You are on page 1of 25

MATERI II

NOVEL

Novel yaiku salah sawijining sastra gancaran kang asipat fiksi duwe crita kaya kadadeyan
riyata lan nyritaake saperangan lakon paraga utamane.Novel iku kalebu golongane satra jawa
gagrak anyar utawa satra jawa modern.Novel lumrahe awujud buku sanajan ana sing dibabar
arupa crita sambung ing majalah utawa kalawarti.Novel kang kamot wujud sambung lumrahe
kacekak,dawane ora kaya sing wujud buku .Novel cendhak ngene ik karan novelette ( novel
cendhak )
MACA PETHIKAN NOVEL IRAMANING KASETYAN DJATI

A Maca Pethikan novel Iramaning Kasetyan Djati

Wacanen pethikan novel “Iramaning Kasetyan Djati “ iki kanthi setiti !

Pituase Wong Tumenan Karo sing Wegahan.


Sawise oleh pitung dina anggone kirim laying pinuju ing dina minggu,took-toko ing kutha Sragen
akeh kang padha tutup.Semana uga ing took Kejawan sing saben dinane katon rame banget.dina iku
katon sepi.sing katon menga sesisih bae.
Ing wektu esuk sakngarepe lawang mau Endang lan Budiyantoro padha ngadeg ana ing kana padha
menganggo anggon-anggon lelungan.Wong loro mau sedhela-sedhela pijer ngungak-ugak ing arah
wetan,katon kumebul peganing rokok kang diisep dening joko bdiyantoro,kaya-kaya ana wong sing
dienteni.Ora suwe saka wetan kono katon ana becak kang ditumpaki dening wong lanang wadon
loro mara mrono.
Satekane ing ngarep took becak mau mandeg penmpange banjur padha mudhun.Sawise
ongkos kabayar wong loro mau banjur padha mlebu ing lawang took mau karo celathune:”Wis kana
Bud,yen kowe arep budhal mumpung isih esuk lo.aku karo ibumu tunggu omah .”Inggih, Pak.kulo
kepareng budhal sapunika kemawon.”
Endang sadyati sawuse masrahake pangunjukan lan nyamikan kang wis cumawi kang wis
Cumawis ana meja kagem wong tuwane Joko Budiyantoro sekaliyan mau,dheweke ugaa nuli
pamitan lan banjur padha mlaku mangetan turut pinggire dalan kono.Satekane ing setanplat bis
wong loro maau padha mandheg ,mrep mangulon.Akeh bis-biskang padha lunga teka padha genti-
genti.Apadene para penumpang kaya padatan munggah uyel-uyelan nganti wor suh karo wong sing
padha mudhun . saben ana bis teka wong loro mau anngone ngawasake nganti njinggleng lan olehe
ngulatake wong-wong sing padha mudhun siji-siji.
Dumadhakan bring weruhsalah sawijining wong wadon nggawa koper lankreneng mudhun
pemudhi lan pemudha mau padha rerikatan marani wong mauperlu methukake celathune.”la kae
mas ibu rawuh………” “Bu …………. Pundi,Bu. Punika kula ampilipun koperipun supados dipun
ampilaken Mas Budi punika kemawon. Sampun pundi, Bu Koperipun kula ampilaken
kemawon.Sampun mangga kula dherekaken kondur tindak darat kemawon,bu.Sampun celak sanget
kok bu.”Ibune Endang Sandyatiu,uga banjur ngulungake kreneng marang putrane dhewe dene
kopere
Nuli di tampa lan digawaake dening pemudha mau.Wong telu banjur padha bebarengan lumaku
tumuju menyang took kejawan.Satekane ing took kono njujug ing omah buri dipethukakedening
wong tuwane Joko Budyantoro sekaliyan kang nunggu ana ing omah,kanthi rumahab nggone padha
ngancani.”Mangga mangga,Dhi kula aturi pinarak tindak lumebet kemawon mangga sami lenggah
ngriki.” “Inggih,kulo nuwun,bakyu.kulo nuwun kangmas.” “ Inggih,inggih,Dhi mangga lenggahipun
sampun pekewet,dhi…… mangga.” Inggih kangmas.kulo nuwun.”sawise padha satata lungguh lan
wis padha nyelehke gegawane,Endang enggal lumebu ing kamar njupuk unjukan ,ora suwe bali
metu kang ngandelake panunjukanlannyenyamikan sawetara.Dheweke uga banjur melu njagong
lungguh ing sacaketing Budyantoro nunggal ing sapatemon.” Rak inggih sami wilujeng
ta,rawuhipun? Inggih dipun tepangakenkulo bapakipun ingkang putra Budyantoro nama kulo
Basuki. “ inggih dhikulongaturaken pambagyya wilujeng dhumateng rawuh panjenengan ing mriki
lan keparenga katepangaken kemawon,awon-awon kulo punika ingkang mbakyu
piyambak,ibunipun ing mriki.” “Inggih, kangmas tuwin mbakyu.Saking pangestu panjenengan
sekaliyan,sowan kulo ing mriki uga tansah jinangkung ing kawilujengan.Boten langkung kulo ugi
sakalangkung ngaturaken gunging panuwun,tuwin kulo ugi keprenga nderek katepangaken,waleh
waleh punapa,kulo punika inggih tiyang sepuhipun ending sanyanti,nama kulo pun
Martoawandoyo.”
“Kulo semanten ugi Bu,inggih sampun kirang ing pamengku,kulo inggih nderek ngaturaken
pambage sugeng dhumateng rawuhipun ibu ing mriki.” “ Hiya nak.Satekaku ing kene uga tansah
keslametan sakukuban kulawarga kene rak pada karaharjan kabeh ta ? “ Inggih mangga, dhi.sami
dipun unjuk rumiyin.tuwin punika sakawontenanipun mangga sami dipun sambi”
“ O, inggih,mbakyu matur nuwun sanget mangga,mangga kang mas.” Wong –wong mau uga
banjur padha bebarengan ngombe karo ngrahabi kembul mangan nyenyamikan sinambi
rerembugan.”Lha punika kala wau tindakipun saking sala jam pinten,dhi? Anu kang mas ,yen bidhal
kulo saking sala kalawau ugi ingkang dangu punika rakasih enjing sanget.namung ingkang dangu
punika rak antrianipun tumbas karcis.” O…pancen inggih kok,dhi.Tumrap bidhal panjenengan
kalawau rak tasih enjing dhi,dados dadi sakeca.Menawi kula emben sampun nate,inggih badhe
numpak wonten ing stanplat sala mrika,wedhalipun sampun siyang sanget.Kajawi dangu tur suk-
sukan nwonten ngajeng loket.Wah sampun dhi,badan kula sakojur rak ngantos gumrobyos adus
