You are on page 1of 3

‫اخلطبة األوىل‬

ِ ‫ات والنُّور مُثَّ الَّ ِذين َك َف روا بِرهِّبِم يع‬ ِ ِ ‫الس‬ ِ َّ ُ ‫اَحلم‬
– ُ‫ أَمْح َ ُده‬.‫ْدلُو َن‬ َ ْ َ ُ َْ َ ْ َ ‫ض َو َج َع َل الظُّلُ َم‬ َ ‫موات َواأل َْر‬ َ َّ ‫ْد هلل الذى َخلَ َق‬ َ
َ ‫َش َه ُد أَ ْن ال إله إِالَّ اهلل َوح‬ ٍ َ‫الش مس والْ َقم ر و ُك لٌّ ىِف َفل‬
ُ‫ْده‬ ْ ‫ َوأ‬.‫ك يَ ْس بَ ُح ْو َن‬ َ َ َ َ َ ْ َّ ‫َّه َار َو‬ َ ‫َج َّل َشأْنُهُ – َخلَ َق الَّ ْلي َل َوالن‬
‫ص ِّل َو َس لِّ ْم َوبَا ِر ْك َعلَى َس يِّ ِدنَا َو َم ْوالَن اَ حُمَ َّم ٍد َو َعلَى ِآل‬َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.ُ‫ْدهُ َو َر ُس ْولُه‬ َّ ‫ك لَهُ َوأَ ْش َه ُد أ‬
ُ ‫َن حُمَ َّم ًدا َعب‬ َ ْ‫اَل َش ِري‬
‫ت َعلَى س يِّ ِدنَا اِبْر ِاهْيم و َعلَى ِآل س يِّ ِدنَا اِبْر ِاهْيم ىِف‬ َ ‫ت َوبَ َار ْك‬ َ ‫ت َو َس لَّ ْم‬ َ ‫ص لَّْي‬
ٍ
َ ‫َس يِّدناَ َو َم ْوالَن اَ حُمَ َّمد َك َم ا‬
ِ
َ َ َ ََ َ َ
.‫َّك مَحِ ْي ٌد جَمِ ْي ٌد‬
َ ‫الْ َعالَ ِمنْي َ إِن‬
ِ ِ ِ ِ َ‫ أُو ِص ي ُكم بَِتقْوى اهلل وط‬.… ‫ َفي ا ِعب اد اهلل‬,‫أ ََّما بعْد‬
َ‫ يآأَيُّ َه ا الَّذيْ َن َآمنُ وا َّات ُق وا اهلل‬.‫اعت ه لَ َعلَّ ُك ْم ُت ْفل ُح ْون‬َ َ َ ْ ْ ْ َ َ َ َ
ِ ‫ت لِغَ ٍد و َّات ُق وا اهلل إِ َّن اهلل خبِي مِب‬
ُ ‫ َواَل تَ ُك ْونُ وا َكالَّذيْ َن نَ ُس وا اهللَ فَأَنْ َس‬.‫ْر اَ َت ْع َملُ و َن‬
‫اه ْم‬ ٌ َ َ َ َ ْ ‫َّم‬
َ ‫س َم ا قَ د‬ ٌ ‫َولَْتْنظُ ْر َن ْف‬
‫اب اجْل ن َِّة ُه ُم ال َفائُِزون‬
ُ ‫َص َح‬
ِ
ْ ‫اب اجْلَنَّة أ‬
ُ ‫َص َح‬ ْ ‫اب النَّا ِر َوأ‬
ُ ‫َص َح‬
ِ
ْ ‫ اَل يَ ْستَ ِوي أ‬.‫ك ُه ُم ال َفاس ُقو َن‬ َ ِ‫أَْن ُف َس ُه ْم أُولَئ‬
Hadirin kaum muslimin ingkang dipun rahmati dening Allah Subhanahu Wa Ta’ala …..
Wonten kesempatan ingkang sae punika sumangga kitha sedaya tansah nambahi raos ajrih kitha dateng
Ngarsa Dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala kanti estu-estu anggenipun kitha ngelampahi punapa ingkang
sampun dipun perintah dening Allah Ta’ala ugi anebihi punapa ingkang sampun dipun awis dening Allah
Ta’ala. Sumangga kitha sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun ngantos
pundi anggenipun kitha ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae sumangga
kitha pertahanaken, menawi kirang sae sumangga kitha dandosi. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya
pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Amin Allahumma Amin.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah kawula mulyaaken …..
Menawi kitha ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek lan dados
pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, nuli wekdal sonten surup, genthosan kalih rembulan ingkang
ugi dados pepadhang sartha manfaati dateng menungsa, lintang ingkang saget dados tetenger kagem
