You are on page 1of 6

Taun 1991 anakku lulus saka SMA Negeri Lasem.

Rekane
mono ya kepengin melu-melu seleksi  SPMB (Seleksi
Penerimaan Mahasiswa Baru) ing perguruan tinggi negri
favorit. Ning sing ndhaptar akeh banget, cacahe nganti
atusan ewon. Kamangka sing ditampa mung watara ewon
wae. Anakku klebu sing ora ketampa, mula  gelem ora
gelem kudu golek perguruan tinggi swasta. Lan sing
dipilih anakku Universitas Muhammadiyah Malang (UMM)
Jawa Timur.

Nalika samana kuliyahe isih ing Kampus II. Lagi oleh


setaun banjur dipindhah menyang Kampus III sing gedhe
lan jembar banget. Kampus anyar kuwi ngenggoni lahan
sing ujaring kandha wingit tur angker. Mula ing kampus
mau asring ana kedadeyan sing terkadhang ora tinemu
nalar utawa nganeh-anehi. Upamane ana swara tanpa
rupa, mambu kemenyan, ganda kembang lan liya-liyane.
Tumrap mahasiswa anyar tur jirih, menyang ngendi-endi
mesthi ngajak rowang.

Sawijining dina dumadi umyeg antarane dhosen lan


mahasiswa. Sing dirembug bab keanehan ing salah
sijining ruwangan. Sebab nalika arep digunakake kanggo
proses perkuliyahan lha kok bangku lan mejane ruwangan
mau pating slengkrah, pating jempalik lan kocar-kacir.
Dadi kepeksa mahasiswane bareng-bareng nata bangku
dhisik sadurunge miwiti kuliyah.

Kedadeyan kaya ngono mau ora mung pisan pindho


saengga ndadekakke judhege para dhosen lan
mahasiswa. Mula  kabeh banjur bebarengen nglarah apa
kang dadi penyebabe. Anakku kalebu sing entuk tugas iki.
Sawise sawetara wektu nganakake panylidhikan, wekas-
ane entuk dudutan menawa uger lampune ruwangan iku
diuripi bangku-bangkune ajeg kocar-kacir. Suwalike yen
lampune dipateni bangku-bangkune tetep tumata.

Sawise mangerteni penyebabe, anakku sarta kancane


sing kendel-kendel kepengin mbuktekake sapa sing wani
gawe ontran-ontran kuwi. Wusanane padha mupakat yen
malem Jemuwah wanci tengah wengi arep ndeleng
kahanan ing ruwangan kasebut. Ing dina kang wis
ditemtokake anakku sakanca amping-amping ana pinggire
lawang ruwangan kuliyah kasebut. Lampune sengaja
ditogake murup. Bareng diinceng pranyata neng njero
ruwangan iku ana sawenehing piyayi lanang kang lagi
lungguh  kursi dhosen sinambi maca koran. Korane
dibeber amba saengga  raine pawongan iku ketutupan.

Kanthi tekad kang gilig bocah-bocah nothok lawang :


“Thok, thok, thok, ……….”

“Sapa kuwi?” pitakone pawongan iku tanpa ngelih koran


sing diwaca.

“Kula mahasiswa ngriki Pak,” anakku mangsuli tatag.

“Mlebuwa, lawange ora tak kancing.”

Semu wedi anakku dalah kancane loro mlebu ruwangan.

“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyuwun pirsa,” kandhane


anakku.
“Masalah apa?”

“Panjenengan menika sinten lan dalemipun pundi, kok


tengah dalu kados ngaten dereng kundur?”

“ Ooooo………kuwi ta. Ngene yen kowe kepengin ngerti


sapa sejatine aku bakal dak dunungake utawa dak genah-
ake,” wong mau meneng sedhela. Sawise unjal ambegan
landhung banjur mbacutake omongane. ”Jenengku  Danu
Semeru. Aku duwe sedulur lanang  jenenge Praba
Semeru lan sedulur wadon aran Anjani.”

“Lha samenika sedherek penjenengan wonten pundi?”

