You are on page 1of 1

PERANG BAYU

Moh. Syaiful
(Ditulis Maning teko Sumber-sumber kang Dipercoyo)
            Kang aran perang ring bumi Blambangan rikolo jaman VOC utowo jaman Kolonial
Landa koyo dene uripe jamur ring wayah udan. Mati ring kene mrujuk maning ring kana,
sing ana entek-enteke, tapi perang ring Bumi Blambangan kang paling gedhe lan paling
ngenes yo mung Perang Bayu. Perang Bayu diarani perang kang gedhe mergane perang iki
wis akeh ngilangaken nyawa lan patine wong Balmbangan. Asale sakdurunge perang wong
Blambangan akehe 65.000 wong,  merga perang kari mung 5000 uwong merga ilang lan mati
ring peperangan.
            Perang iki diarani Perang Bayu mergane kedadeane ring daerah Bayu (sekitar daerah
Kecamatan Songgon saiki). Ring Alas Bayu kang magih rapet ambi wit-witan gedhe iku 
antarane perengan  wetan Gunung Raung rakyat Blambangan kang dipimpin Mas Rempeg
utawa Pangeran  Jagapati perang ngelawan Landa.
            Tekade rakyat Blambangan anggone kepingin ngusir Bangsa Landa teko Bumi
Blambangan wis sing biso surud, Alas Bayu terus didadekaken Benteng pertahanan terakhir
kanggo ngadepi Landa. Kebukti serangan-serangane VOC biso diadepi ring Benteng Bayu.
VOC ( Kumpeni Landa ) angel ngalahaken Prajurit Blambangan kang gawe Benteng ring
Alas Bayu iku, sampek-sampek VOC nekakaken tentara teko daerah sekitar kekuasaane koyo
to Semarang Surabaya lan Pasuruan kang akehe 10.000 tentara dingo ngancuraken Benteng
Bayu.
            Tanggal 13 Desember 1771 Kapten Reygers , pimpinan tentara VOC ring
Ulupangpang nyerang Bayu. Naming kerana benteng Bayu kuwat, pasukane malah ditumpes
ambi pasukan Bayu. Pasukan Bayu kang lebih nguwasane palagan perang, ngelakoni perang
kaya wong memengan sengidanan. Melencat teka wit siji nyang wit liyane, lan masang jiret
lan barikade ring sak werane alas nuju Bayu. Pasukan VOC kang nyerang teka Susukan lan
Songgon sing ana kang selamet. Kapten Reygers dhewek kerana tatu kang ahire mati ring pos
Ulupampang. Pimpinan VOC sakteruse diganti ambi Van Schaar.
            Sak akehe kedadian perang lan serangan VOC nyang Benteng Bayu, tanggal 18
Desember taun 1771 iku kedadeane kang paling diengeti sampek didadekaken dina dadine
Kutha Banyuwangi. Dina iku Prajurit Blambangan bisa numpes tentara VOC. Tentara VOC
waktu iku kabeh dipateni kabeh sing ana sisane, sangking bangkele prajurit Blambangan
nyang bangsa penjajah iku pimpinane kanga aran Van Schaar dipateni endhase ditugel terus
ditancepaken ring landepe tumbak terus diarak keliling kampung. Menange prajurit
Blambangan iku bisa gawe senenge prajurit Blambangan, naming senenge sing bisa terus,
mergane rong dina sakmareke kedadean iku, Mas Rempeg utowo Pangeran Jagapati gugur
sakwise ketaton ring perang mau.
            Tekade rakyat Blambangan sing mandheg sakmono, sakpeninggale Mas Rempeg
perang magih terus dilakoni ring sisa-sisane parjurit Blambangan. Pimpinan Prajurit
Blambangan saiki Sayu Wiwit, prajurit wanita senopati perang Bumi Blambangan ngelawan
Landa.

You might also like