kebetahan sugengipun menungsa, kitha saget mangertos bilih sedaya kala wau wonten Dzat ingkang
andadosaken lan Dzat ingkang ngatur, kitha ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang
ngatur kala wau tentunipun kuwahos dateng sedaya para makhluk, inggih punika Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dhawuh wonten Alquran Surat Yunus :
‫ك‬ ِ ِ ِ ِّ ‫هو الَّ ِذي جعل الشَّمس ِضيآء والْ َقمر نُورا وقَدَّره منَ ا ِز َل لَِتعلَم وا ع َدد‬
َ ‫اب َم ا َخلَ َق اهللُ ذَل‬
َ ‫الس ننْي َ َواحْل َس‬ َ َ ُْ َ ُ َ َ ً ْ ََ َ ً َ ْ َ َ َ َُ
ِ ‫ات َواأل‬ ِ ‫الس مو‬ ‫َّه ا ِر َو َم ا َخلَ َق اهللُ يِف‬ ِ َ‫ص ل اآلي اَ ِت لَِق وٍم يعلَم و َن * إِ َّن يِف اختِال‬
ِ ‫ف اللَّي‬ ِ ِ
‫َرض‬ َ َّ َ ‫ْل َوالن‬ ْ ُ َْ ْ ُ ِّ ‫إالَّ ب احْلَ ِّق يُ َف‬
‫آليآت لَِق ْوٍم َيَّت ُقو َن‬
ٍ
“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya
lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedaya sami mangertosi wilangan tahun
lan itungan (wektu). Allah mboten andadosaken ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian
tanda-tanda keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos. Sak temenipun wonten gonta-
gantinipun wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti
dados tanda kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa”
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya…
Kedadosan grahana wekdal punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada kagem kitha
sedaya kagem aningkataken kesadaran kitha ngemut-emut keagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Rasulullah Saw sampun paring tuntunan dumateng kitha nalika wonten grahana wonten setunggal hadits :
ِ ‫ك فَا ْفزعوا اِىَل ِذ ْك ِر‬ِ ِ َ َ‫صلَّى اهللُ َعلَْي ِه َو َسلَّ َم َوق‬ ِ ‫خ ِس َف‬
‫اهلل‬ ُ َ َ ‫ ” إِذَا َرأ َْيتُ ْم َشْيئًا م ْن ذَل‬: ‫ال‬ َ ُّ ‫س َف َق َام النَّيِب‬
ُ ‫َّم‬
ْ ‫الش‬ ‫ت‬ ُ
“ ‫استِ ْغ َفا ِر ِه‬ ِِ
ْ ‫َو ُد َعائه َو‬
Setunggal wekdal nalika wonten grahana srengenge Nabi Saw nuli jumeneng (kagem ngelampahi shalat) lan
dawuh : “ menawi panjenengan sedaya mirsani grahana, mangka panjenengan sedaya enggal-enggal
anggenipun dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan nyuwun pangapunten dateng Allah “
Wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kitha sedaya wekdal wonten
grahana.
ِ ‫فَا ْفزعوا اِىَل ِذ ْك ِر‬, kitha sedaya supados enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti
‫اهلل‬
Ingkang kaping sepisan, َُ
Allah. Dzikir dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika manfaatipun wangsul dumateng awak kitha
piyambak-piyambak. Dawuhipun Allah Ta’ala wonten Alquran :

