You are on page 1of 4

Tugas Bahasa Jawa

Hari Sabtu 2 Mei 2020

Wacanen kanthi permati kanggo wangsulan nomer 1 – 5 !

Sekar Pangkur

Sekar pangkur kang winarna


Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadalu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesti siyang ratri

I. Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C utawa D ing sangarepe wangsulan kang bener !

1. Guru lagu lan guru wilangan tembang pangkur ing nduwur yaiku ....
A. 9a,10i, 8a, 7a, 12u, 9a, 7i
B. 10a,11i, 8a, 7a, 10u, 9a, 8i
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

2. Watak tembang pangkur ing dhuwur yaiku ....


A. Nelangsa
B. Sereng
C. Alus
D. Gumedhe

3. Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip. Tembung Lelabuhan tegese ....


A. Kabecikan
B. Cilaka
C. Njalari
D. Eling

4. Tembang Pangkur ing dhuwur nyaritake babagan ....


A. Bekti marang wing tuwa
B. Kuciwane wong tuwa marang tumindake anak
C. Dongane wong tuwa kanggo anake sing adoh
D. Wong urip kudu ngerti babagan ala lan becik

5. Miturut tembang Pangkur ing dhuwur, Apa kang kudu dieling-eling utawa dilaksanakake awan lan
bengi ?
A. Ingkang kedah dipun eling-eling utawi dipun tindakaken siyang lan dalu inggih menika adat
waton ugi tata krama
B. Ingkang kedah dipun eling-eling utawi dipun tindakaken siyang lan dalu menika sekar pangkur
kang winarna
C. Ingkang kedah dipun eling-eling utawi dipun tindakaken siyang lan dalu inggih menika bekti
marang tiyang sepah
D. Ingkang kedah dipun eling-eling utawi dipun tindakaken siyang lan dalu nggeh menika dedonga
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang mathuk !
Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji.

6. Tembang Pangkur ing dhuwur ana ... gatra.


7. ... ageming aji.
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi tembang Pangkur ing dhuwur yaiku ....
8. Sinawung resmining kidung.
Tembung kidung duweni teges ....
9. Mrih kretarta pakartining ilmu luhung.
Gatra tembang pangkur ing dhuwur duweni guru lagu yaiku ....
10. Akarana karenan mardi siwi
Guru wilangan ana ing dhuwur yaiku ....

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang patitis !
11. Aranana telu wae kang kalebu tembang macapat !

Wacanen kanthi permati !

Sekar pangkur ngilmu nyata.


Diwiwiti sing sabar lan prihatin.
Nimba ilmu marang guru.
Wayah isuk lan awan.
...

12. Tulisen isine tembang Pangkur ing dhuwur nganngo basa krama !

I. Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C utawa D ing sangarepe wangsulan kang bener !

13. Sunan Kalijaga, Ki Rangga lan para santrine pada nuju padhepokan Sunan Muria. Nalika wanci
sembayang dzuhur, Sunan Kalijaga ngajak leren ing sak ngisore wit lan dhawuh marang Ki Rangga
supaya golek banyu wudhu.
Tembung dhawuh ana teks crita dhuwur tegese ....
A. Mimpin
B. Prentah
C. Mangan
D. Ngalokake

14. Ki Rangga lan kancane padha bingung merga sak kiwa tengene papan kuwi garing. Sunan Kalijaga
banjur ngendika yen becike nyenyuwun marang Gusti, muga-muga saka wit iku ana sumber banyu
sing mili, nanging kudu eling yen kabeh kuwi kersane Gusti lan aja nganti lali yen ana kedadeyan
apa wae enggal ngabarna marang Sunan Kalijaga.
Manut crita ing dhuwur, kepriye carane ben padha oleh banyu kanggo wudhu?
A. Ngedhuk lemah nganti jero
B. Golek banyu ana ing kali
C. Nyenyuwun marang Gusti
D. Golek banyu ciblo
15. Sunan Kalijaga balik maneh menyang papan mau. Ngerti polahe Ki Rangga, Sunan Kalijaga
keprucut ngendika yen kudune ngabarna marang Sunan Kalijaga, ora malah langen kaya bulus.
Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane padha dadi bulus. Mula papan kuwi diarani Sendang Sani
saka kedadeyan Sunan Kalijaga murungke niate wudhu merga disisani utawa di dhisiki Ki Rangga.
Apa sing marake Ki Rangga lan Kanca-kancane padha dadi bulus?
Wangsulan kang trep manut teks crita dhuwur yaiku ....
A. Ki Rangga lan Kanca-kancane padha lali marang dhawuhe Sunan Kalijaga
B. Ki Rangga lan kanca-kancane padha keturon ing ngisor wit
C. Ki Rangga lan kanca-kancane padha nuju Padhepokan Sunan Muria
D. Ki Rangga lan kanca-kancane klambine pada teles kebes

