You are on page 1of 3

Siluman Guwa Putri | Cerkak Basa Jawa

Ing njero guwa Putri Kencana Wungu ana kamar piningit mligi kanggo papan laku Semedi
tumrap pawongan sing pengin golek wangsit. Guwa Putri Kencana Wungu biyen dadi susuhe
setan brekasakan, ning saiki wis dadi papan wisata, kanggo para plancong kang butuh plesir
golek panglipur ati. Dewi Kencana Wungu rupane ayu kaya bidadari. Guwa menika duwe juru

Sadurunge makarya minangka juru kunci guwa, pegaweyane Wasino saben dina golek watu ana
ing gunung gamping. Nalika semana dheweke ngimpi aneh. Ing ngimpine Wasino nyumurupi
sawenehe guwa bawera kang sesawangane endah ngelam-elami memper sawijining kraton.
Anehe, prenahe kraton mau ing gunung gamping, papane Wasino saben dina golek watu. Saking
penasarane, wekasane dheweke nekad nggoleki dununge kraton kang ana alam pangimpen
kasebut.

Dinane Selasa Kliwon nalika Wasino budhal nggoleki guwa kang endah kasebut. Dikancani
tanggane wong telu nunggal sapegaweyan. Wong papat sida munggah gunung gamping, sing
dununge saelor-kulon desane. Bareng wis tekan punthuk Wasino age-age nggoleki prenahe
Guwa.

“Ya ing kene iki papane guwa,” kandhane Wasino marang kancane.
Ing sawijine papan adhedhasar pituduhe impen, Wasino njojoh-njojohake linggise menyang
lemah empuk nganti mbleseg. Ora nyana jebul kang dijojoh-jojoh Wasino mau mujudake
bolongan guwa sing tembus mangisor jero banget. Wasino kaget banjur celuk-celuk kancane.
Sawise bolongan wis diresiki lan katon padhang, Wasino mlebu saperlu ndeleng kahanan njero
guwa. Dheweke ngungun nyumurupi guwa gedhe kang bawera ing njerone punthuk gunung
gamping kaya sing ana ing impene.

Sabanjure ana kedadeyan nyalawadi tumrap Wasino. Nedhenge isih ngematake sesawangan
kaendahane alam njero guwa, pundhake krasa dicablek saka mburi. Ning bareng ditoleh
memburi jebul ora ana sapa-sapa. Sakala githoke krasa mengkirig. Durung ilang kagete ana
kedadeyan aneh maneh tumrap Wasino. Dheweke diajak plesir karo sing mbaureksa guwa. Njero
guwa kang sakawit wujud watu padhas, wis malih wujud dadi istana sing gedhejembar lan
endah.

Banjur sapa kang ngratoni istana mau? Sawijine jalma alus wujud putri pen nganggo busana
kadya ratu metu saka lawang kraton, methuki Wasino kang lagi kamitenggengen ing regol
tungguk kemit. Wasino ngoplok, awake wel-welan merga ngampet rasa wedi lan gumun sing
campur dadi siji. Dheweke wëdi banget merga peri ayu iku dikawal dening kewan-kewan galak
wujud ula naga lan macan putih. Atine Wasino kari sakmenir weruh ula lan macan gembong sing
tansah ngatonke siyunge kaya arep nguntal-nguntala. Awake Wasino krasa mriyang saking
wedine, kringete gemrobyos adhem panas.

“Dhuh Gusti, paringana slamet menangi anak-putu,” pisambate ing batin. Wekasane dheweke
lungguh sedheku nyembah ratu pen njaluk diuripi.

Nanging jebul peri ayu mau ora galak. Malah nepungake marang Wasino yen jenenge Ratu Putri
Kencana Wungu. Sang Ratu kandha Wasino ora perlu wedi. Jalaran anggone prapta nemoni
dheweke iku ora arep munasika, nanging malah sumedya njangkung keslametane anak bojone.

“Waton kowe gelem ngreksa guwa sing mentas mbok temokake iki,” ujare Putri Kencana
Wungu.

