You are on page 1of 7

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL

TAHUN AJARAN 2021-2022


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : XII
Hari, Tanggal : Rabu, 8 Desember 2021
Pukul : 10.00-11.30
Waktu : 90 menit

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi milih salah siji saka hurup A, B, C, utawa D
kang bener, banjur tulisen jawabane ing lembar jawab!
1. Tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama bisa diarani….
A. Undha-undhi C. Sopan santun E. Unggah-unggahan
B. Unggah-ungguh D. Adat istiadat
2. Titikane basa kang ukarane nggunakake tembung-tembung ngoko lan dicampur tembung
krama alus utawa krama inggil yaiku….
A. Krama inggil C. Ngoko ngok E. Ngoko alus
B. Krama lugu D. Ngoko lugu

3. Basa ngoko lugu iku lumrahe digunakake kanggo omong-omongan ing antarane sapa wae?
A. Putra marang tiyang sepuh D. Wong tuwa kang wis kulina
B. Kanca sepantaran kang wis akrab E. Wong sapepadhane ngurmati
C. Guru karo kepala madrasah

4. Basa kang digunakake kanggo omong-omongan antarane:


a) Siswa marang guru
b) Anak marang wong tuwa
c) Wong kang durung kenal
d) Priyayi kang duwe pangkat/jabatan
Ragam basa apa sing bisa digunakake manut perangan-perangan kang disebutake ana ing
ndhuwur?
A. Ngoko alus C. Krama lugu
B. Ngoko lugu D. Krama dan krama E. Krama alus

5. Ukara-ukara ing ngisor kang basane migunakake basa krama lugu yaiku….
A. Sampeyan kala wau sampun nedha dereng?
B. Kowe mau wis dhahar durung?
C. Sampeyan mau wis dhahar durung?
D. Panjenengan kala wau sampun dhahar menapa dereng?
E. Kapan-kapan kula arep dolan teng nggene pak Ustad nggih ?
6. Menawi panjenengan badhe tindak dhateng Lampung, kula ndherek.
Ukara ana ing ndhuwur iki yen diowahi nggunakake ragam basa ngoko alus dadi….
A. Menawi sampeyan arep tindak dhateng Lampung, kula melu.
B. Menawa sampeyan arep kesah menyang Lampung, aku melu.
C. Menawa panjenengan arep tindak menyang Lampung, aku melu.
D. Menawi sampeyan badhe kesah dhateng Lampung, kula ndherek.
E. Menawi panjenenganbadhe tindhak Lampung kula kepaeng ndherek.

7. Bapak nyerat layang ulem kangge pakdhe ingkang pidalem wonten ing Wonosari.
Ragam basa kang digunakake manut ukara kang ana ing ndhuwur yaiku….
A. Krama inggil C. Krama lugas E. Krama lugu
B. Ngoko alus D. Ngoko lugu

8. Kepriye tata krama kang kudu dicakake nalika lagi omong-omongan supaya bisa ngajeni
marang wong kang luwih tuwa?
A. Ngadeg jejeg, mripat ngulatake kang ngajak omongan
B. Ngadeg jejeg lan nalika matur suwarane kudu sero
C. Awak rada mbungkuk lan tangan ngapurancang
D. Ngadeg jejeg, tangan ngapurancang
E. Awak rada doyong tangan neng dhuwur sirah karo miring-miring

9. Rina : Nyuwun pangapunten, Bu, menawi …. kula badhe wangsul


sekedhap saperlu mendhet buku paket matematika.
Bu Guru : Ya, Mbak. Yen wis tekan sekolah enggal-enggal nututi anggone
sinau kelompok.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ana ing ndhuwur yaiku….
A. Kepareng C. Angsal E. Pincukan

B. Oleh D. Pikantuk

10. Pardi : Kula nuwun, Pak!


A. Pak Dukuh : Nggih, kene mlebu, Le! Ana apa kok kadingaren kowe mrene?
Pardi : Inggih, Pak, sowan kula mriki …. bapak, saperlu …. panjenengan
tindak dhateng bale padhukuhan.
Diutus, ngundang C. Dipunkengken, ngomongi E. Dipun utus, ngaturi
B. Dikengken, nyaosi D. Dipunutus, ngaturi

