.
Adi lan adine padha kagete, nganti Adi kena cipratan uyuhe adine. Adi langsung metu kamar
mandi ngenteni adine metu. Sawise adine metu, Adi langsung cepet cepet mlebu kamar
mandi, nganti lali ora ngancing lawange. Merga kamar mandi mau ana ing njaba mburi omah,
yen ana angin lan lawange ora dikunci, lawange langsung kebukak. Teka-teka ana angin rada
banter, lawang kamar mandi kang ora dikunci mau banjur kebukak. Adi sing isih adus ing
njero mbengok sabanter-bantere karo nutupi awake nggo anduk kan cemanthel. Krungu
bengokane Adi, bapakne langsung mara ing kamar mandi. Sawise tekan ngarep kamar mandi,
bapakne Adi ngguyu kemekelen merga ndelok Adi mung tutupan anduk karo sirahe iseh akeh
sabune. Sawise kuwi, bapakne Adi langsung nutup lawang kamar mandi mau lan ngelingke
Adi supaya ora lali ngancing lawange. Sawise adus, Adi langsung mlayu neng kamare ganti
seragam sekolah lan nglebokake buku-buku ing njero tase. Sawise siap, dheweke langsung
cepet-cepet njikuk roti lan ombe neng kulkas nggo bekal. Adi langsung nganggo sepatu lan
pamit marang wong tuwane.
Adi langsung mangkat ing seberang dalan nyegat angkot. Merga Adi isih panik,
dheweke salah mlebu angkot. Adi lagi nyadar yen dheweke salah mlebu angkot wektu
nglewati pasar kembang. Mergane angkot sing biasane ditumpaki Adi mbelok sadurunge
pasar kembang. Adi langsung ngongkon supire mandhek ing pasar kembang. Adi nyebrang
dalan dhisik nggo nyegat angkot sing bener. Akhire Adi ndelok angkot sing bener, nanging
angkot mau kebak penumpange. Dheweke ngenteni meneh, akhire ana angkot sing kosong.
Sawise numpak angkot kuwi, Adi mandek ing ngarep sekolahe. Gerbang sekolahe wis
ditutup, Adi ngundang satpam sing jaga ing cedak gerbang. Untunge Adi mung telat 10
menit, dadi dheweke isih entuk mlebu tapi Adi kudu ngresiki lapangan dhisik.
Sawise lapangane diresiki, Adi cepet-cepet menyang kelase sing ning lantai telu. Adi
langsung mbukak lawang kelase banjur njaluk ijin guru kang ana ing kelas supaya entuk
mlebu. Pas Adi mlebu kelas, kancane sakkelas padha ngguyu banter. Kancane Adi ngguyu
amarga Adi salah nganggo klambi seragam. Kang kudune nganggo seragam batik, Adi malah
nganggo seragam OSIS. Sawise diijinake gurune lungguh, Adi langsung lungguh ing kursine
banjur mbukak tas nggo njikuk buku pelajaran. Adi kaget ora karuan menawa ngerti yen
dheweke salah nglebokke buku pelajaran ing tas. Gurune mau ngerti yen Adi ora nggawa
buku sing semestine. Akhire sadurunge lan sawise pelajaran kuwi, Adi kudu ngresiki kelase
(nyapu lan ngepel). Kancane Adi uga ngrewangi Adi ngresiki kelas. Akhire wayahe istirahat
mulai. Adi ora wani metu kelas amarga dheweke salah seragam. Adi mangan roti sing digawa
saka omah mau nggo gantine sarapan. Sawise mangan roti mau, Adi banjur turu merga isih
ngantuk sawise nggarap tugas sewengi. Adi keturon nganti jam istirahat wis bar. Nganti
gurune arep mlebu kelas Adi ora tangi, kancane wis nggugah Adi nanging Adi tetep turu. Pas
gurune mlebu kelas, guru mau langsung nangikake Adi. Carane, guru mau nguripke lagu
rock dibanterake terus dicedakake Adi. Adi kaget, dheweke langsung tangi. Guru mau
langsung ngongkon Adi raup ing kamar mandi.
Sawise kedadean kuwi, Adi ora kena sial meneh. Adi tetep nyatet pelajaran ning buku
liyane. Tugas-tugas digarap langsung sawise tuku buku tulis ning koperasi. Adi lega menawa
krungu suara bel bali sekolah. Adi lan kanca-kancane banjur nata tas lan kelas siap-siap bali.
Adi bali sekolah bareng karo kancane kang saarah karo dheweke. Pas Adi arep mudun saka
angkot, Adi lagek iling yen dhuwit sangune wis entek nggo tuku buku tulis. Merga ngerti yen
dhuwite Adi entek, salah siji kancane mau mbayari ongkos angkote Adi. Sawise tekan omah,
Adi langsung menyang dapur nggolek panganan nggo mangan awan. Nanging ora ana lawuh,
akhire Adi nggoreng ndog dewe merga Ibune lagi ngemong adine. Sawise mangan, Adi
nyopot seragam banjur turu ing kamare. Sawise kuwi, adi ora nggarap tugas nganti nglembur
meneh. Adi nggarap tugas sawajare yaiku nganti jam sepuluh bengi. Dadi Adi ora kawanen
meneh. Sesoke pas ning sekolah, Adi njajakake kanca-kancane kabeh merga wis apikan
gelem nulungi dheweke wektu susah. Adi uga latihan ngontrol kelakuane wektu dheweke
panik. Ora mung ngontrol kelakuane, Adi uga latihan supaya ora gampang panik.
Pancen dina kuwi nasibe Adi lagi ora mujur. Wis isin, kesel, ngantuk, ngeleh, dhuwite
entek sisan. Tapi Adi tetep untung, mergane Adi duwe kanca sing setia kawan lan apikan
karo kanca. Kanca-kancane Adi tetep nulungi Adi wektu Adi dikon ngresiki kelas, nggugah
Adi wektu Adi keturon, nganti mbayari angkot nggo bali Adi.

You might also like