kringet. Punika wewahipun bis rak inggih sampun kathah sanget bu ngantos matikel-tikel kathaipun
katimbang kaliyan ingkang sampun-sampun. “ Pancenipun mekatenkedahipun,kula dalah ingkang
putra,dhik Endang punika ingkang sowan dhateng ibu.Ananging ngengeti kerepotan kula ing wedhal
punika utawi merit saking pamrayoginipun dhik Endang,pramila malah ibu ingkang kula suwun
rawuhipun ing mriki punika.Pramila ingkang sadayakalawau,boten sanes inggih saking kepeksa
kula,bu. “Hiya ora dadi apa nak.Malahaku dhewe luwih condhong yen sing teka ing kene iki,maneh
aku uga rumangsa bungah atiku,dene aku rak malah bisa ketemu karo ingkang rama lan ibu ing
kene,dadi bisa ndadekakemareming atiku. “Inggih sakalangkug kasinggihan,bu yen mekaten.”Anu
kok bu,Satemenipun tepang kula kaliyan mas bud punika baresipun inggih sampun dangu
sanget,malah kula sampun nate pinganggih kaliyan mas bud punika ananging nalika taksih sami
alitipun.” “OO…jane yaw is suwe ta, ndang anggonmu weruh karo nak bud iki ? la aku kok ra tau
weruh yen kowe ketemu karo nak bud lan uga durung tumon yen nak bud teka ana ing kampong
Harjodiprajan kana. “ Inggihkok bu,Rumaos kulo piyambak anggen kula pinanggih kaliyan mas bud
punika inggih sawegsepisn nalikanipunndungkap sadaenipun swargi bapak. Ingkangkula aturaken
dhateng ibu nalika kula sakit wonten ing salebeting bis mantuk kula saking Semarang dhateng sala
kala semanten.lajeng dipuntulungi tiyang jaler.larenipun la nggih mas bud punika
rumiyin.Denesalajengipun kula inggih lestantun nalare marang kuwi kancan kaliyan piyambakipun
rak nggih prasasat saben dinten dumugi ing griya mrika.Ananging nalika semantenpunika kula
piyambak inggih boten ngrumaosi. Oo bocah lanang sig nulungi kowe dhek semanakae nak bud iki
ta,ndang? Oooo…mang…kono ta ( ibune ending manggut-manggut )ora liwat hya ing panarimamu
bae lo nak bud.”” La njur aturmu,ndang yen nak budi iki durung suwe wis prasasat sabendina tekan
ing omahe dhewe kuwi nalare kepriye ?Aku babar pisan kok rumangsa durung tau ketemu lan
rumangsa ora mrangguli.Karo maneh anehe salagine kowe bae uga matur yen kowe dhewe ya ora
rumangsa iku,aku kok malah saya gumun maneh jan-jane kepriye ta ?” Pancen mekaten bu,ingkang
sadean buku-buku lengganan kula kala semanten punika…..ingkang angiyup wonten ing griyo mrika
yen pinuju piyambakan kabeteng ing jawah …..inggih punika lo bu priyantunipun,ingkang wonten
ing ngarsa panjenengan punika.
“ Ooo…..dadi mengkono ta….kok bisa-bisane lo nindakake kaya mengkono,nak bud kuwi.Supradene
Endang dhewe kok ya kelakon nganti bisa pangling. Nganti suwe lan ketara yenbanget ngelangut
penggalihe bu martoswandoyo anggone ngular ular marang ubeng iringe lelakon iku,nganti
kantonnjegreglungguhe ana ing kursi kana ora obah ora polah wis tingarah kaya tumanceping tugu
manic marcu tunda ing kayangan jonggrang salaka.Suwe katon monthak manhukketara banget
yenmarem pikire. Nganti sawatara dina dheweke lerem ana ing omahe Budyantoro, rumangsa
krasan amarga dheweke tansah kesengsem banget lan kelega
N atiku.Ing saben dinane tansah nungkuli dhewe reja lan ramane took kejawen laris lan akeh banget
lengganane katon yen maju temenan dedagangane.
Bareng wis seminggu anggone Bu Martoswandoyo ana ing kono lan sawise karampungan
bab sing wigati tinemu wis padha sarujuke tumrap lelayanane Endang Sandyati lan joko Budyantoro
dalah para sesepuhe kabeh.Bu Bu martoswandono nyuwun pamit bali mulih menyang kampunge
dhewe klawan didherekake dening Wndang Sandyati.
Ing wasana mung let sasen-sasen bae,ending sandyati karo jokor budyantoro dilestarekake
kanthi upacara sarana pasamuan cukup,andadekake sarwa luwih dening marem rasa atine kang
nganyaki,sumrambah marang lega-legawaning pikire para sanak kadang kadeyan tangga
teparo,pawing mitra luwih-luwih wong tuwane temanten sekarone dalah para ahli warise kabeh
padha suka parisuka.Para pinisepuh padha sika sukur marang kang murbeng dumadi ,idenana sabda
sabdane mrih mandi den widodo tinulis ddio kang nembe nambut silaning akrami.
Kajaba mungWarsobo dewe kang cihnan cumengkah rasa ing pamikire.Kaya-kaya krasa
banget pait nyethak kang tansah muleg ana ing njeron telenging atine .Lair lan batine Warsobo
tetep ora liloa yen Endang Sandyanti ngliya jejodhohane saka dheweke.Ananging kang mangkono
iku cetha kendih dening kayatan ,tur ing atase dheweke tansah tinemu ora mupakat dening
kanalaran lan panilitining alumrah.
Mula Warsobo mung kari anggana ngentun kang ora weruh ing keblat lan tansah kabutan
dalan nganti samendung bae ora ana cahya kang madhangi marang pikire dheweke pikire.mula
nganti suwe hiya jalaran kang mengkono iku mau kagawa banget cupeting budine anjalari dheweke
nuli kataman nandhang lara urat syaraf.saya suwe saya ndadi,ngantibabjur kaya ora ganep
engetane saengga sayamajenun umingsir prassaningengetane anggendhengi.
Dene temante anyar sakarone yaiku jaka larane Endang Sandyati karo joko Budyantoro
mau,sateruse uga lestari tulus kalising karengon rengating atine saking padha dene sarwa bisa met
sih siji lan sijine tansah mbudi adeging karahayon kayungyun angayahi hayuning cahyati,tanpa tau
angoncati mring iramining kudrating jejodhohane.
Mula kaya-kaya wis tekan titi wancine carita Iramaning Kasetyan Djati iki tutug rampung.