16. Kang nuju padhepokan Sunan Muria yaiku ....


A. Ki Rangga lan Kanca-kancane
B. Sunan Kalijaga
C. Santrine Sunan Kalijaga
D. Sunan Kalijaga, Ki Rangga lan para santrine

17. Ringkesan kang trep karo wacan crita ing dhuwur yaiku ....
A. Ki Rangga lan Kanca-kancane dadi bulus amarga saking senenge ana banyu sing metu saka wit.
B. Sunan Kalijaga nunut leren ana ing ngisore wit nalika nuju padhepokan Sunan Muria.
C. Dumadine Sendang Sani amarga kuciwane Sunan Kalijaga marang Ki Rangga lan kanca-
kancane.
D. Ki Rangga lan Sunan Kalijaga bareng-bareng nuju Padhepokan Sunan Muria mampir ing
Sendang Sani.

Wacan kanggo mangsuli pitakon nomer 18-19 !


Nalika memetri desa, desa Banarawa rame banget, suguhane rupa-rupa cumawis. Wektu iku
ana Bocah Bajang utawa Baru Klinthing kang sejatine membane ula sing padha dipateni ing alas
mau. Baru Klinthing kuwi mau marani Ki Juru Mathokan arep jaluk daging ula, nanging ora diparingi
malah diusir. Bocah bajang banjur lunga menyang omahe Mbok Randha sing seneng teulung
marang sapa bae senajan uripe rekasa. Baru Klinthing di tampa, diwenehi sega lan daging ula.
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang mathuk!

18. Manut crita legendha ing dhuwur, watake Mbok Randha yaiku ....
19. Midherek pamanggih kula, tumindakipun Ki Juru Mathokan inggih punika ....
Gandeng wis ora ana sing kuwat, Baru Klinting mbedhol sada lanang mau. Sanalika tilas
tancepane metu banyune mulak-mulak gedhe. Saya suwi saya gedhe banjur ngeleb Desa
Banarawa. Wong-wong mati klelep, Mung Mbok Randha sing bisa slamet amarga numpak lesung
kaya sing di welingke Baru Klinting. Desa Banarawa ilang dadi rawa, banjur katelah Rawa Pening.
20. Irah-irahan kang trep karo wacan ing dhuwur yaiku ....
21. Crita ing dhuwur ngemu pesen yen dadi wong kudu ....
22. Kabeh wong sing njajal ora ana sing bisa. Gandeng wis ora ana sing kuwat, Baru Klinting mbedhol
sada lanang mau. Sanalika tilas tancepane metu banyune mulak-mulak gedhe. Saya suwi saya
gedhe banjur ....

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang patitis !

23. Apa kang diarani cerita legendha?


24. Gawea ukara nganggo tembung :
a. Becik
b. Migunani
c. Nitih
Wacanen kanthi permati !
Sakwise mangan Baru Klinthing pamit menyang omahe Ki Juru Mathokan, lan menehi
piweling marang mbok Randha yen mengko arep ana bena bandhang supaya nyiapke lesung. Ing
omahe Ki Juru Mathokan, Baru Klinthing nancepke sada lanang ana ing tengah plataran banjur
nantang wong-wong bedhol sada sing ditancepke mau. Kabeh wong sing njajal ora ana sing bisa.
25. Gawenen ringkesan crita ing dhuwur nganggo basa padinanmu !

You might also like