You are on page 1of 3

LATIHAN SOAL

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : II (Dua)

I. Pilihan wangsulan a,b utawa c kanthi menehi tanda ping (X) sing
koanggep bener!

1. Ramane Pandhawa asmane . . . .


a. Harjuna
b. Werkudara
c. Pandhu Dewanata

2. Pandhawa ing gambar sisih iki jenenge . . . .


a. Puntadewa
b. Werkudara
c. Janaka

3. Gambar ing sisih iki jenenge . . . .


a. Raden Yudistira
b. Raden Werkudara
c. Raden Harjuna

Cerita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 4-5

Munggah Kelas Loro


Joni munggah kelas
Saiki wis kelas loro.
Yen mangkat sekolah mung mlaku.
Bareng karo kanca-kancane uga padha mlaku.
Ora perlu dieterake.
Amargo sekolahe ora adoh.
Saben arep mangkat mesthi pamit.
Saperlu nyuwun pangestu.
Supaya dadi bocah pinter
Joni sregep anggone sinau
4. Joni saiki wis kelas . . . .
a. Siji
b. Loro
c. Telu
5. Saben arep mangkat sekolah Joni mesthi pamit, saperlu nyuwun . . . .
a. Pangestu
b. Sangu
c. Jajan

6. Gambar iki diunekake kanthi di . . . .


a. Sebul
b. Gesek
c. Keplak
7. Swarane gong kuwi unine . . . .
a. Ngek - ngok
b. Gong - gong
c. Thulat - thulit
8. Gamelan sing digawe saka pring sing unine thulat thulit yaiku . . . .
a. Rebab
b. Suling
c. Saron
Cerita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 9-10

Mangkat Sekolah

Saiki aku wis gedhe

Sekolah mangkat dhewe

Ora usah dieterake

Bareng karo kancane

Yen mlaku turut pinggiran

Ora pareng gojegan

Ing dalan akeh kendharaan

Mengko mundhak tabrakan.

9. Irah-irahan tembang ing dhuwur yaiku . . . .


a. Mangkat sekolah
b. Saiki aku wis gedhe
c. Sekolah mangkat dhewe
10. Sekolah mangkat dhewe ora usah dieterake, amarga . . . .
a. Ora ono kancane
b. Gojegan
c. Bareng karo kancane

II. Wangsulana ukara ing ngisor iki!


11. Pandhawa iku cacahe ana . . . .

Gatekna gambar ana ing ngisor iki!

12. Jeneng gamelan ana ing ndhuwur yaiku . . . .


13. Swarane Kendhang yaiku . . . .
Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 4-5
Bel Wis Muni
“Teng-teng bele wis muni, jam setengah pitu
Iku mertandhani murid padha mlebu
Padha nganggo piranti, iku kang wis mesthi
Ayo padha sinau, bareng karo Bu guru”
14. Tembang ing dhuwur nuduhake menawa bocah sekolah
iku mlebu jam . . . .
15. Tandhane murid wayahe mlebu kelas yaiku . . . .

You might also like