Kapetik saka :S>H>Purusa, Iramaning Kasetyan Djati ,Surakarta MAS 1966


NEGESI TEMBUNG
Tegesna tembung –tembung kang ana ing petikan novel ”Iramaning Kasetyan Djati “ing ngisor
iki!

NO Tembung ing wacan Tembung liyane Tembung ing basa indonesia


1 Pituwas ………………………. Hasil dari jerih payah
2 Tumenen ….……………………. Bersungguh-sungguh
3 Ngungak-ungak ….……………………. Melihat-lihat
4 Setanplat ………………………… Halte/terminal
5 Celak banget …………………………. Dekat sekali
6 Ngrahapi …………………………… Menikmati
7 Lenggah …………………………. Duduk
8 Pekewet ……………………….. Sungkan
9 Sacaketimg ……………………… Didekat
10 Wanuh …………………………. Datdng
11 Tepang ………………………… Kenal
12 Awon-awon …………………………. Jelek-jelek
13 Tuwin ………………………… Sekalian
14 Kawilujengan …………………………….. Keselamatan
15 Enjing …………………….. Pagi
16 Nate ……………………… Pernah
17 Wewahipun ………………………. Bertambahnya
18 Pangapunten ………………………….. Mohon maaf
19 Dalah …………………………. Bersama
20 Bungah ………………………… Bahagia
21 Mareming ……………………….. Kepuasan
22 Dangu …………………….. Lama
23 Tumon …………………… Melihat
24 Mrangguli …………………… Melihat,mengerti
25 Gumun ……………………. Heran
26 Sadean ……………………….. Berjualan
27 Krasan ………………. Betah
28 Wigati …………………. Penting
29 Sumrambah …………………………. Menyebar keman-mana
30 Cihna ……………………… Terlihat jelas
31 Cumengkah ………………….. Tidak cocok
32 Anngendhengi ……………………. Menjadi gila
33 Met …………………….. Mencari
34 Titi wanci …………………… Saat
35 rampung …………………………. Selesai
Mangsuli Lan gawe pitakon kang gegayutan karo isi pethikan Novel Iramning Kasetyan Djati

A.Mangsuli pitakon

Wangsulana pitako-pitakon ing ngisor iki migunakake basa ngoko !


1. Ing kutha ngendi omahe Joko Budyantoro lan keluarga?
2. Sapa wae paraga ing pethikan novel Iramaning Kasetyaning djati ?
3. Kapan Endang Sandyati tepang sepisanan karo joko budyantoro?
4. Sapa asmane bapake Joko Budyantoro ?
5. Sapa asmane ibune Endang Sandyanti ?
6. Geneya endag Sandyanti lan joko Budyantoro mlayu nalika weruh sawijining wong
wadhon mudhun saka bis ngawa koper lan kreneng?
7. Kerpriye sidane lelakone Endang Sandyati lan joko budyantoro ?
8. Sapa arane paraga kang gela marang palakramane Endang Budyantoro karo
Joko Budyantoro ?
9. Kepriye nasibe Warsobo sawise mangerteni Endang Sandyati dudu jodhone ?
10. Kepriye pungkasane crita pethikan Novel Iramaning Kasetyan Djati

? B.Gawe Pitakonan

Gaweya Pitakonan cacahe lima kang jumbuh karo isine pethikan novel “iramaning Kasetyan Djati “

Mangarteni Unsur unsure Pembangun Novel

Novel iku kalebu kasusastran gagrak anyar.Ing novel ana unsure-unsur pembangun kang
nyengkuyung lakune crita novek kasebut.Unsur unsure iku kayata :

1. Tema ( underan ) : gagasan baku kang digunakake kanggo ngarang karya sastra
2. Alur (Plot ) : lakune crita /urut-urutane crita
3. Setting ( latar ) : katrangan ngenani papan wektu lan swasana.
4. Penokohan : paraga kang ana ing novel
5. Sudut Pandang :pandangane panganggit kang ngetrepake awake ing jero crita.
6. Amanat (piweling ) :nilai-nilai luhur kang kaandhut ing novel
Ulangan padinan

A. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing paling

bener! Wacan kanggo soal nomer 1-4

Dina Minggu esuk wayah jam pit ing pakebonane sldhah R.Ng.Kartamardika ana bocah
nonnoman kang manganggo sarwa bregas bebed lan ikete sawitan ,klambine sutra cina
bukaan,dhasine sutra biru,selope gilap,cedhak kaaro olehe ngadeg. Martini ing sandhinge
bapake.Satemene Martini wis ora seneng nemoni tekane bocah nom-noman mau yaiku Sindu.Dene
kang diarep-arep.Martini mung si Endra.Nanging ing wektu kuwi si Endra lunga menyang desa golek
padon dagangan krambil gebigan (koprah)lan niti agen-agene ,apa yambut gawe kalawan
bener.Sindu tansah nglawan marang martini wae.lan sedela-sedela ndeleng tanduransladhahkang
pancenthukule durung gedhe.