ِ ِ ِِ ِ ِِ ِ ِ َّ
ُ ُ‫ين َآمنُوا َوتَطْ َمئ ُّن ُقلُوبُ ُه ْم بذ ْك ِر اللَّه أَاَل بذ ْك ِر اللَّه تَطْ َمئ ُّن الْ ُقل‬
‫وب‬ َ ‫الذ‬
“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng keranten dzikir dumateng
Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “
Menawi kitha kepengen manah kitha resik saking sedaya penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek,
nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, tamba ingkang manjur punika mboten sanes dzikir dumateng Allah.
Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti
manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti nggaoto awak
ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.
Ingkang kaping kalih, ‫ َو ُد َعائِِه‬, ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika
hakikatipun ibadah. ‫ُّعاءُ ُه َو العِبَ َادة‬
َ ‫ اَل د‬. Nyuwun dumateng Allah ugi dados otakipun ibadah, keranten
ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat
ingkang Agung, Sugih, panggenan dipun suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kitha
ndunga, nyuwun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, ing antawisipun dawuhipun Allah wonten surat al-
Baqarah 55 :
‫ين‬ ِ ُّ ِ‫ضُّر ًعا َو ُخ ْفيَةً إِنَّهُ اَل حُي‬
َ ‫ب الْ ُم ْعتَد‬ َ َ‫ْادعُوا َربَّ ُك ْم ت‬
“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran
sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati wates “
Supados dunga kitha dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mesthinipun menawi ndunga dipun lampahi
kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi
ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dawuh wonten ayat kasebat.
Ingkang kaping tiga, ‫اس تِ ْغ َفا ِر ِه‬
ْ ‫ َو‬, nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedaya dosa lan kalepatan
ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi istighfar punika mboten namung dipun
ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa
ingkang sampun dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti tumindak kitha anggenipun nglereni lan mboten
badhe nglampahi dosa lan tumindak ala kasebat. Menawi sampun saget mekaten InsyaAllah istighfar kitha
dipun tampi dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya ….
Wonten masyarakat kitha kadang kawis wonten anggepan bilih kedadosan grahana punika wonten
hubunganipun kalayan kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih grahana
punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan sanes-sanesipun. Anggepan punika sampun
sak mestinipun kelintu, keranten sak mestinipun kedadosan grahono punika namung nedahaken dumateng
keagungan lan kuasanipun Gusti Allah. Rasulullah SAW – wekdal putranipun Sayyid Ibrahim wafat, lan kala
wau nembe wonten grahana– dawuh wonten setunggal hadits :
ِ ‫ٍ حِل‬ ِ ِ ‫اهلل الَ خَي ْ ِس َف‬
َ ‫ان ل َم ْو ِت اَ َحد َواَل َياَتِِه فَِإذَا َرأ َْيتُ ْم ذَل‬
َ‫ك فَاذْ ُك ُروا اهلل‬
ِ ‫إِ َّن الشَّمس واْل َقمر آيتاَ ِن ِمن آياَ ِت‬
ْ َ ََ َ َ ْ
“ Sak temenipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun Allah.
Srengenge lan rembulan mboten kekadosan grahana keranten seda utawi gesangipun tiyang. Nalika
panjenengan sedaya mirsani mila panjenengan sedaya sami dzikir dumateng Allah “.
Hadirin kaum muslimin ingkang tansah minulya …..
Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kitha sedaya supados
inggal-inggal taubat, wangsul dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Mugi-mugi kanti mekaten kitha sedaya
saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah lan dipun tebihaken saking sedaya bala’ lan
pancabaya, Amin Allahumma Amin.