Bareng wis ngerti yen sedyane becik, Wasino nembe gelem nanggapi karepe Putri Kencana
Wungu. Dheweke banjur gelem diajak ratu putri mau mubeng-mubeng ndeleng saisine kraton.
Eloke, guwa kang sakawit watu-watu padhas ana ing sanjerone punthuk gunung gamping, malih
dadi kraton mewah tinaretes emas picis lan inten-barleyan kang gumebyar cahyane. Gandane
minyak wangi Kasturi kang arum mangambar-ambar agawe Wasino sumlengeren ora bisa
ngomong.

Ing kono Wasino ditepungke marang kabeh andhahake Putri Kencana Wungu sing arupa
banaspati, gendruwo, buta rambut geni, wewe putih, wewe gombel, jrangkong, thethekan, balung
atandhak, pocongan lan sapanunggalane. Senajan mangkono bangsa kajiman mau ora ngajak
memungsuhan marang Wasino, Sebab dening Putri Kencana Wungu kabeh andhahane wis
dikandhani yen bakal katekan tamu jalma manungsa kang bakal melu ngreksa kraton. Kejaba
kuwi para siluman mau wis padha salin wujud ora beda manungsa lumrah sing ayu-ayu lan
bagus-bagus.

Gelising crita, Wasino ora sida mati kalap digeret menyang kadhaton jim. Kepara dheweke antuk
ayahan anyar ngreksa kraton tan kasat mata mau, sing cak-cakane kanthi ngreksa guwa. Tekan
dinane iki guwa sing ditemokake Wasino kuwi dadi papan wisata kondhang Guwa Putri.

Kanggo ngawekani kedadeyan-kedadeyan mbebayani, Wasino ora kendhat anggone aweh


pepeling marang para pelancong supaya ngati-ati. “Pokok aja padha sembrana lan neka-neka,”
kandhane Wasino.

Kaya dhek ngepasi Jemuah Kliwon sawetara taun kapungkur, ana rombongan paranormal teka
menyang Guwa Putri Kencana kanthi pawadan arep njupuk sawenehe jimat pusaka kang dadi
isen-isene guwa wingit kasebut. Jenenge Mbah Guno karo ditutake kancane loro. Jam 24.00
tetelune mapan semedi ana kamar Guwa Putri. Nanging Mbah Guno sakanca wurung entuk
barang sing dipengini mau.
“Durung nganti 20 menit semedi, wong telu mau padha mlayu salang tunjang. Awake gudras
getih, sarta klambine rowak-rawek dhedhel dhuwel,” ucape Wasino.

Wekasane paranormal telu mau mulih nglenthung. Marang Wasino tetelune kandha yen mentas
diserang macan putih lan ula naga ingon-ingone Putri Kencana Wungu. Sapa kang pengin plesir
nyang obyek wisata Guwa Putri, yen nitih angkutan umum nutene saka terminal Wonogiri oper
bis jurusan Pacitan, kandha supire njaluk mudhun Wonodadi. Ing kono takon omahe Wasino,
nyuwun diterake menyang Guwa Putri, dijamin aman. (Cuthel)
Wasino juru guwa putri kencana Wungu bermimpi jika di guwa tersebut seperti keraton indah.
Saking penasarannya dia mencari keraton tersebut bersama tiga tetangganya. Singkat cerita
setelah sampai di guwa Wasino masuk kedalam lubang dan dia melihat sama persis seperti
dimimpinya. Wasino ditemui oleh wanita cantik yang memimpin keraton tersebut bersama putri
kenacana Wungu. Disana Wasino dikepung oleh pengikut putri seperti banaspati, gendruwo, buta
rambut geni, wewe putih, wewe gombel, jrangkong, thethekan, balung atandhak, pocongan lan
sapanunggalane. Mereka tidak memusuhi Wasino karna perintah dari sang putri. Singkat cerita
Wasino dikembalikan dan dia selalu memberi nasihat kepada para pengunjung gua untuk tidak
melakukan aneh-aneh.

You might also like