Kapetik saka R.B Sulardi Ing Rembulan ndhadhari,Yogyakarta

1. Papan kedadean ing pethikan novel kasebut ana ing………………………………


a. Kidul omahe R.Ng.Kartamardhika
b. Kebon sladhah R.Ng, Kartamardhika
c. Kebon Koprah R.Ng.Kartamardhika
d. Pinggir kali cedhak sawahe Kartamardhika
e. Kebon koprah ing etan desa
2. Pethikan ing dhuwur kang diarep-arep Martini Yaiku…………………………..
a. Endra
b. Sindhu
c. R.Ng.Kartamardika
d. Pandhu
e. Sulardi

3. Geneya Sindu esuk umun-umun menyang Kebone Pak Kartamardika?


a. Sindu kepengin rembugan karo R.Ng.Kartamardhika
b. Sindu kepingin niliki tanduran sladhah kanga rep panen
c. Sindu arep melu Endra golek paon dagangan koprah
d. Sindu arep ngrewangi martini nggoleki Endra kang lagi dagang
e. Sindu arep nyawang martini anake R ng Kartamardhika
4. Pagaeyane paraga endra yaiku…………………
a. Agen koprah
b. Bakul koprah
c. Petani koprah
d. Buruh koprah
e. Petani sladah
5. Paraga kang nduweni watak ala utawa awon diarani …………………………..
a. Protagonis
b. Paraga utama
c. Paraga pambiyantu
d. Antagonis
e. Paragatama
6. Nilai budaya yaiku nilai kang gegayutan karo…….
a. Ajaran agama
b. Adat istiadat
c. Norma ing masyarakat
d. Pendhidhikan
e. Tata karma
7. “ Oo…… yen Warsobo kae mono satemene dudu apa-apaku.Wong kaemung putra angkate
pakdhe kok.Wah pancen kumenthus,gumaguse wis nganti ora ilok temenan.Kemaki lan
gemaipe prasasat entek ngamek .Dupeh dadi putrane wong sugih bae,dheweke iku nggepe
wani nggegampang marang aku ,cetha banget yen dheweke iku sawijining bocah bagus kang
kurang ajar.”
Wewatake Warsobo ing pethikan novel kasebut yaiku…………………………
a. Kumaki
b. Kejem
c. Grapyak
d. Sawenang-wenang
e. sumanak
8. Watara rong sasinan sawise ik,ing wektu esuk Endang Sandyati pinuju lungguh katone
tumungkul sajak ngandhut rasa sedhih ana ing sangarepe ibune,dheweke ing semu
migatekake banget marang pangandhikane ibune.
Swasanane ing pethikan novel ing dhuwur yaiku swasanane……………………………………………
a. Bungah
b. Nelangsa
c. Sedhih
d. Kuciwa
e. Seneng
9. Ing ngisor iki novel anggitane Any Asmara kajaba……………………..
a. Antebing Tekad
b. Grombolan Gagak Mataram
c. Ida ayu Maruti
d. Pangurbanan
e. Sri Kuning
10.Any Asmara iku mung jeneng singlon.Jeneng singlon tegese…………………………..
a. Jeneng samaran
b. Jeneng novel
c. Jeneng asli
d. Jeneng cilik
e. Jeneng dewasa

Garapen manut prentahe !

1. Gawea ukara nganggo tembung –tembung ing ngisor iki !


a. Temenan
b. Rawuh
c. Rampung
d. Nate
e. Nelangsa
2. Aranan lan jlentrehna unsure-unsur pembangun Novel !
3. Apa kang diarani nilai-nilai luhur? Aranana lan jlentrehna nilai-nilai kang ana ing njero crita
novel!
4. Aranana lima irah-irahan novel jawa lan asmane panganggite!
5. Akul buku mau banjur metu saka pekarangan,ninggalake padunungan kono.Bareng
lakune wis tekan dlan gedhe,nuli enggal-enggal numpak becak tumuju menyang ing
kampunge kartodipuran sarwa kalegan rasaning atine.Satekane ing kampunge,wancie wis
pamit marang Bu sastrasarono lan adhine nak ndulur.Sanalika budhal bali mulih menyang
ing kampong mageru dhaerah sragen.
Aranana lan jlentrehnaparaga lan setting pethikan novel ing dhuwur!
MATERI III
Sesorah
MACA TEKS
SESORAH
Maca teks sesorah kang wis sumadya iku mesthi luwih gampang tinimbang atur sesorah kanthi
dadakan . Maca teks sesorah sing baku ik kayata :
1. Maca kanthi premati teks sesorah sing arep ko waca
2. Nenimbang pamiyarsa kudu kajumbuhake karo isine sesorah
3. Ngetrepake babgan satata basa mrang pamiyarsane
4. Menehi tandha kanggo mbedakake antarane pambuka,surasa basa,lan dudutan.
5. Migunakake piranti wujud ulat,obahing awak,paes,busana lan endhek dhuwure titi laras
swara.
6. Pocapan tembung ing ukara iku paugerane migunakake sastra baku.
Atur sesorah kanthi dadakan iku kawruh ing bab surasa lan basa kudu wis ana ing pikiran .Wujude
atur sesorah dadakan kayata asung panglipur (ndongeng,ndhagel )atur pambagya harja,atur bela
sungkowo,nanggapi prastawa kang dumadi lan atur andharan cekak ngenani sawijining bab.

Wacanen teks sesorah ing ngisor iki kanthi premati!


Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh
Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sadaya
awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban praja ing desa sidowaras.Ibu-ibu
PKK tingkat desa Sidowras ingkang satuhu binekten.Murwani atur kula.
Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan Panjenengan
ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan sedaya dinten menika pinaringan
bagas waras mila saged rawuh ing pakempalan dinten menika.
Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten
samangke ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola Virus Disease)
utawi EHF (Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos
nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika wonten
ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken sepisanan rikala
taun 1976.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang kaserang virus
menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung (tenggorokan )sakit ing otot
bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-mungkuk (mual ) muntah lan mencret
(diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin ginjel.Dumugi trap-trapan menika tiyang ingkang
kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.
Ibu-ibu tuwin para lenggah inking minulyo.
Manawi wonten sanak kadang tuwin tanggi ingkang ngalami tandha-tandha kadoos andharanipun
kula wau,enggal-enggal tindak dhateng dhokter utawi puskesmas sacelak panjenengan supados
pikantuk usada.Ngengingi sesakit Ebola dinten menika dumados kados pageblugingkang nggegirisi,mila
mbetahaken upaya usada ingkang sanget mirunggan. Boten sedaya Puskesmas menapa dene griya sakit
nyumadhyaaken prabotan kangge penanganan medis.Para pangemban praja enggal – enggal paring
seserepan dhumateng warga ing bab panggenan pundi kemawon ingkang saged katuju saperlu
pikantuk pitulungan ingkang samestinipun saha sarikat rikatipun.
Para rawuh ingkang binekten.
Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita sami
nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya.Kangge nyegah lan
nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu.Kita ugi kaajab sregep pados katrangan
katrangan ngengingi
gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking televis,radhio,Koran lan pepanggihan –pepanggihan kados mekaten
menika.
Ingkang pungkasan,cekap smanten anggen kula matur.Atur panuwun kula ingkang tanpa
pepindhan awit kawigatosaan panjenengan sedaya.Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andharan
menika,kula nedha agunging samudra pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

B.NEGESI TEMBUNG
Sawise maca teks sesorah ing ngarep,mesthi ana tembung tembung sing durung kokngerteni
tegese,sabanjure gladhena tembung –tembung kasebut ! Golekana tegese tembung—tembung ing
njero kothak ngisor iki! Gunakna Kamus utawa bausastra!