11. Dina iki ing sekolahmu ana ujian. Ndilalah anggonmu mangkat sekolah telat, amarga
tangine kawanen. Kepriye caramu njaluk ngapura marang Bapak/Ibu Guru?
A. “Ngapunten, Pak, kula telat amarga kawanen anggone tangi turu!”
B. “Nyuwun pangapunten, Pak, kula telat anggenipun mlebet kelas amargi
kerinan!”<
C. “Pak, kula njaluk ngapura telat amargi tangi turunipun kawanen!”
D. “Ngapunten nggih, Pak, kula telat tumut ujian ing dinten menika!”
E. “Pak maaf, kula telat yo, merga tangine kawanen tur mboten digugah je !’
12. Nalika mangkat sekolah, Astini pamitan karo bapak lan ibune. Kepriye ukara pamitane
Astini kang trep miturut unggah-ungguh?
A. “Pak, Bu, aku tak mangkat sekolah sik, ya.”
B. “Pak, Bu, kula arep sekolah, njaluk sangune.”
C. “Pak,, Bu, kula nyuwun pamit yo, arep sekolah’
D. “Pak Bu, kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah.”
E. “Pak, Bu, aku tak menyang sekolah saiki nggih.”

13. Ing sawijining dina kancamu melu lomba maca geguritan, lan dheweke bisa menang juara 1.
Kepriye ukara kang trep kanggo aweh pangalembana marang kancamu kuwi?
A. “Wah, kok kadingaren kowe menang!”
B. “Wah, elek tenan suaramu. Pantes yen ora bisa juara 1!”
C. “Wah, apik tenan suaramu. Pantes yen bisa menang juara 1!”
D. “Muga-muga anggonmu juara ora merga beja ya!”
E. “Saiki awakmu bisa menang, nanging aja seneng sik, ya!”

14. Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, ya! Aku arep …. wara-wara babagan
paugerane lomba nulis cerkak.
Erwin minangka ketua OSIS lagi ngumumake wara-wara lomba nulis cerkak. Tetembungan
kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku….
A. Njaluk, aweh C. Njaluk, caos E. Njaluk, minta
B. Nyuwun, matur D. Njaluk, paring

Wacan pawarta kanggo soal nomer 15−18


Pagebluk Korona: Sinau Neng Omah, Tugas Tetep Akeh
KEDIRI - Mestine kabeh wong padha ngerti apa kuwi penyakit korona. Penyakit iku,
disebabake saka virus. Mulane, penyakit iki awale ana ing Wuhan, Tiongkok. Amarga penyakit
iku, akeh uwong sing kelangan nyawa. Nyebare penyakit iku cepet, saiki penyakit korona wis
saka endi-endi. Akeh negara sing penduduke kena korona, salah sijine Indonesia.
Supaya ora nambah akeh korbane, saiki kabeh pakaryan kudu dilakoni neng omah.
Istilahe iku social distancing. Ora mung wong sing nyambut gawe golek dhuwit wae, sekolah
uga kudu saka omah. Wis ana pirang-pirang sasi iki, bocah-bocah ora budhal sekolah amarga
saiki sekolah online.
Bocah sing pada sekolah akeh sing ngandharake menawa sinau kanthi sistem online iku
malah akeh tugase. Akeh sing rumangsa mending mlebu sekolah tinimbang sekolah online.
Nalika sinau online, akeh guru sing maringi tugas. Saking akehe tugas, para siswa iku padha
sambat mumet. Supaya ora sepaneng, para siswa akeh sing ngrungokake lagu lan pada dedonga
supaya korona iki ben cepet ilang lan bisa mlebu sekolah sarta ketemu kanca-kanca.
Sumber: https://radarkediri.jawapos.com/

15. Tembung budhal ing wacan ndhuwur mau tegese padha karo ...
A. Mlaku C. Mangkat E. Lunga
B. Mulih D. Bali

16. Andharan kang isine cocog karo wacan pawarta ing ndhuwur yaiku …
A. Penyakit korona awale ana ing Amerika.
B. Penyakit korona disebabake saka pola hidup.
C. Para siswa padha seneng sekolah kanthi sistem online.
D. Penyakit korna disebabake dening kewan sejenis laba-laba
E. Para siswa akeh sing rumangsa sekolah sistem online malah akeh tugase.