“Manggon neng omahku kene saiki ora bisa jenak awit


akeh manungsa sing ngganggu-gawe.”

“Bapak kok ngendika bilih ing ngriki dalem panjenengan


larah-larahipun kados pundi?”

“Satemene kawit atusan atus


taun kepungkur aku lan para sedulurku manggon ana
kene. Wis rumangsa krasan lan tentrem. Nanging krana
jaile para manungsa omahku di obrak-abrik nganti ajur 
ndadekake bingunge atiku lan dulur-dulurku. Terus arep
manggon menyang ngendi maneh? Suwe anggonku
milang-miling golek papan anyar nganti wusanane aku
nemokake ruwangan iki lan dak enggoni gentenan karo
dulur-dulurku. Ewa semono senajan mung ciyut kok ya
meksa isih ana manungsa sing gendhak sikara, tansah
ngganggu gawe katentremanku. Mula sarehne aku
rumangsa keganggu, yen wanci bengi lampu ruwangan iki
diuripi aku gawe kisruh. Pamrihku kareben jalma ma-
nungsa padha sadhar lan ora terus-terusan ngganggu
panggonanku iki.”

“Nuwun sewu, ingkang dipun maksud ngganggu punika


kados pundi?”

“Sing tak maksud yakuwi nalika wanci bengi lampu kudu


dipateni, amarga aku lan sedulurku kuwi ora seneng yen
ruwangan kene padhang.”

“Ngaten nggih Pak, saking pamundhutipun para dhosen


lan panyuwunipun kanca-kanca, panjenengan sakadang
kanthi dhanganing panggalih kersaa nilaraken papan
ngriki.”

“Aku lan sedulurku bisa ninggalake papan kene nanging


ana sarate yaiku kowe kudu bisa nggolekake papan sing
padha rasane karo panggonanku saiki. Awit aku ora
kuwagang urip yen ora manggon papan sing rasane
persis karo ruwangan iki.”

“Nggih sampun kula sagahi. Namung kersaa


ngetingalaken pasuryan panjenengan supados kula saged
ngertosi kanthi gamblang panjenengan sawetahipun.”
“Yen  kepengin nyumurupi raiku aja padha kaget, amarga
aku iki beda karo liyane.”

Bareng koran sing diwaca diudhunake jebul sirahe pa-


wongan iku ora ana alias mung gembung tanpa sirah.
Kancane anakku wadon siji merga saking wedine sakala
njerit lan bablas semaput dadi layatan. Sabubare kadeyan
kuwi anakku lan kanca-kancane rembugan golek srana
kanggo mindhahake Danu Semeru lan sak sedulure me-
nyang Gunung Semeru. Anakku banjur golek wong tuwa
sing dianggep mumpuni ing babagan ulah kebatinan
mligine kang pinter nyingkirake bangsa lelembut kang
manggon ing kampus UMM.

Wusanane entuk wong pinter lan nyatane bisa mrantasi


gawe ngresiki para lelembut kang nganggu ana ing
kampus. Banget panarimane para warga kampus wektu
kuwi wiwit saka mahasiswa, dhosen nganti tekan rektor.
Kuliyahe mahasiswa lancar tanpa diganggu gawe
kedadeyan sing aneh-aneh.

Kahanan mengkono mau ndadekake bombonging atiku


minangka wong tuwane bocah sing wis tau digodhog pa-
tang taun setengah ing UMM lan saiki wis bisa nyambut
gawe kanthi mapan.

