You are on page 1of 2

TUGAS BAHASA JAWA HALAMAN 51-52

ELVIN SUGIANTO (XII MIPA-3 / 15)


PAKARYAN 4
1. Apa wae kang tinulis ana ing wacana eksposisi?
- Pangertene gamelan, yaiku saperangan insrumen/piranti kang kemot ing seni karawitan.
- Tujuan digawene gamelan, yaiku : supaya kepenak dirasakake; kanggo imbanging rasa lan tumindak
kang laras lan runtut; kanggo njaga cipta, rasa, karsa, lan tumindak.
- Gamelan nduweni tujuan kanggo mujudake karakter bangsa kang becik
- Ing jaman modheren saiki, gamelan uga bisa dadi tamba ati.

2. Perangan apa wae kang mbedakake wacana eksposisi karo wacana liyane?
- Data kang dienggo yaiku data faktual
- Panulisan lan analisis ing wacana eksposisi sifate objektif
- Isine ngemot njlentrehan panemu, gagasan, lan keyakinan
- Sumber ide panulisan saka pangalaman, pangamatan, sikap, lan keyakinan
- Wacana eksposisi mrelokake analisis lan sintesis nalika ngoceki bahan lan fakta

3. Andharna perangan gamelan kang ganep!


a. Kendhang
Kendhang salah satunggaling alat music kang penting krana kendhang dipun ginakaken ngatur irama
b. Bonang
Bonang yaiku salah sawijining perangkat gamelan kang wujude arupa pencon.
c. Gong
Gong digunakake kanggo dadi tanda awal lan akhir saking gendhing, mula gong iku menehi
kaseimbangan wonten ing lirik gendhing ingkang dhawa.
d. Saron
Saron duweni bilahan-bilahan kang disusun wonten ing bingkai kayu lan ana enam bilah wonten ugi ing
pitung bilah. Kagunaane saron yaiku dadi resonator.
e. Slenthem
Slenthem iku kagolong gamelan wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane
(saron). Wujud slenthem iki meh padha karo gender.
f. Kenong
Kenong iku perangkat gamelan wujud pencon kang kasusun ing papan kaya ayunan, dadi cara natane
mirip karo bonang, kempyang, lan kethuk.

4. Apa guna paedahe nyinau babagan gamelan ing masarakat?


- Dadi salah sawijining upaya ngelestarikake budaya tradhisional
- Ndhidhik masarakat tumrap asal usul gamelan
- Ndhidhik masarakat tumrap perangan gamelan
- Ndhidhik masarakat tumrap nilai-niali kamot ing sajroning gamelan

5. Gawea limang pitakon kang ana sesambungane karo wacan ing dhuwur!
- Apa pangertene gamelan?
- Apa kagunaane gamelan ing jaman modheren saiki?
- Kepriye carane gamelan bisa mujudake karakter bangsa kang becik?
- Apa tujuane para leluhur jaman biyen ngrakit gamelan?
- Apa makna permainan gamelan kang tersirat lan tersurat?
PAKARYAN 5
Gamelan yaiku kegunaane kanggo tabuhan tradisional sing asale saka Indonesia. Tembang gamelan asale
saka basa jawa yaiku gamel kang artine tabuh. Gamelan iku seperangkat alat musik sing dienggo ngiringi
tembang utawa tanpa tembang. Ing kabudayaan Jawa, gamelan bisa dienggo musik pengiring wayang, embeg,
kethoprak, lan liya-liya.
Ing sajroning gamelan, kamot nilai-nilai intrinsik yaiku nilai estetika, nilai historis, nilai budaya, nilai
religius, lan nilai filosofis. Nilai estetika ing sajroning gamelan ana ing kaendahan musik kang menehi kaendahan
sing unik, yaiku campuran nuansa spiritual, budaya etnis, keluwesan lan pendhidhikan. Gamelan uga ngemot
sejarah pangembangan kaya seni utawa budaya liyane, Gamelan Jawa ngalami pangowahan supaya ngasilake
karya terbaik. Dene nilai budaya lan religious kang kamot ing gamelan ana ing nuansa penampilane sing asring
nyritakake ajaran agama lan kenthel banget karo budaya Jawa. Pungkasan, nilai filosofis gamelan minangka nilai
harmoni hubungan manungsa kanthi horisontal lan vertikal karo pangripta.

You might also like