NO Tembung ing teks sesorah Tembung liyane Tembung ing basa indonesia
1 Sinu darsana Di conto,kanggo tuladha Dicontoh
2 Mirunggan ………………………………. Khusus
3 Praja ………………………………. Negara
4 Mawantu-wantu ……………………………… Selalu,sering
5 Murwani …………………………….. Memulai
6 Pepuntoning ……………………………. Akhir
7 Pangaksami …………………………….. Maaf
8 Ngrenggani …………………………….. Dipajang
9 Pungkasan ……………………………. Memenuhi
10 Pejah ……………………………….. Meninggal,mati
11 Nedha ………………………………. Makan
12 Trap-trapan ……………………………….. Tingkatan
13 Kriyanipun …………………………….. Kerja
14 Usada ……………………………… Obat
15 Sarikat-rikaipun …………………………….. Secepat-cepatnya
16 Seserepan …………………………….. Intonasi,pengetahuan
17 Mutah ……………………………. Muntah
18 Nyumadyaaken ……………………………… Menyediakan
19 Andhahan ……………………………. Penjelasan
20 nggegirisi ……………………………. Berbahaya
Gawe pitakon pitakon kang gegayutan karo isine Teks
Sesorah Tuladha :
Pitakon
Basa Ngoko : Sapa kang dadi pamiyarsa teks sesorah ing ngarep ?
Basa Krama : Sinten ingkang dados pamiyarsa teks sesorah wonten ngajeng?
Wangsulan : Pamiyarsa sesorah kasebut inggih menika ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowaras.

Manerteni Struktur Teks Sesorah


Struktur teks sesorah iku uga bisa sinebut tata rakitingsesorah . Struktur teks sesorah yaiku
unsure-unsur sing gegayutankaro wujude teks sesorah iku .
Struktur utawa tata rakiting sesorah :
Satata basa,purwa basa,surasa basa,dudutan lan wasana basa.
1. Satata basa
Isine salam pambuka, asung pakurmatan,puja-puji syukur,atur panuwun.
Tuladha :
Assalamu’alaikun Warahmatullah Wabarakatuh
Mugi rahayu sagung dumadi.Kararasan ,Kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira kita sadaya
awit rohmatipun Gusti Allah.Ingkang tuhu sinudarsana para pengemban praja ing desa
sidowaras.Ibu-ibu PKK tingkat desa Sidowaras ingkang satuhu binekten.Murwani atur kula.
Mangga kita dherekaken mawantu-wantu ngonjkaken puji syukur dhumateng Kula lan Panjenengan
ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Dene kula lan panjenengan sedaya dinten
menika pinaringan bagas waras mila saged rawuh ing pakempalan dinten menika.

2. Purwa basa
Isine adangiyah minangka lambaran wosing atur
Tuladha :
Ing pepanggihan menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten samangke
ngrenggani maneka warni kalawarti.Sesakit Ebola limrah kasebut EVD (Ebola Virus Disease) utawi EHF
(Ebola Hemorrhagig Fever ) Seseakit menika mbebayani sanget tumraping manungsa ngantos
nuwuhaken raja pejah ingkang nggegirisi. Kanamakaken Ebola amargi wiwitanipun sesakit menika
wonten ing sakering kananipun Bengawan Ebola ing nagari Kongo.Virus menika katemokaken
sepisanan rikala taun 1976
3. Surasa basa
Isine ngeneni intoning sesorah
Tuladha :
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Sesakit menika kawiwitan kalih dinten ngantos tigang minggu sasmpunipun tiyang kaserang virus
menika kanthi tandha tandha ( gejala )ndhorong (demam ) sakit ing gurung (tenggorokan )sakit ing
otot bayu ( nyeri otot )lan sakit ing sirah.Umumipun kasusul mungkuk-mungkuk (mual ) muntah lan
mencret (diare ) ugi sudanipun kriyanipun manah (liver) tuwin ginjel.Dumugi trap-trapan menika
tiyang ingkang kenging Ebola lajeng ngalami pandarahan.

4. Dudutan
Isine ngenani pitungkas utawa pangajak marang kang padha rawuh.
Tuladha :
Para rawuh ingkang binekten.
Pranyata sesakit Ebola menika nggegirisi sanget akibatipun.Pramila mangga kita sami
nyengkuyung supados sesakit Ebola menika boten ngengingi kulawarga kita sedaya.Kangge nyegah
lan nyingkiri sesakit menika kita kedah ngudi usada ingkang saestu.Kita ugi kaajab sregep
pados katrangan katrangan ngengingi gegayutan kaliyan sesakit Ebola saking televis,radhio,Koran
lan pepanggihan – pepanggihan kados mekaten menika.

5. Wasana basa
Isine atur panutupkanggo mungkasi atur lan salam panutup.
Tuladha :
Ingkang pungkasan,cekap smanten anggen kula matur.Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan
awit kawigatosaan panjenengan sedaya.Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing
andharan menika,kula nedha agunging samudra pangaksami.Pepuntoning atur kula ,bilahittaufik wal
hidayah.
Wassalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh

NEMTOKAKE POKOK-POKOK ISINE TEKS SESORAH


Wacanen maneh teks sesorah ing ngarep!Sawise iku golekana apa bae isine teks sesorah
kasebut ! Anngoanmu nggoleki isine teks sesorah iku bisa saka perangan surasa basal an
dudutan.Sabanjure surasa surasa basa lan dudutan digawe crita ringkes ngenani isine crita iku.
NULIS TEKS SESORAH
Sesorah iku werna werna wujude gumantung tujuane.Sesorah iku ana gandeng cenenge karo
ombyaking kahanan .Mula trep dijumbuhake ing kahanan kang lagi kedadean.Kahanan kang kaya
mangkono iku bisa kawruhan saka maneka rupa upamane Koran,radio lan televise.