17. Miturut wacan ing dhuwur, tujuane social distancing kanggo apa?
A. Gawe regenging swasana.
B. Narik kawigatene masyarakat.
C. Nanjakake para siswa padha prei sekolah.
D. Korban penyakit korona supaya ora tambah akeh.
E. Bakul-bakul ben padha duwe penghasilan sing luwi akeh

18. Kepriye carane para siswa supaya ora sepaneng nalika sinau kanthi sistem online?
A. Mangkat neng sekolahan. C. Sinau sinambi ngrungokake lagu.
B. Lunga dolan karo kanca-kanca. D. Sinau sinambi dolanan game online.
C. E. Jajan mie ayam bareng2

Wacan pawarta kanggo soal nomer 19−21


KALAWARTI : Maca Koran Abasa Jawa, Rasane Luwih Menep
Kalawarti basa Jawa wus dadi salah sijine cagak budaya Jawa. Tanpa medhia, mokal
budaya Jawa bisa mapan nganti saiki, sebab warga bebrayan butuh sarana kanggo nerusake
uneg-unege, pamikirane, lan kanggo ngakoni jati dhirine minangka wong Jawa.
Supaya diakoni minangka manungsa Jawa, mula prelu nyinau kabudayan Jawa kayata:
basa, sanepan, lan trapsila. Kabeh bab iki ya wus akeh dibabar dening kalawarti (surat kabar
kang metune ora saben dina, bisa mingguan utawa bulanan kayata: Tempo, Sarinah,
Femina, lll) utawa ariwarti (surat kabar kang harian: KR, Tribun, Merapi, solopos, lll)
saengga satemene masyarakat bisa kanthi gampang ngudi kawruh kanthi maca suplemen basa
Jawa utawa kalawarti basa Jawa.
Jaman mbiyen, sawetara kalawarti basa Jawa pancen nggunakake basa-basa sastra kang
ndakik-ndakik. Nanging ing jaman modheren iki, rata-rata padha nggunakake basa Jawa gagrak
anyar kang komunikatif utawa gampang dimangerteni lan sipate uga luwih luwes. Dadine
pandhemen (penggemear) ya akeh.
Sumber: https://www.solopos.com/
19. Miturut wacan ing dhuwur, apa kang wis dadi salah sijine cagak budaya Jawa?
A. Aplikasi aksara Jawa C. Siaran pawarta Jawa E. Social Agency
B. Kalawarti basa Jawa D. Social media

20. Kabudayan Jawa apa wae kang prelu disinau supaya diakoni minangka manungsa Jawa
miturut petikan pawarta ing dhuwur?
A. Unggah-ungguh lan nulis aksara Jawa. C. Basa, pawarta, lan kesenian Jawa
B. Basa, geguritan Jawa. D. Basa, sanepan, lan trapsila.
C. Aksara Jawa, gamelan, lan pawarta.

21. Tembung kawruh ing wacan ndhuwur mau tegese padha karo ...
A. Sinau C. Trapsila E. Unggah-ungguh
B. Ngelmu D. Unggah-ungguh

22. Media cetak pawarta basa Jawa iku bisa arupa ariwarti lan kalawarti. Kalawarti tegese …
A. Arane surat kabar ing basa Jawa.
B. Surat kabar kang metune saben dina.
C. Surat kabar kang metune rikala wayah bengi
D. Surat kabar kang metune ora saben dina.(kalawarti)
E. Surat kabar kang migunakake aksara Jawa.

23. Simbah kakung nembe maos Kalawarti basa Jawi. Tembung” kalawarti basa Jawi” yen
ditulis migunakake aksara Jawa yaiku …
A. D.
E.
B.

