You are on page 1of 2

Nama : Ayu Fauziah

No.Absen : 05
Kelas : XII-MIA-5

Bolos Sekolah

Ing sawijining sekolah ing Desa Sukamaju, ana bocah sing nakal banget. Bocah kasebut
nduweni jeneng Vitto. Sabendino Vitto ora tau nggarap tugas, senengane bolos sekolah,
penggaweane melbu metu BK nganti guru-guru apal karo lakone Vitto. Kajaba Vitto uga ana
kanca-kancane sing padha nakale yaiku Denis lan Tono. Sejatine, Tono kuwi ora nakal,
nanging amarga kekancan kaliyan Denis lan Vitto, Tono malih ketularan makal.
Nalika dina senin pas wayahe upacara bendera, Vitto lan kanca-kancane padha bolos
sekolah. Vitto lan kanca-kancane ngopi menyang warung kopi Mbak Tinem.
“Rek, tugas sejarahmu padha mari opo durung rek, aku arep nyonto.” Omonge Tono
“Halah Ton, lagi bolos kok mikir tugas, nyantai dhisik lha Ton.” Wangsulane Vitto
“Lhahyo Tono iku, ngopi-ngopi sek lha Ton, ben ora sepaneng.” Imbuhe Denis
“Aku wedi pas masuk mengko tugase dicek siji-siji rek, Bu Endah senajan muring-
muring yen tugasku durung mari.” Wangsule Tono
“Halah gampang kuwi, kan ana Adit, bocah pinter lan culun kuwi pasti wes nggarap
tugas.”
“Bener kuwi Den, urip iku mung mampir ngombe, gausah digawe susah, digawe penak
wae, iyo opo ora To.”
“Hahaha, bener kuwi Nis.”
Sakwise ngopi, bocah telu mau banjur mulih. Ning tengah dalan dumadak Bu Endah
liwat ning ngarepe bocah 3 mau.
“Loh loh loh, arep nang endi cah bagus, kanca-kancamu padha sekolah kowe malah
mbambung ning kene. Arep dadi opo mbesok yen gedhe. Masa depanmu piye le, yen kowe
kaya ngene terus. Ayo, melok ibuk ning sekolah, arep tak tekakke wong tuwamu siji-siji.”
“Loh bu mboten bu, kula mboten nakal bu, Vitto kaliyan Denis ingkang nakal bu, kula
namung tumut rumiyin amargi dipunajak bu.” Omonge Tono
“Halah, ora usah alasan Ton, kowe Vitto lan Denis iku padha wae, padha-padha
nakale.” Wangsule Bu Endah
Banjur tekan sekolah, wong tuwane Vitto, Denis lan Tono ditimbali menyang sekolah.
Bocah telu mau diutus Bu Endah menyang ruang BK lan ngenteni wong tuwane dhewe-
dhewe, Awake Tono lan Denis adem panas, amarga wedi yen Bapake mengko ngerti yen
bocah 2 mau bolos sekolah. Nanging Vitto ora panik, tetep santai senajan wong tuwane
diceluk. Wong tuwane Denis teka dhisik, Denis langsung ndhelik ning mburine Tono amarga
keweden marang bapake dhewe. Bapake Denis marani Denis ing panggonane, Denis katon
pucet lan pasrah. Nanging Vitto malah cengegesan nyawang Denis sing pucet kaya mayit
kuwi. Bapake Denis katon nesu nalika teka menyang ruang BK. Denis mung pasrah yen
mengko diseneni bapake.
“Rene kowe Denis, aja ndhelik kaya bocah cilik ngunu, rene cepet, bapak arep takon
marang kowe.” Omonge Bapake Denis
“Nggih pak kula, enten napa pak.” Denis maju menyang bapake karo rai pucet
“Enten napa, enten napa, kowe seng ana opo Den, kepriye Bapak kok iso diceluk
menyang sekolah, kowe nggawe masalah opo maneh toh Den.”
“Aaa anu pak, nnniku kula namung...”
Durung rampung Denis ngomong, Bu Endah dumadak teka lan matur marang Bapake
Denis.
“Mangga pak dhateng ruang BK rumiyin.”
“Oh nggih bu.”
Sakwise iku bapake Vitto lan Tono teka sisan. Bu Endah langsung ngeterake Bapake
Vitto lan Tono ning ruang BK. Ora sue wong tuwane bocah telu mau padha metu saka ruang
BK. Bocah telu mau mung pasrah yen mengko diseneni bapake dewe-dewe. Sakwise iku
bocah 3 mau padha moleh bareng bapake dewe-dewe. Tono lan Denis diseneni nganti bocah
2 mau nangis-nangis, nanging bapake Vitto ora nyeneni Vitto, mung nuturi yen ora dibaleni
maneh.
Sakwise kejadian iku, Denis lan Tono lueh rajin sekolah, bocah 2 iku ora tau bolos
maneh amarga wong tuwane ngancem yen bocah 2 kuwi bolos maneh, bakal dipindahke
menyang sekolah liyo. Amarga ora ana konco bolos, Vitto ora tau bolos maneh, tugas-tugase
senajan digarap kabeh. Akhire bocah 3 mau ora tau nakal maneh.
Kewajibane murid yaiku sinau, ora oleh nakal lan ngelawan pituture guru, amarga
awakdhewe ora iso sukses yen ora manut marang pituture bapak lan ibu guru.

You might also like