You are on page 1of 31

OMAH JOGLO

OMAH KAMPUNG
OMAH LIMASAN
OMAH PANGGANG PE
OMAH TAJUG
• Joglo asalipun saking tembung taJUG Loro 
JUGLO  JOGLO (payone kaya gunung loro).
• Joglo punika dipun ginakaken minangka simbol
utawi panandha status sosial raja lan
bangsawan Jawa.
Omah Joglo Ciri-ciri

Perangan

Jinis

Makna Filosofis
1.Payon ingkang inggil
2.Wangunipun persegi
3.Gadhah saka guru cacah sekawan ingkang
nyangga bangunan lan tumpang sari
4.Gadhah lawang/konten cacah tiga, inggih
punika lawang utama kangge kaluwarga utama,
lan lawang sisih kiwa lan tengen kangge besan
5.Gadhah tiga bageyan utama, inggih punika
pendhapa, pringgitan, lan omah dalem.
6.Palataranipun wiyar
1. PENDHAPA
• Pendhapa arupa bagean ngarep kang tinarbuka, nduweni ruangan jembar lan
tanpa sekat. Iki nglambangake pribadhi wong Jawa kang tinarbuka lan
mentingake karukunan lan kekadangan.
• Pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah
lan papan kanggo santai kaluwarga.
• Struktur bangunan pendhapa :
a. migunakake umpak kanggo alas saka,
b. 4 saka guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin
c. 12 saka
d. tumpang sari yaiku susunan balok kang disangga saka guru. Biasane,
tumpang sari disusun tingkatan-tingkatan kang duweni teges minangka
tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa,
tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.
PENDHAPA
2. PRINGGITAN

• Pringgitan arupa bagean antarane pendhapa lan omah


dalem. Wujude tinarbuka lan tanpa sekat kaya pendhapa.
• Pringgitan asale saka tembung ringgit/ wayang kang
nglambangake yen manungsa duwe kewajiban nguri-uri
lan ngrembakake seni lan budaya.
• Pringgitan dipigunakake kanggo nanggap wayang kulit,
upacara adat, ruwatan, uga kanggo nampa tamu kang
luwih raket kekadangane.
PRINGGITAN
3. OMAH DALEM/ OMAH NJERO/ OMAH MBURI/
DALEM AGENG
• Omah dalem wujude persegi kang ditutupi tembok ing
patang sisine.
• Omah dalem iku perangan kang paling penting lan baku.
• Omah dalem dipigunakake kanggo ruang kaluwarga.
• Omah dalem nglambangake yen manungsa kudu bisa
njaga kawibawane kaluwarga, ora kena martakake
kahanan kang ana ing sajroning kaluwarga.
• Ing omah dalem ana bagian kanggo senthong kiwo,
senthong tengah lan senthong tengen.
Dalem Ageng
DALEM
4. SENTHONG
a. Senthong tengen digunakake kanggo peturon sing duwe omah/
wong tuwa, utawa kanggo nyimpen barang-barang upacara
adat lan barang pusaka.

b. Senthong kiwo digunakake kanggo peturon wong wedok, utawa


kanggo nyimpen beras lan palawija, alat-alat tani.

c. Senthong tengah arupa ruangan kang sakral kang digunakake


kanggo manembah marang Gusti.
DASANAMANE SENTHONG TENGAH :

• a. Krobongan : ruangan kanggo ngobong/ mbakar kemenyan


nalika upacara pitra yadnya (pemujaan para leluhur).
• b. Pasren/pepasren/sesaji : saka tembung pa-sri-an kang tegese
panggonane Dewi Sri, yaiku dewi panguwasa tanduran pari.
• c. Pedaringan : tegese panggonan kanggo pari. Saka tembung
daring/ gabah garing.
• d. Sepen : tegese papan kanggo nyepi, semedi, lan sembahyang.
• e. Sri yaiku papan kanggo Dewi Sri.
SENTHONG TENGAH
4. GANDHOK, PAWON, LAN PEKIWAN

a. Gandhok arupa ruangan kang mapan ing bagian tengen lan kiwo Pringgitan lan
Omah Ndalem.
b. Gandhok biasane digunakake kanggo peturon kaluarga, sedulur utawa tamu.
Gandhok ana loro, yaiku Gandhok Kiwo kanggo peturon wong lanang lan
Gandhok Tengen kanggo peturon wong wedok utawa kanggo nyimpen beras
lan palawija.
c. Pawon mapane ana ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak.
d. Pekiwan mapane ana ing mburine pawon. Pigunane kanggo kamar mandi.
e. Bagian-bagian iki nglambangake yen manungsa iku duwe sifat gemi, setiti lan
ngati-ati, tansah njaga kapribadene kang siningit.
PAWON
1. Joglo Sinom
2. Joglo Jompongan
3. Joglo Pengrawit
4. Joglo Mangkurat
5. Joglo Hageng
6. Joglo Lawakan
7.Joglo Semar Tinandhu
JOGLO SINOM

a. Bangunan joglo iki


migunakake cagak sing
jumlahe 36 saka lan 4 saka
guru.
b. Payone saka papat welah sisi
kang duweni tingkat telu lan
siji bubungan.
c. Wujude teras keliling.
JOGLO JOMPONGAN
JOGLO PENGRAWIT
JOGLO MANGKURAT
JOGLO HAGENG
JOGLO LAWAKAN
JOGLO SEMAR TINANDHU

You might also like