24. Berita aktual yaiku berita kang nyata. Tembung “berita actual” yen ditulis migunakake
aksara Jawa yaiku …
A. D.

B. E.

C.
.
25. Tumindhak ala kanthi kongkonan wong liya, paribasane …
A. Criwis cawis D. Angon mangsa
B. Ketula-tula ketali E. Nabok nyilih tangan
C. Anak polah bapa pradah
26. Wong tuwa bakal melu ngrasakake tumindake anake, parbasane …
A. Criwis cawis D. Angon mangsa
B. Ketula-tula ketali E. Nabok nyilih tangan
C. Anak polah bapa pradah
27. Golek wektu sing prayoga kanggo tumindhak ala, paribasane ….
A. Criwis cawis D. Angon mangsa
B. Ketula-tula ketali E. Nabok nyilih tangan
C. Anak polah bapa pradah
28. Pak Burhan kae Uripe rekasa banget, paribasane …
A. Criwis cawis D. Angon mangsa
B. Ketula-tula ketali E. Nabok nyilih tangan
C. Anak polah bapa pradah
29. Baim ki bocah kang akeh omong naging bisa mrantasi gawe, paribasane …
A. Criwis cawis D. Angon mangsa
B. Ketula-tula ketali E. Nabok nyilih tangan
C. Anak polah bapa pradah
30 Ing jaman saiki, akeh wong melu seneng nanging ora gelem tombok, paribasane …
A. Ana catur mungkur D. Sapa salah seleh
B. Keplok nanging ora tombok E. Ciri wanci le lali digawa mati
C. Sabaya mukti sabaya pati
31. Rukun nganti tumekaning pati, paribasane …
A. Ana catur mungkur D. Sapa salah seleh
B. Keplok nanging ora tombok E. Ciri wanci le lali digawa mati
C. Sabaya mukti sabaya pati
32. Siti sawijining santriwati sing ora gelem ngrungokake omongan sing ala, paribasane …
A. Ana catur mungkur D. Sapa salah seleh
B. Keplok nanging ora tombok E. Ciri wanci le lali digawa mati
C. Sabaya mukti sabaya pati
33. Nyambut gawe mempeng/ semangat tanpa ngarep-arep bayaran, paribasane …
A. Ana catur mungkur D. Sapa salah seleh
B. Keplok nanging ora tombok E. Ciri wanci le lali digawa mati
C. Sepi ing pamrih rame ing gawe
34. Ethok-ethok ora ngerti tumindhak ala kang dilakoni, paribasane …
A. Ana catur mungkur D. Sapa salah seleh
B. Mbuang tilas E. Ciri wanci le lali digawa mati
C. Sepi ing pamrih rame ing gawe
35. Dadi pemimpin kudu bisa momot /nampa/menerima perkara apa wae, ora bakal kebalan
sesak
kanggonan apa wae, kaya watake …
A. Maruta D. Akasa
B. Kisma E. Warih
C. Dahana
36. Dadi pemimpin murah lan asih marang sapa wae, kaya lemah sing tansah migunani
tumrap wong liya, kaya watake …
A. Maruta D. Akasa
B. Kisma E. Warih
C. Dahana
37. Dadi pemimpin iku tansah mili mangisor, dadi sumber panguripan manjing ajur-ajer
manut kahanan, bisa gawe ayem atine manungsa/wong, kaya watake …
A. Maruta D. Akasa
B. Kisma E. Warih
C. Dahana
38. Dadi pemimpin iku kudu bisa ana ing ngendi wae, bisa momong manungsa/wong ing
ngendi wae, kaya watake …
A. Maruta D. Akasa
B. Kisma E. Warih
C. Dahana
39. Dadi pemimpin iku kudu bisa nyingkirake /mbrastha angkara, kejahatan kaya geni
sing bisa ngobong apa wae, lan bakal gawe sirnane tumindhak ala ing alam donya
/dunia, kaya watake …
A. Maruta D. Akasa
B. Kisma E. Warih
C. Dahana
40. Dadi pemimpin iku kudu bisa paring pepadhang marang manungsa sing nandhang
peteng (susah atine) kaya rembulan madhangi jagad wayah wengi, iki watake …
A. Maruta D. Candra
B. Kisma E. Warih
C. Dahana

You might also like