You are on page 1of 2

MI.

AL IRSYAD AL ISLAMIYYAH
MATERI BAHASA DAERAH KELAS II
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Nama : ___________________ Kelas : ________________ No. : ____

5. Ngandharake Unsur-unsur Teks Crita Narasi


Teks crita narasi diwangun kanthi unsure-unsur kang ana ing ngisor iki :
a. Underaning Crita (Tema)
Yaiku dhasar / lelandhesane crita kang dirembug sajroning teks.
b. Paraga (Tokoh)
Yaiku wong kang dadi tokoh sajroning crita.
c. Alur
Yaiku urutan kadadean kang dumadi sajroning crita, wiwit mula bukaning
kadadean nganti kadadean kang pungkasan.
d. Latar (setting)
Yaiku sawijining unsur kang nggambarake panggonan lan wektu dumadine crita.

B. Nulis Teks Pacelathon


1. Titikan (ciri-ciri) teks pacelathon, ing antarane yaiku:
a. Ukara-ukarane awujud ukara langsung (kalimat langsung). Ukara-ukara iki
kasusun awujud pacelathon (dialog) antarane paraga siji karo paraga liyane.
b. Nggunaake tandha pethik (tanda kutip), wujude yaiku (“…”).
c. Teks pacelathon dijangkepi pituduh tartamtu kang kudu diparagaake dening
paragane. Pituduh kasebut bisa ditulis ing jero tandha kurung (…).
Tuladha :
Nina : “Adhuh, Sit … sikilku rasane perih.” (Nina sambat karo nyekeli dhengkule
kang catu.)
Siti : “Ayo, Nin, mlakune alon-alon wae!” (Siti nggandheng Nina menyang ruwang
kelas.)

C. Maragakake Teks Pacelathon


Bab-bab kang kudu digatekake nalika maragakake teks pacelathon, yaiku:
1. Pangucapan (lafal) kudu cetha, tegese swarane kudu banter lan cetha (jelas) nalika
maca teks pacelathon.
2. Lagu ukara (intonasi) kudu trep, amarga saben jinis ukara nduweni lagun ukara
kang beda nalika diwaca, salaras karo jinis ukarane.
3. Jedha kudu trep. Jedha tegese wektu kanggo mandheg sedhela sawise maca
sawijining ukara kanthi nggatekake tandah pawacan (tanda baca) ing ukara
kasebut.
4. Ekspresi (raut wajah) salaras karo swasana sajroning pacelathon.
5. Obah usike awak (gerakan badan) salaras karo isine pacelathon.
D. Mangsuli Pitakon

Gladhen 2
Isinen titik-titik ing ngisor iki!
1. Underaning crita utawa dhasar crita kang dirembug sajroning teks diarani ….
2. Paraga ing teks narasi uga diarani ….
3. Nalika maragakake teks pacelathon swarane kudu … lan ….
4. Ukara-ukara ing teks pacelathon awujud ukara ….
5. Wektu kanggo mandheg sedhela sawise maca sawijining ukara kanthi nggatekake
tandha pawacan ing ukara tegese ….

You might also like