Sadurunge nulis teks sesorah nimbang lakune kaya ing ngiso iki :

1. Nggoleki prasawa utawa perkara ing masyarakat


2. Milih tema (uderan) lan gagasan sing arep diaturake
3. Milih lan nemtokake pamiyarsa sesorah
4. Milih isine sesorah wujud gegambaran,pratelan utawa penjelasan apadene wawasan.
5. Milih basa kang jumbuh karo pamiyarsa lan gagasan sing arep dibabar.

ULANGAN padINAN

a.Wenehana tandh ping ( X ) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan sing bener !

1. iki Ing ngisor iki sing klebu mupangate sata yaiku………………………..


a. kanggo nambahi tenaga amarga ngandut karbohidrat
b. kanggo mbancarake enggone ngetokake kringet
c. kanggo mbancarake lakuning getih ing awak
d. kanggo njaga kasarasan awak
e. kanggo nyegah lara jantung
2. Sata uga bisa di gunakake kanggo mbrasta lara…………….
a. Jantung
b. Paru-paru
c. maag
d. diabetes
e. kanker
3. Zat sing nduweni daya ngrangsang uripe sel-sel panambar (kekebalan ) ing
awak sinebut……………….
a. papilloma
b. sitokinin
c. Griffithsin
d. Stemcell
e. Carcinoma
4. Saa ku uga bisa ngandhut.....sing bisa nyapih vkanker.
a. Karbohidrat
b. Lemak
c. Protein
d. Kalsium
e. Nyelani
5. Tembung liyane nyapih yaiku…………………………………………………….
a. Mungkasi
b. Nglereni
c. Miwiti
d. Nambani
e. nyelani
6. Ing paragraph kapindho kang bakal dirembakaake yaiku budidaya…………………………….
a. Rumput laut
b. Kencur
c. Kunir
d. teh
e. sata
7. Mangga kita sesarengan ngonjukaken raos puji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah.Ukara kasebut klebu perangan..........ing teks sesorah
a. Satata basa
b. Purwaka basa
c. Surasa basa
d. Dudutan
e. Wasana basa
8. Ukara ing ngisor iki sig klebu dudutan sesorah yaiku………………………..
a. Mugi rahayu sagung dumadi.Kasarasan kabagyan lan kabegjan mugi tansah kasalira
sedaya awit rohmatipun Gusti Allah.
b. Ing udyana menika kula badhe matur sakedhik bab sesakit Ebola ingkang dinten
samangke ngrenggani maneka warni kalawarti
c. Pramila mangga kita sami nyengkuyung supadhos sesakit Ebola punika boten kenging
kulawarga kita
d. Nglenggana kathahing kekirangan wonten ing andhahanpunika kula nedha agunging
samudra pangaksami
e. Atur panuwun kula ingkang tanpa pepindhan awit kaigatosan panjenengan sedaya.
9. Wujude sesorah ing reh cakrike andhahan kajaba…………………………
a. Pangajak
b. Gegambaran
c. Pratelan
d. Wawasan
e. Panjurug
10. Wujude sesorah dadakan kayata……………………………
a. Asung panglipurTanggap wacana seminar lanbela sungkawa
b. Asung panglipur,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggapwacana seminar
c. Tanggap wacana seminar,atur bela sungkawa,asung panglipur
d. Atur bela sungkawa,nanggapi prastawa sing dumadi lan tanggap wacana seminar
e. Atur bela sungkawa ,asung panglipur lan nanggapi prastawa sing dumadi
B. Gaweya teks sesorah babagan lara diare! Gunakna struktur utawa tata rakiting teks
sesorah kanthi trep ! Aja lali Gunakna basa karma !
MATERI IV
UPACARA ADAT
JAWA
Wacan Eksposisi yaiku wacan kang ngandharake babagan kawruh utawa informasi.
Wacan eksposisi kaperang dadi loro yaiku eksposisi analisis lan eksposisi hortarori.
1. Eksposisi analisis yaiku wacan eksposisi kang negesake panemu kang mbabar wawasan.
2. Eksposisi hortarori yaiku wacan eksposisi kang dudutane di kantheni pangajak utawa
panjurung.
Ngarang wacan ekposisi Iku nggatekake babagan ing ngisor iki:
1. Nemtokake topic kang bakal ditulis
2. Milih topic dadi poko pikiran
3. Ngembangake saben pokok pikiran dadi paragraph
4. Maca maneh asile karangan kanthi titi
5. Mbenerake Manawa ana kang luput lan njangkepi Manawa ana kang kurang
6. Nulis maneh karangan kang wis dikoreksi.
Bab-bab kang kudu digatekake nalika nyunting karangan kaya kasebat ing ngisor iki:
1. Maca saben ukara kanhi nliti apa ana panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.
2. Mbenerake panulisan aksara,tembung,utawa ukara kang salah.
3. Mbenerake paragraph paragraph kang ora runtut ukarane.
4. Mbenerake gegayutan paragraph siji lan sijine