Ya muga-muga UMM tansah kondhang kaloka awit ing


saben taune bisa nglairake sarjana sujana kang limpad
ing samubarang kawruh kanggo reh raharjaning nagara. 
A m i n.   (Cuthel)
Pada tahun 1991, sebut saja Juki (nama samaran) lulus SMA dan ikut seleksi SPMB akan tetapi tidak
lulus sehingga mau tidak mau mencari perguruan tinggi swasta, dan akhirnya memilih UMM Jawa
Timur. Baru satu tahun Juki dipindah di kampus 3 yang semula di kampus 2. Kampus baru tersebut
terkenal angker. Suatu hari para mahasiswa dan dosen berdiskusi untuk menyelidiki keanehan yang
terjadi di ruangan yang akan dipakai karna ruangan tersebut berantakan sekali. Setelah diselidiki
ternyata terdapat lelaki (kuyang tanpa kepala) bernama Danu Semeru yang merasa tempat
tinggalnya dirusak oleh manusia. Kuyang tersebut akan berhenti jika dicarikan tempat tinggal baru
yang nyaman. Para mahasiswa akhirnya meminta bantuan orang tua yang bisa memindahkan Danu
Semeru dan saudaranya ke Gunung Semeru. Sejak saat itu tidak ada lagi gangguan dari makhluk
halus.

Ing warsa 1991, sebat mawon Juki (nami samaran) lulus SMA. Juki tumut seleksi spmb
ananging mboten lulus mila purun mboten purun madosi perguruan inggil swasta, lan
pungkasanipun milih UMM Jawi Timur. Enggal sawarsa Juki dipunpindhah wonten
kampus 3 ingkang saderengipun wonten kampus 2. Kampus enggal kasebat terkenal
angker lan asring wonten kejadian-kejadian aneh ingkang mboten mlebet akal.
Setunggaling dinten para mahasiswa lan dosen ngrembagaken setunggaling keanehan
ingkang kedados wonten ruangan ingkang badhe dipunagem amargi ruangan kasebat
kocar-kacir sanget. Kedadosan menika kedados bola-bali. Pungkasanipun piyambakipun
sedaya medhotaken kangge nyelidiki penyebab kedadosan menika. Kasunyatanipun bilih
dilah diuripaken ruangan dados kocar-kacir nanging bilih dipateni ruangan tetep rapi.
Para mahasiswa penasaran lan mbuktikakenipun langsung ing tengah dalu . Wonten
ruangan menika wonten tiyang kakung ingkang pinarak wonten kursi dosen sinambi
maos koran. Para mahasiswa mlebet lan nyuwun pirsa dhateng tiyang kakung menika
sinten asmanipun lan kenging menapa piyambakipun srengen. Tiyang kakung ngaku
asmanipun Danu Semeru ingkang gadhah sadherek asmanipun Prana Semeru lan Anjani.
Piyambakipun sedaya rumaos griyanipun wonten rusak dening manungsa lan mboten
remen bilih dilah diuripaken. Danu Semeru badhe mendel bilih dipunpadosaken papan
manggen enggal ingkang nyaman. kasunyatanipun Danu Semeru inggih menika kuyang
tanpa mustaka. Para mahasiswa pungkasanipun nyuwun rencangan tiyang sepuh
ingkang saged mindhahaken Danu Semeru lan sadherekipun dhateng redi semeru. wiwit
wekdal menika mboten wonten malih gangguan saking makhluk lelembut.

ing warsa 1991, sebat mawon juki (nami samaran) lulus SMA lan tumut seleksi Spmb
ananging mboten lulus mila purun mboten purun madosi perguruan inggil swasta, lan
pungkasanipun milih UMM Jawi Timur. Enggal sawarsa juki dipunpindhah wonten
kampus 3 ingkang saderengipun wonten kampus 2. Kampus enggal kasebat terkenal
angker. Setunggaling dinten para mahasiswa lan dosen rembagan kangge nyelidiki
keanehan ingkang kedados wonten ruangan ingkang badhe dipunagem amargi ruangan
kasebat kocar-kacir. Sasampunipun dipunslidiki kasunyatanipun wonten tiyang jaler
(kuyang tanpa mustaka) asmanipun Danu Semeru ingkang rumaos papan manggenipun
dipunrusak dening manungsa. kuyang kasebat badhe mendel bilih dipunpadosaken
papan manggen enggal ingkang nyaman. Para mahasiswa pungkasanipun nyuwun
rencangan tiyang sepuh ingkang saged mindhahaken Danu Semeru lan sadherekipun
dhateng redi semeru. Wiwit wekdal menika mboten wonten malih gangguan saking
makhluk lembat.

You might also like