‫ أَُق ْو ُل َق ْويِل ْ َه َذا‬.‫الذ ْك ِر احْلَ ِكْي ِم‬


ِّ ‫ات و‬ ِ ِ ِ ِ ‫ِ مِب‬ ِ ِ
َ َ‫ َو َن َف َعيِن ْ َوإيَّا ُك ْم َا فْيه م َن اْآلي‬،‫بَ َار َك اهللُ يِل ْ َولَ ُك ْم يِف الْ ُق ْرآن الْ َعظْي ِم‬
‫الر ِحْي ِم‬ ِ ِ ْ َ‫ات ف‬ ِ ‫وأَسَت ْغ ِفر اهلل الْع ِظيم يِل ولَ ُكم ولِسائِِر الْمسلِ ِم والْمسلِم‬
ّ ‫اسَت ْغف ُر ْوهُ إنّهُ ُه َو الْغَ ُف ْو ُر‬ َ ْ ُ َ َ ‫َ ْ ُ َ َ ْ َ ْ َ ْ َ َ ُ ْ نْي‬

‫اخلطبة الثانية‬
ْ ‫ أ‬. ِ ‫اهلل الْ َمتِنْي‬
ِ ‫ْل‬ ِ ‫ص ِام حِب َب‬ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ِ ُ ‫اَحْل م‬
ُ‫ إِيَّاه‬،ُ‫ك لَ ه‬ َ ْ‫ْدهُ الَ َش ِري‬ َ ‫َش َه ُد أَ ْن الَ إِلَ هَ إِالَّ اهللُ َوح‬ َ ‫ْد للَّه الَّذ ْي أ ََمَرنَا بِاْالحِّتَ اد َواْال ْعت‬ َ
‫ص ِّل َعلَى َس يِّ ِدناَ حُمَ َّم ٍد‬ ِ ِ
َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬. َ ‫ث َرمْح َةً ل ْل َع الَمنْي‬ َّ ‫ َوأَ ْش َه ُد أ‬. ُ ‫َن ْعبُ ُد َوإِيَّاُه نَ ْستَعِنْي‬
ُ ‫ اَلْ َمْبعُ ْو‬،ُ‫َن حُمَ َّم ًدا َعْب ُدهُ َو َر ُس ْولُه‬
. َ ‫َص َحابِِه أَمْج َعِنْي‬ ِِ
ْ ‫َو َعلَى آله َوأ‬
ِ ِ ِّ ‫اس تَطَ ْعتُ ْم َو َس ا ِرعُ ْوا إِىَل َم ْغ ِف َر ِة َر‬ ِ ِ
،ِّ ‫ص لُّ ْو َن َعلَى النَّيِب‬ َ ُ‫ إِ َّن اهللَ َو َمالَئ َكتَ هُ ي‬. َ ‫ب الْ َع الَمنْي‬ ْ ‫ اَّت ُق وا اهللَ َم ا‬،‫عبَ َاد اهلل‬
‫َص َحابِِه‬ ِِ ٍ ِ ِ ِ
ْ ‫ص ِّل َو َس لِّ ْم َوبَ ا ِر ْك َعلَى حُمَ َّمد َو َعلَى آل ه َوأ‬ َ ‫ اَللَّ ُه َّم‬.‫ص لُّ ْوا َعلَيْه َو َس لِّ ُم ْوا تَ ْس لْي ًما‬ َ ‫يَاأَيُّه اَ الَّذيْ َن ءَ َامُن ْوا‬
. َ ‫َو َقَرابَتِ ِه َوأ َْز َو ِاج ِه َوذُِّريَّاتِِه أَمْج َعِنْي‬
‫ك‬ ِ ِ ‫ك الْ َك َف رةَ والْم ْش ِركِ وأَع‬ ِ ِ‫ وأ َْهل‬، َ ‫ وانْص ِر اْ ِإلس الَم والْمس لِ ِمنْي‬، َ ‫اَللَّه َّم أَصلِح مَجِ يع والَةَ الْمسلِ ِمنْي‬
َ َ‫ْل َكل َمت‬ َ َ ‫َ َ ُ نْي‬ َ ُْ ََ ْ ُ َ ُْ ُ َْ ْ ْ ُ
.‫إِىَل َي ْوِم الدِّيْ ِن‬
ِ‫َّك قَ ِريب جُم‬ ِ‫ إ‬،‫ات‬ِ ‫ات اْألَحي ِاء ِمْنهم واْألَمْو‬ ِ َ‫ات والْم ْؤ ِمنِ والْم ْؤ ِمن‬ ِ ِ ِِ ِ ِ
‫ب‬ُ ‫ي‬
ْ ٌ ْ َ ‫ن‬ َ َ ُْ َْ ُ َ َ ‫اَللَّ ُه َّم ا ْغف ْر ل ْل ُم ْس لمنْي َ َوالْ ُم ْس ل َم َ ُ نْي‬
ِ ِ ُّ ‫ َربَّنَا آتِنَا يِف‬.‫ات‬ ِ ‫اضي احْل اج‬ ِ ِ ‫الد‬
َ ‫الد ْنيَا َح َسنَةً َويِف اآلخَر ِة َح َسنَةً َوقنَا َع َذ‬
.‫اب النَّا ِر‬ َ َ َ َ‫َّع َوات َويَا ق‬ َ
ِ
‫ان َوإِيتَ آ ِئ ِذي الْ ُق ْرىَب َو َيْن َهى َع ِن الْ َف ْح َش آء َوالْ ُمن َك ِر َوالَْب ْغ ِي‬ ِ ‫ إِ َّن اهلل ي أْمر ُكم بِالْع ْد ِل واْ ِإلحس‬،‫اهلل‬ ِ ‫ِعب اد‬
َ ْ َ َ ْ ُُ َ َ َ َ
ِ ‫ فَا ْذ ُكروا اهلل الْع ِظيم ي ْذ ُكر ُكم و ْادعوه يستَ ِجب لَ ُكم ولَ ِذ ْكر‬.‫يعِظُ ُكم لَعلَّ ُكم تَ َذ َّكرو َن‬
.‫اهلل أَ ْكَب ُر‬ ُ َ ْ ْ ْ َ ُ ُْ َ ْ ْ َ َ ْ َ َ ُ ُْ ْ َ ْ َ

You might also like