Maca wacan Ekposisi upacara adat Jawa


Upacara adat Jawa Mantu

Ing kawruh kasepuhan kang lumadi ing tanah jawa ana gegaran baku tumrap wong
urip.Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Uripe
manungsa kaperang dadi telu yaiku madu basa,madu rasa dan madu brata.
Madu basa tegese ngudi ing reh kabisan ing bab basa.Manungsa wiwit lair kudu nyinau basa
utawa sesambungan karo manungsa liyane migunake basa.Trap-trapan kapisan iki prastawa
wigatine yaiku nalika bocah dislameti rikala lair,diupacarani mawa upacara tedhak siten lan di
bancaki ing saben dina klairane.Dene pungkasane yaiku nalika bocah ditetaki utawa disunat
minangka pralambang si bocah wis resik lair lan batine sarta siyaga njangkah ing tataran urip kang
luwih dhuwur.Udakara bocah umur limalas taun sibocah kaajab wis trampil ngrakit basa ngoko lan
karma manu kahanane.
Trap-trapan kapindho diarani madu rasa.Madu rasa tegese ngudi rasa rumangsa yaiku
dhasar sesambungane manungsa karo manungsa liyane.Pasrawungan ing jagad cilik wujud bale
somah kudu tansah selaras.semono uga pasrawungan ing jagad gedhe wujude bebrayan
agung.Siyagane manungsa napaki bebrayan mau kalambangake sarana prastawa dadi manten,urip
jejodhohan antarane wong lanang karo wong wadon kang mangun urip bebarengan.Sakloron kudu
urip selaras supaya nurunake wiji manungsa kang utama minangka panerus sejarahe kulawarga.
Trp-trapan kang pungkasan yaiku madu brata.Madu brata yaiku ngudi kawruh lan
ngamalake panembah marang Gusti Kang Murba Dumadi manut satatane agama kang
rinasuk.Panembah mau wujude ora mung rikala ngibadah manut tuntuane agama wae,nanginguga
tindak-tanduk ing saben dinane supaya selaras karo dhawuh lan pepacuhe agama.
Ing upacara mantu ana rong trap-trapan kang bakal dilakoni.Rong trap-trapan kasebut yaiku
madu rasa lan madu brata.Madu rasa tumrap pinanganten,dene madu barta tumrap kang gagunan
gawe mantu utawa mantokake putra-putrine.Si penganten perlu diupacarani supaya anggone
napaki dina-dina pasrawungane agung nemani rahayu.Tumrapkang duwe gawe mantu perlu
diupacarani minangka nindakake puji-puji,pangesthi lan dedonga supaya uripeputra-putrine tansah
karoba sih wilasaning Gusti Kang Mahakuwasa.Sakarone lelambaran anteping tekad,madhep
mantep nedya napaking urip kang luwih becik. Ora katalompe amarga manungsa urip bebarngan
mujudak bebrayan mau.mula saka iku upacara mantu uga ngrawuhake para sanak kadang,pamong
mitra,perlune kasuwun donga lan panestu supaya si temanten manggih rahayu anggone mangun
bale somahSemono uga upacara mantu mau pinaringan lancer,rancag lan rahayu.
Bab-bab kang ndayani ing upacara adat mau wujud wiwaha putra-putri minangka temanten
mujudake prastawa wigati.wigati tumrap si temanten,tumrap kang duwe gawe mantu lan tumrap
Pamuji supaya ing tembe buri si temanten resik lair lan batine sadurunge macaki dina dina
anyar.Ageman jarik sidomukti kang dianggo temanten kinanthenan pangesthi muga-muga
sitemanten besuke nemahi kamukten.Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang
anteping kalbu si temanten anggone arep bebadra urip bebarengan.Isih akeh ubarampe ing
upacara adat mantu kang ngandut pralambang-pralambang kang sarwa becik.Kabeh laku kang
ditindakake ing upacara mau dening masyarakat Jawa supaya kabeh antuk berkahing Gusti Allah.

Temtokna tegese utawa tembung liyane ing sajroning wacan “Adat Jawa Mantu”kanthi ndeleng
tegese tembung ing basa Indonesia kang sumadya!
No tembung Tembung ing basa Indonesia Tegese /tembung liyane
1 Kawruh Pengetahuan Elmu
2 Gegaran Petunjuk,pegangan
3 Pralaya Mati
4 Trap-trapan Tingkat-tingkatan
5 Udakara Kira-kira
6 kaajab Diharapkan
7 Ngrakit Menyusun
8 Ngudi Mencari
9 Bale somah Rumah tangga
10 Sujarah Sejarah
11 Rinasuk Masuk,dipakai,dipeluk
12 Rahayu Selamat
13 Pangesthi Pengharapan
14 Karoban Dipenuhi
15 Sih wilasa Belas kasihk
16 Ora katalompe Tidak lupa
17 Sanak kadang Sanak kadang
18 Pamong mitra Teman
19 Rancag Lancer
20 Miwaha Memestakan

Mangsuli pitakonan kang gegayutan karo isine wacan “upacara adat Jawa”
Wangsulana pitakonan pitakonan ing ngisor iki kanthi trep!
1. Uripe manungsa kaperang dadi 3 trap-trapan.Apa bae telung trap-trapan kasebut?
2. Gegaran baku iku awujud trap-trapan urip manungsa wiwit lair nganti tumeka pralaya.Apa
tegese tembung pralaya ing akara kasebut?
3. Apa kang diarani madu basa,madu rasa lan madu brata?
4. Prastawa wigati ing trap-trapan kapisan iku apa bae?
5. Calon penganten nindakake laku upacara siraman minangka apa?
Kawruh kagunan basa

A. kerata basa
Keratabasa yaiku :cara njarwani (negesi ) tembung kanthi ngothak athik supaya mathuk.
Golekana surasane tembung tembung keratabasa ing ngisor iki !

no tembung Surasane Tembung Surasane


1 garwa Sigaraning nyawa 11 Sepuh
2 Cengkir 12 Sirah
3 Tebu 13 Tuwa
4 Wedang 14 Mantu
5 Tarub 15 Kupluk
Kuping 1 Maling
7 Guru 17 Batur
8 tandur 18 Kathok
9 Kursi 19 Krikil
10 kaji 20 Tepas

B. dasanama
Dasanama : tembung pirang pirang nduweni teges siji (maneka warna tembung liya kanggo ngganti
sawijining tembung jeneng,aran lan kahanan).
Tuladha :

Risang kartika abyor ingwiyat sinawang rising bayu lumaksita midid hamuwuhi edi asrining
pahargyaning dalu puniki

Dasanama :

Risang : sang
Kartika : lintang
Wiyat : langit
Sinawang : disawang
Ayu : angin
Lumaksita : laku
Midid : sumrimbit
Edi : becik
Pahargyan : pawiwahan

Gladhen :
1. Golekana dasanamane tembung tembung ing ngisor iki kanthi milih tembung kang wis cumawis
a. Angin :…………. pralaya
b. Bapak :…………. candra
c. Kethek :…………. agni
d. Emas :………….. maruta
e. Geni :…………. diwangkara
f. Iwak :………….. rama
g. Lintang :………… kencana
h. Mati :…………. wanara
i. Rembulan :…………. kartika
j. Srengenge :………… mina
k. Alas :…………. jenar
l. Bodho :………….. bawana
m. Bumi :………….. wana
n. Awak :…………… maesa
o. Kebo :…………… mudha
p. Kuning :…………… angga
q. Omah :…………… sasana
r. Putih :…………… jalma
s. Manungsa :…………… narendra
t. Ratu :…………… seta

