You are on page 1of 2

MATERI PAWARTA

Pangerten Pawarta
Teks pawarta yaiku palapuran bab prastawa utawa kadadeyan kang lagi wae dumadi, kang wateke
ngedab-ngedabi utawa arang ditemoni, lan dibiyawarakke lumantar media massa, bisa awujud
ariwarti/ kalawarti, lisan utawa tulisan, saperlu bisa menehi informasi tumrap para bebrayan.
Wujudipun Pawarta
1. Pawarta lisan
Pawarta lisan yaiku pawarta sing diwartakake dening wong marang sing miyarsa utawa sing
nyemak lumantar swara. Lumrahe pawarta lisan kuwi dibabar ana ing siaran TV, Radio, lan
internet.
2. Pawarta tulis
Pawarta tulis yaiku pawarta sing dibiyawarakake lumatar tulisan. Lumrahe jinis pawarta iki
katemokake ing kalawarti, ariwarti, lan media massa liyane kang awujud cetak.

Unsur – unsur pawarta


Sajroning pawarta iku kudu ngemot unsur-unsur 5W+1H (apa, sapa, neng ngendi, kapan, kena
ngapa, lan kepriye) supaya pawarta kuwi diarani jangkep informasine. Unsur-unsur 5W+1H kuwi
mau kalebu dadi unsur-unsur sing baku tumrap teks pawarta.

Perangan pawarta ana 4, yaiku:


a. Head Line (Judul/ Irah-irahan)
Head line yaiku irah-irahan kang gunane kanggo:
1. nggampangake pamaca ngerteni pawarta kang bakal diwaca
2. nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanti werna-werna aksara utawa gambar
b. Dead line (Batas Waktu)
Ancas dead line yaiku nuduhake papan kedadean lan jeneng media massa. Mula perangan
iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadean
c. Lead (Teras Pawarta)
Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraph kapisan.bab iku tinulis amarga
minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta lan
nggambarake sakabehe pawarta
d. Body language (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi bahasa kang cekak, aos lan cetha.
Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta

Sifat Pawarta
• Aktual (anyar). Bab – bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
• Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing
sakiwa tengene tinimbang ing papan liyane
• Penting. Sawijining bab kang bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting,
amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung.
• Akibat. Sawijining bab kang dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan
• Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane
cecongkrahan.
• Tintrim
• Kemajuan teknologi
• Emosi. Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela.
• Humor, martakake bab – bab kang gawe sengsem, mesem, lan guyu pamaos

Teknik Nulis Pawarta


• Nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara, kedadeyan
langsung, utawa data tinulis.
• Nemtokake teras berita
• Milih tembung – tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut
aja molak – malik supaya ora gawe bingung pamiyarsane
• Ngawiti nulis kanthi temenan

You might also like