2. Pilihen 5 tembung ing latihan 1,sabanjur gawea ukara saka tembung lan dasanamane
mau ! Tuladha :

Angin : Angine midid gawe mata ngantuk

Maruta : Maruta tumiyub ndadosaken raos sekeco

c.C angkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek karepe,adhedasar dhapkan,surasa lan
wujude cangkriman bisa dibadakake kaya ig ngisor iki.
Cangkriman awujud tembung wancahan
Tuladha :
a. Burnaskopen,
batangane :bubur panas kokopen
b. Pakbomba Paklwa,Pakpiut
Batangane : tepak kebo amba,tepak lawa,tepak sapi ciut
c. Wiwawite lesbadhange karwa cake
Batangane ;uwi dawa uwite,tales amba godhonge,cikar dawa cracake.
Cangkriman kang ngemu surasa irib-iriban
barang Tuladha :
a. Emboke dielus-elus,anake diidak-idak (andha)
b. Sega sakepel dirubung tinggi(salak)
c. Pitik alik saba kebon (
sulak ) Cangkriman kang ngemu surasa
blendheran Tuladha :
a. Lawa lima kalong telu dadi pira ?
Candhakane :dadi wolu
b. Ana anak kapal disawat watu kerem,kira-kira gedhe
apane ? Candhakane : gedhe ngapusine
Cangkriman kang sinawung ing
tembang Tuladha :
Bapak pocung dudu watu dudu
gunung Sangkane ing sabrang
Ngo ingone sang bupati
Yen lumampah si pocung lembehan grana
Batangane : gajah

Wangsulana cankriman-cangkriman ing ngisor iki .


a. Burnas kopen
b. Pakbuletus
c. Bulan kirna
d. Tuwok rawan
e. Dicokot pucuke sing kalong bongkote
f. Tibane ing ngisor digoleki mendhuwur
g. Dijupuk malah mundak gedhe
h. Bosok malah enak
i. Sawah rong kedhok galenganne sitok
j. Endase lancip nanging buntute
dawa Bapak pocung renteng renteng kaya
kalung Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pocung mung turut kutha
Bapak pocung among sirah lawan
gembung Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka sipocung dadi
dahana Bapak pocung cangkemu marep
mendhuwur Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma sipocung mutah kuwaya

Ulangan Padinan
Wenehana tandha ping (X) ing aksara a,b,c,d utawa e wangsulan kang paling bener !
1. Andharan wawasan kang pepuntone isi pamrayogane diarani………………….
a. Hortarori
b. Realistis
c. Analistis
d. Argumentasi
e. Narasi
2. Andharan wawasan kang pepuntone isi penegas sawijining panemu diarani………………….
a. Narasi
b. Analistis
c. Eksplanasi
d. Deskripsi
e. Persuasi
3. Ageman jarik sidomukti kang dianggo temantenan kinanthenan pangestimuga-muga si temanten
besuke nemahi………….
a. Kamulyan
b. Katresnan
c. Kamakmuran
d. Kasenangan
e. Kamuktena
4. Digunakake tetuwuhan tebu ing tarub minangka pralambang…….si temanten.Tembung kang trep
kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku……………….
a. Rasa bungahe
b. Rasa tresnane
c. Anteping kalbu
d. Rasa sukure
e. Rasa senenge
5. Tembung –tembung ing ngisor iki minangka dasanamane tembung srengenge ,
kajaba…………………
a. Raditya
b. Dwiangkara
c. Bagaskara
d. Candra
e. Aruna.
Garapen manut prentahe!
1. Andharan apa kang diarani madu rasa,madu rasa lan madu brata!

2. Sebutna lan andharna jenising wacan eksposisi!


3.Sebutna keratabasane : tebu,kathok,wedang,kuping,guru.
4.Tulisan batangane cangkriman ing ngisor iki!
a.Emboke wuda,anake tapihan.
b.Pitik walik saba kebon
c.Bapak pocung bleger sirah lawan
gembung Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mbijig bata nuli urip sabageyan
5. Gawea karangan eksposisi babagan kabudayan jawa
MATERI V

AKSARA REKAN

AKSARA NGLEGENA

Aksara Nglegena cacahe ana 20. Aksara iki kabeh nglambangake fonem-fonem basa Jawa.
Saben aksara nduweni aksara pasangan. Ing ngisor iki wujude aksara Jawa lan pasangane.

Aksara Jawa

Pasangan

Sandhangan Swara

No Wujude Arane Pocapane


1 Wulu i

2 Pepet e

3 Suku u

4 Taling é

5 Taling tarung o

AKSARA REKAN

Aksara rekan kuwi aksara aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa cecag telu. Cecag tlu
iki karepe kanggo “ngreka” fonem-fonem saka basa manca , utamane basa arab, mula diarani aksara
rekan.

Kha
dza Va/fa Za gha

Tuladha panganggone aksara rekan:

kha

Dza

Fa

Za

gha

Gladhen:

Salinan nganggo aksara jawa!


1. Pak ghafur mbayar zakat fitrah
2. Bu khasanah ngaji ing masjid Fatimah
3. Safitri lan dzaki tuku klambi
4. Zainal mustofa iku jenenge adhiku
5. Dzikir iku akeh mupangate

ULANGAN PADINAN

A. Pilihen wangsulan kang paling trep!


1. manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a. Hanifah mbayar sekolah


b. Hanifah mbayar zakat
c. Kholifah mbayar sekolah
d. Kholifah mbayar zakat
e. Kholifah diparingi zakat
2. manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a. fikri maca al fatikhah


b. fikri maca adzan
c. fikri adzan dhuhur
d. fikri solat maghrib
e. fikri adzan maghrib
3. manawa disalin nganggo aksara latin yaiku:

a. ziarah ing semarang


b. zakat ing mushola
c. ziarah ing Venezuela
d. zakat iku wajib
e. dzikir ing masjid
4. Panyeratanipun aksara jawa ing ngandhap punika leres kajawi:
a.

b.

c.
d.

e.

5. Panyeratan aksara jawa ing ngandhap punika ingkang leres inggih punika:
a.

b.

c.

d.

e.

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!


1. Tulisen limang tembung bae kang migunakake aksara rekan banjur tulisen
nganggo aksara Jawa!
2. Gawea ukara migunakake tembung ing pitakonan angka siji lan tulisen ukara
kuwi nganggo aksara Jawa!
3. Wacanen aksara jawa ing ngisor iki banjur tulisen nganggo aksara latin!
4. Gawea wacana patang paragraph lan tulisen nganggo aksara jawa kang
surasane ngemot aksara rekan!

You might also like